Posts

Showing posts with the label Wayang

Prabu RAHWANA utawa DASAMUKA

Image
Prabu RAHWANA utawa DASAMUKA Prabu Rahwana kagungan garwa aran Dewi Tari, yaiku Widodari saka Suralaya kaprenah adhine Dewi Tara. Dewi tara iku garwane Resi Subali, mulane Rahwana yen ngundang kakang marang Resi Subali.  Nalika Dewi Tari nggarbini, Prabu Rahwana kawektu tembunge mangkene, Manawa Dewi tari ya garwane mau nglairake jabang bayi wadon, bakal dipek bojo dening Rahwana dhewe. Bab iki gawe dukane para dewa, awit kang mangkono iku nandhakake yen Rahwana kebangeten anggone ugal-ugalan, kumalungkung rumagsa duwe panguwasa sing ngluwihi para dewa, banjur gawe pranatan sing ora lumrah. Nalika Dewi Tari ndungkap nglairake jabang bayi, para dewa wis pirsa yen anake Rahwana mau bakal lair wadon temenan, mula sadurunge Rahwana weruh wujude si jabang bayi, Bathara Narada tumurun mring Ngalengka saperlu ngijoli jabang bayi kang nembe lair wadon mau karo jabang bayi sing lanang. Bathara Narada banjur nyipta mega (mendhung) ing ngawang-awang dadi jabang bayi lanang. Tekan ing Ngalengka an

Werna-wernane WAYANG

Image
Wayang kuwi bisa digawe saka: lulang utawa kulit kewan kayu tetuwuhan suket mori kerdhus utawa kertas logam Awewaton critane, wayang kuwi bisa kapilih dadi pirang-pirang warna kayata: Wayang Rama , critane njupuk saka buku Ramayana ing wektu saiki digolon   Wayang purwa utawa wayang kulit. Wayang Purwa , critane saka purwa-purwa perangane buku Mahabarata ing bab   Pandhawa lan kurawa. Wayang Madya , critane saka Parikesit tekan Jayabaya. Wayang Gedhog (kedhok = topeng), critane saka layang Panji. Wayang Klithik (Wayang Krucil) nyritakake lakon jaman Pajajaran tekan Majapahit,   Prabu Brawijaya pungkasan. Sing kondhang lakon Damarwulan-Minakjingga. Wayang Dupara , critane saka laying babad, kayata : Jaka Tingkir, Jaka Tarub,   Bab. Wad Pajang lsp. Wayang Menak , critane saka tanah Arab. Wayang Suluh , critane warna-warna kanggo aweh sesuluh. Wayang Kancil , critane saka dongeng kancil. Wayang Golek , aslie saka Jawa  Kulon (Jawa Barat), nyritakake lakon ing   Mahabarata utawa lelakon

Wayang lan Dhalang

Image
Pawayangan Wayang, Dhalang, BlĂ©ncĂłng, KĂȘlĂ­r lan GĂȘdĂȘbĂłg ora bisĂ„ dipisah-pisahakĂ© Ă„nĂ„ ing pagĂȘlaran wayang. WĂȘwatĂłn sĂȘrat Sastra GĂȘndhĂ­ng blĂȘgĂȘrĂ© pancĂšn lima. NangĂ­ng mĂȘnĂ„wĂ„ mĂȘthĂ­k sĂ„kĂ„ kakawĂ­n Sumanasantaka limang bab mau kĂȘtambahan ananĂ© tabuh-tabuhan utĂ„wĂ„ gamĂȘlan manĂșt gĂȘndhĂ­ng-gĂȘndhĂ­ng sĂ­ng bisĂ„ alĂłn, cĂȘpĂȘt, ngrangĂ­n utĂ„wĂ„ sora. Iku durĂșng ananĂ© pradĂ„nggĂ„, wirĂ„swĂ„rĂ„, swĂ„rĂ„wati utĂ„wĂ„ pĂȘsindhĂšn. SabanjurĂ© wayang utĂ„wĂ„ ringgĂ­t wujudĂ© barang sĂ­ng dirĂ©kĂ„ kĂ„yĂ„ “bonĂ©ka” sĂ­ng nduwĂšni ciri khas. Wayang digawĂ© sĂ„kĂ„ kulĂ­t utĂ„wĂ„ kayu sĂ­ng ditatah, diukĂ­r disunggĂ­ng dadi pĂȘpĂȘthan utĂ„wĂ„ gĂȘganthanĂ­ng manungsĂ„. JinisĂ© wayang akĂšh bangĂȘt kayĂ„tĂ„: wayang kulĂ­t pĂșrwĂ„ wayang golĂšk wayang mĂ©nak wayang gĂȘdhĂłg wayang klithĂ­k wayang krucĂ­l wayang bĂšbĂšr wayang dupara wayang sulĂșh wayang wĂłng, lan liya-liyane. AmargĂ„ Ă„nĂ„ krĂ©asi lan aprĂ©siasi wayang-wayang mau ngalami owah-owahan, Ă„nĂ„ sĂ­ng ilang lan Ă„nĂ„ sĂ­ng lĂȘstari tĂȘkan saiki. Wayang mliginĂ© wayang kulĂ­t tinĂȘmu sĂ„yĂ„ apĂ­k, Ă©ndah lan

