Posts

Sukses anak-anakku dalam UN SMA/MA/SMK

Image
Alhamdulillah... Para alumnus SMP Negeri 1 Gabus masih bertahan menjaga kelestarian budaya "Sowan" sebelum melaksanakan Ujian Nasional di SMA, MA dan SMK. Menjelang Ujian Nasional SMA/MA/SMK Tahun 2016, para alumnus SMP Negeri 1 Gabus datang (Sowan) di SMP Negeri 1 Gabus. Kedatangan mereka bertujuan mohon doa restu pada keluarga besar SMP Negeri 1 Gabus. Sesaat setelah mereka sampai di SMP Negeri 1 Gabus, mereka berkumpul di Pendopo, duduk bersila, kemudian salah satu guru PAI (Saifullah, S.Ag.) memimpin doa bersama memohon pada Allah SWT. agar slalu diberi sehat dan kesuksesan, khususnya sukses dalam Ujian Nasional 2016. Kekhusukan dalam suasana hening terlihat disaat mereka menundukan kepala seraya memohon anugrah, bimbingan dan petunjuk Allah SWT. Ritual doa bersama tlah berakhir, para alumnus secara bergantian bersalam-salaman dengan para guru dan tenaga kependidikan untuk memohon restu agar sukses dalam Ujian Nasinal 2016. Tiga tahun waktu berjalan cepat, ternyata anak-

Wacana Jawa "Pitutur Luhur"

Image
?pitutu/luau/. :1:?ffimurifHikuwji[bBkufusinau. :2:?ffiput]aikuwji[bBkufubekTim]i=[w=otuw. ;3:?ffiw/gaikuwji[bBkufuze/tim]i=ttk]m. ;4;?ffitithaikuwji[bBzwulmr= gusTi. :5:?[ynFfi[w=opinTe/,ajsene=minte/ri. ;6;?ajwefik[zlLn\jl/rnHuripHi=[fovp[vCnH[zl\, ;7;?s}gepMcaikuppnPzshai=piki/rn\, ;8;?wnizlhluau/weks[nN. Coba tulisen latine ing kothak iki !!! Klik kothak " Buka " kanggo nyocoke piye benere. Tulisan latine: Pitutur Luhur. 1. Dadi murid iku wajibe kudu sinau. 2. Dadi putra iku wajibe kudu bekti mring wong tuwa. 3. Dadi warga iku wajibe kudu ngerti mring tata krama. 4. Dadi titah iku wajibe ngawula marang Gusti. 5. Yen dadi wong pinter, aja seneng minteri. 6. Aja wedi kangelan, jalaran urip ing donya pancen angel. 7. Sregep maca iku papan angasah ing pikiran. 8. Wani ngalah luhur wekasane.

Okulasi JERUK PECEL (Wacan Prosedur)

Image
 Saperangan gedhe woh-wohan  kalebu jeruk pecel bisa ditangkarake kanthi cara vegetatif. Vegetatif tegese mbabarake tanduran kanthi nyempal perangane tanduran urip, upamane cangkok, stek, okulasi lan liya-liyane. Dene yen nangkarake nggunakake wiji (isi)  diarani generatif. Okulasi satemene luwih gambang lan anggone nindakake pakaryan bisa lumintu, tur gunggunge wohe akeh. Sadurunge nindakake okulasi luwih dhisik kudu ana wit sing arep diokulasi (zailing /wit bagian ngisor). Zailing ditandur ing gulutan ambane 1-1,5 meter, dawane 10 meter mujur ngalor ngidul.  Isi jeruk kanggo zailing sadurunge ditandur dicelupake ing pestisida sing dilarutake supaya ora kaganggu ama. Sawise umur 21-30 dina isi jeruk wis thukul, banjur diiyup-iyupi nam-naman blarak. Tanduran perlu disemprot nganggo pestisida sepisan utawa kaping pindho seminggune lan dirabuk sacukupe. Seminggu sadurunge zailing diokulasi, tanduran kudu dilebi lan dirabuk supaya kulite gampang nglothok lan gampang anggone nemplek (okula

