Posts

Showing posts with the label Kasusastran Jawa

Pujangga Jaman Surakarta awal

Image
Pujangga yaiku para winasis sing nduweni kaluwihan babagan nyerat utawa nganggit serat-serat, tembang utawa anggitan susastra liyane. Kaurutake manut kronologi wektu, pujangga-pujangga kondhang ing jaman Surakarta, yaiku  Sri Pakubuwana IV, Yasadipura I, Yasadipura II, Yasadipura III, Yasadipura IV lan KGPAA Mangkunagara IV. Sri Pakubuwana IV jumeneng nata ing Surakarta nalika tanggal 29 September 1788, utawa nalika yuswane ngancik 20 taun 27 dina. Serat serat piwulang anggitane Sri pakubuwana IV yaiku Serat Wulang Sunu, Wulang Dalem, Serat Brata Sunu, Serat Wulang Tatakrama  lan Serat Wulang Putri. Nem  serat anggitane Sri Pakubuwana IV adhapur tembang macapat. Yasadipura I lan II , madeg dadi Pujangga kraton Surakarta nalika paprentahane Sri Pakubuwana III lan IV. Ing kene Yasadipura I lan II didadekake siji, amerga akeh para ahli sing kangelan nitik asile kasusastran anggitane pujangga loro kasebut. Mula sok sering disebut Kyai Yasadipura wae tanpa I, II. Serat-serat anggitan sing

Subscribe Us