WAYANG KULIT

Image
Wayang kulit   yaiku wayang kang digawe saka kulit kewan, nanging ora sembarang kulit kewan bisa digawe wayang. Lumrahe kulit sing bisa digawe wayang yaiku kulit (lulang) sapi, kebo, lan wedhus sing pinilih. Wayang kulit   mujudake seni tradhisional Indonesia kang ngrembaka mligine ing tanah Jawa. Wayang asale saka tembung ' Ma Hyang ' kang tegese tumuju marang roh spiritual, dewa, utawa Gusti Kang Maha Tunggal. Ana uga kang negesi wayang kuwi ayang-ayang utawa (bayangan=Ind.) , jalaran sing nonton uga bisa nonton wayang saka mburi kelir utawa mung ayang-ayange wae. Tontonan wayang kulit iki kajaba kanggo nglestarekake kabudayan kang adiluhung uga kanggo menehi pitutur marang wong-wong kang dhemen (seneng) kabudayan wayang kulit. Paraga kang nglakokake wayang diarani dhalang kang uga dadi narator dhialog tokoh-tokoh wayang, kanthi diiringi gamelan kang ditabuh dening nayaga lan tembang yang ditembangake para pesindhen. Dhalang nglakokake wayang kulit ana ing sawalike kelir , y

Asal-usule Wayang Kulit

Image
Ngenani asal usule wayang kulit, ing jagad iki ana rong panemu. Sepisan , ana panggraita wayang asale lan laire ing Pulo Jawa, ngener ing Jawa Timur. Panemu iki saliyane dienut lan dijlentrehake dening para peneliti lan ahli-ahli bangsa Indonesia, uga mujudake asil panaliten sarjana-sarjana Manca. Ing antarane para sarjana Manca kang kalebu ing kelompok iki, yaiku Hazeau, Brandes, Kats, Rentse, lan Kruyt. Manut dheweke alasane cukup kuwat, awit seni wayang isih ana gandheng-cenenge karo kahanan sosiokultural lan religi bangsa Indonesia, mligine wong Jawa. Punakawan, tokoh paling penting ing pewayangan, yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong, mug ana ing pewayangan Indonesia, lan ora ana ing Negara liya. Saliyane iku, jeneng lan istilah teknis pewayangan, kabeh asale saka basa Jawa (Kuna), lan dudu bahasa liyane.  Ewodene, panemu kang angka loro , duwe panemu yen wayang kulit asale saka India, kang digawa bareng karo agama Hindu menyang Indonesia. Dheweke ikuPischel, Hiddin

Wayang Ramayana

Image
Pawayangan Ramayana mujudake epik, karya sastra Hindu paling tuwa ing India, nyritakake lelakone Sri Rama lan Dewi Sinta sarta perang tandhing antarane Sri Rama lumawan Rahwana (Prabu Dasamuka) kang dimenangake dening Sri Rama. Rerangken crita karakit kanthi endah nengsemake. Sawijining wiracarita dawa, 24.000 sloka (gurit) dumadi saka 7 bageyan kang sinebut kandha yaiku: Ayodhya Kandha sing isine nyaritakake kalairane para putra Ayodhya (Rama). Bala Kandha nyaritakake para putra Ayodhya nalika isih cilik lan pendhidhikane. Aranya Kandha nyaritakake lelakone Sang Rama lan Laksamana jroning ngamanake para Resi saka gangguan para raseksa. Kiskendha Kandha isinenyaritakake kerajaan kethek ing Guwa Kiskendha lan pambiyantune Sang Rama marang Sugriwa kanggo merjaya marang Subali. Pungkasane crita Sugriwa dadi abdine Sang Rama. Sundara Kandha nyaritakake pambangunane kreteg Situbanda tumuju negara Alengka kanthi ngerigake bala kethek. Yudha Kandha nyaritakake paprangan

Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa

Image
Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru. Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan sawa

Wayang RAMAYANA

Image
Ramayana mujudake epik, karya sastra Hindu paling tuwa ing India, nyritakake lelakone Sri Rama lan Dewi Sinta sarta perang tandhing antarane Sri Rama lumawan Rahwana (Prabu Dasamuka) kang dimenangake dening Sri Rama. Rerangken crita karajut kanthi endah nengsemake. Sawijining wiracarita dawa, 24.000 sloka (gurit) dumadi saka 7 bageyan kang sinebut kandha yaiku; Ayodhya Kandha sing isine nyaritakake kalairane para putra Ayodhya (Rama). Bala Kandha nyaritakake para putra Ayodhya nalika isih cilik lan pendhidhikane. Aranya Kandha nyaritakake lelakone Sang Rama lan Laksamana jroning ngamanake para Resi saka gangguan para raseksa. Kiskendha Kandha isinenyaritakake kerajaan kethek ing Guwa Kiskendha lan pambiyantune Sang Rama marang Sugriwa kanggo merjaya marang Subali. Pungkasane crita Sugriwa dadi abdine Sang Rama. Sundara Kandha nyaritakake pambangunane kreteg Situbanda tumuju negara Alengka kanthi ngerigake bala kethek. Yudha Kandha nyaritakake paprangan antarane Sang Rama lumawan Rahwan

Resi Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa

Image
Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru. Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra saru

Wayang lan Dhalang

Image
Wayang, Dhalang, BlĂ©ncĂłng, KĂȘlĂ­r lan GĂȘdĂȘbĂłg ora bisĂ„ dipisah-pisahakĂ© Ă„nĂ„ ing pagĂȘlaran wayang. WĂȘwatĂłn sĂȘrat Sastra GĂȘndhĂ­ng blĂȘgĂȘrĂ© pancĂšn lima. NangĂ­ng mĂȘnĂ„wĂ„ mĂȘthĂ­k sĂ„kĂ„ kakawĂ­n Sumanasantaka limang bab mau kĂȘtambahan ananĂ© tabuh-tabuhan utĂ„wĂ„ gamĂȘlan manĂșt gĂȘndhĂ­ng-gĂȘndhĂ­ng sĂ­ng bisĂ„ alĂłn, cĂȘpĂȘt, ngrangĂ­n utĂ„wĂ„ sora. Iku durĂșng ananĂ© pradĂ„nggĂ„, wirĂ„swĂ„rĂ„, swĂ„rĂ„wati utĂ„wĂ„ pĂȘsindhĂšn. SabanjurĂ© wayang utĂ„wĂ„ ringgĂ­t wujudĂ© barang sĂ­ng dirĂ©kĂ„ kĂ„yĂ„ “bonĂ©ka” sĂ­ng nduwĂšni ciri khas. Wayang digawĂ© sĂ„kĂ„ kulĂ­t utĂ„wĂ„ kayu sĂ­ng ditatah, diukĂ­r disunggĂ­ng dadi pĂȘpĂȘthan utĂ„wĂ„ gĂȘganthanĂ­ng manungsĂ„. JinisĂ© wayang akĂšh bangĂȘt kayĂ„tĂ„: - wayang kulĂ­t pĂșrwĂ„, - golĂšk, - mĂ©nak, - gĂȘdhĂłg, - klithĂ­k, - krucĂ­l, - bĂšbĂšr, - dupara, - sulĂșh, - wayang wĂłng lan liyĂ„-liyanĂ©. AmargĂ„ Ă„nĂ„ krĂ©asi lan aprĂ©siasi wayang-wayang mau ngalami owah-owahan, Ă„nĂ„ sĂ­ng ilang lan Ă„nĂ„ sĂ­ng lĂȘstari tĂȘkan saiki. Wayang mliginĂ© wayang kulĂ­t tinĂȘmu sĂ„yĂ„ apĂ­k, Ă©ndah lan Ăšdi. Lumakuning wayang Ă„nĂ„ ing pa

Subscribe Us