Spesial Klepon Abad 21 Mlebet Hotel Bintang Lima

Image
Ing jaman modern samenika jajanan tradisional asring kagiles dening tetedhan “cepat saji”, ingkang kandhutan bahanipun kepara damel bebaya kanggenipun badan. Klepon kalebet satunggaling tetedhan tradisional. Klepon awujud jajanan bunder-bunder alit kirang langkung sajempol, warninipun ijem sepuh lan ing lebetipun dipuniseni gendhis abrit (Jawi). Ingkang limrahipun mawi kawadhahan sudhi. Caranipun damel klepon ugi gampil sanget. Bahan-bahannipun ingkang limrah kadosta: (1) glepung wos ketan, (2) glepung jagung, (3) glepung wos biasa, (4) gendhis abrit (jawi), (5) sarem, (6) parudan klapa, (7) ron pandhan lan apu. Caranipun damel ingkang sapisan: glepung-glepung wau sadaya dipundadosaken satunggal, lajeng dipunsukani toya ingkang warni ijem (toya pandan ingkang sampun apu sakedhik supados warnipun saged ijem). Adonan wau lajeng dipunwangun bunder-bunder alit kirang langkung sajempol lan ing lebetipun dipunsukani gendhis abrit sacekapipun. Sasampunipun mekaten lajeng dipungodhog, dipunten

Legenda Dumadine KESANGA

Image
          Sang Raja ing Medang Kamolan sajak katon susah. Sepisan, menggalhake kancane Dora lan Sembada sing mati sampyuh amarga rebutan bener. Kapindho, menggalih ake katentreman lan kaslametane kawula Medang Kamolan saka ancamane baya putih. Katelune, wewayangane si Rara Cangkek tansah manjing jroning pangimpene, nanging mokal bisa ketemu amarga wis ora ngerti dhodhok selehe. Yen si ula raseksa wis ora dipenggalih, paling ya wis mati ana njero lemah utawa mati kalah mungsuh baya putih sing sakti.           Nanging ora kanyana-nyana babar pisan lagi wae anggone ngudarasa kahanan ing Medang Kamolan , ujug-ujug dikagetake tekane ula raseksa sing wis ana ing ngarepe Sang Aji Saka tanpa dingreteni dening prajurit karo njengongokake endhase pratandha atur kurmat marang Sang Aji Saka.        “Nuwun sewu Bapa! Kula kapeksa telat saha mboten ngaturi priksa langkung rumiyin”.           “Ora dadi ngapa, entuk asil apa ora pakaryan sing Dakdhawuhake kok nganti suwe temen?”.           “Pangestuni

Legenda BLEDUG KUWU

Image
      Ing sakiwa tengene omahe Kaki Grenteng langit katon padhang sumilak, hawane seger. Manuk-manuk padha ngoceh sesautan. Kahanan sing maune kagubel dening rasa kaweden, saiki wis owah dadi tentrem sapungkure tekane Aji Saka. Pitik jago sing maune dikurungi cedhak karo lumbung pari, anehe isa ngendhog kaya pitik babon. Nanging wujud endhoge aneh, rada bunder tur luwih gedhe katandhingake karo endhog pitik lumrah. Sabanjure endhog mau didhelikake dening Rara Cangkek ana sangisore tumpukan pari ing lumbunge. Yen katandhingake karo pitik kampong lumrahe, mesthine endhog mau wis wayah netes, amarga wektune wis 21 dina luwih. Ewasemono durung ana tandha-tandha endhog mau arep netes apa bosok katindhihan tumpukan pari. Mung anehe pari sing bola-bali dijupuk kanggo kabutuhan mangan saben dinane sajak ora katon suda utawa kalong. Suwe-suwe Nyai Grenteng duwe rasa cubriya banjur njaluk tulung marang Kaki Grenteng supaya mbongkar tumpukan pari sing ana lumbung. Rikala pari sing ana ing lumbung

Cangkriman lan Macapat Pocung

Image
Sekar Pocung Laras Slendro (Cangkriman) 6        6          5       3     1       1       1       2       6       6       5       3 Ba    pak      pu    cung   la      ir      e       ti     ni     tah    bi      su, 1       2      6       3       2       1 la   mun    ri      na     ket    an, 1       2       1       3     2       1       2       1          6 pi    nar   su   di   den   te      men         i, 6      1      2      3      2      2      1      6      3      5      3      5 mung sa    ra     na       pi   nan   deng wruh  ba    sa    ni      ra. CANGKRIMAN Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang. Dene werna-wernaning cangkriman yaiku: cangkriman wancahan, cangkriman pepindhan, lan cangkriman kang awujud tembang. a. Cangkriman Wancahan , tuladhane : Burnas kopen = bubur panas kokopen Wiwa, wite, lesba dhonge, karwa pake = uwi dawa wite, tales amba godhonge,        cikar dawa tipake Bot ginawa entheng, theng ginawa abot = Klobot ginawa entheng, gentheng        ginawa

Macapat MASKUMAMBANG

Image
Sekar Maskumambang Laras Pelog Pathet Lima 5       6     1        1       1      1       1       1       1 ‘      2         3       1       6      5 Pra     mi          la      ne   ra      ma     i        bu     den    bek    te              ni, 1      2        3       3      3       2       1       2     ki         nar     ya     lan     tar          an 6       5         5       5         6       1       2     6       5        32       1 a    na    ne     ba   dan       i           re            ki, 1       2       3          1   ‘      2       3       2       3       5 wi       ne         ruh     ken    pa    dang    ha        wa. Cakepan sanesipun: 2. Uripira pinter samubarang kardi,     saking ibu rama,     ing batin saking Hyang Widhi,     mulane wajib sinembah. 3. Aja nggresah yen  nuju kataman kaki,     wit iku kinarya,     coba pangosahing diri,     saka keparenging suksma. Tembung Jawa = kata Indonesia pramila  = maka               rama  ibu     = bapak ibu bekti       =

Pujangga Jaman Surakarta awal

Image
Pujangga yaiku para winasis sing nduweni kaluwihan babagan nyerat utawa nganggit serat-serat, tembang utawa anggitan susastra liyane. Kaurutake manut kronologi wektu, pujangga-pujangga kondhang ing jaman Surakarta, yaiku  Sri Pakubuwana IV, Yasadipura I, Yasadipura II, Yasadipura III, Yasadipura IV lan KGPAA Mangkunagara IV. Sri Pakubuwana IV jumeneng nata ing Surakarta nalika tanggal 29 September 1788, utawa nalika yuswane ngancik 20 taun 27 dina. Serat serat piwulang anggitane Sri pakubuwana IV yaiku Serat Wulang Sunu, Wulang Dalem, Serat Brata Sunu, Serat Wulang Tatakrama  lan Serat Wulang Putri. Nem  serat anggitane Sri Pakubuwana IV adhapur tembang macapat. Yasadipura I lan II , madeg dadi Pujangga kraton Surakarta nalika paprentahane Sri Pakubuwana III lan IV. Ing kene Yasadipura I lan II didadekake siji, amerga akeh para ahli sing kangelan nitik asile kasusastran anggitane pujangga loro kasebut. Mula sok sering disebut Kyai Yasadipura wae tanpa I, II. Serat-serat anggitan sing

Crita Asal-usule Desa Gabus

Image
Ing jaman biyen,wonten peperangan antara kadipaten Carangsoko kaliyan kadipaten Paranggaruda,nalika wau wonten salah sijining pasukan kang ngelak lan ajeng nyuwun ngaso.Sakwetara rombongan mlaku marak ngidul, kira-kira nembe pirang langkah pengiring mau weteng kerasa ngelih sebagian podo nyuwun leren sarapan, sebagian usul neruske melaku. Rombongan ngadudon kuwi mau pimpinane ngucap ngene.” yen leren sarapan iki wayahe  wes nanggung ya, ngko mundak kewengen maneh”. Pemimpin mau ambegan turu nyabda huuu…” saksekno ya dulur-dulurku kabeh ojo do padudon wayahe iki wes nanggung dadi sak reja-rejane jaman desa iki kacelok desa penanggungan. Rombongan tambah akih, melaku ngidul dugi  prapatan.Kabeh podo bingung arah sing di lewati kudu ngendi, ngulon, ngetan opo ngidul.Opo meneh wayahe srengengene mletek awan. Gandeng do bingung lan kesel, rombongan leren amarga ing sebelah kulon akih wit sing kaya wit turi,adem dadekna tambah ngantuk. Kabeh leyeh-leyeh ing ngisor wit turi. Kanggo ninggal ti

Subscribe Us