Posts

Showing posts with the label Kawruh Basa

Pepindhan

Image
Pepindhan Pepindhan tegese: unen-unen kang ngemu surasa irib-iriban, lumrahe migunakake tembung kaya, lir, kadya, pindha, kadi, kadya. A Abange Kaya godhong katirah Abang kumpul padha abang kaya alas kobong Abote kaya watu Adheme kaya es Agunge kaya samodra rob Akehe pappati kaya babadan pacing Akehe pepati kaya sulung lumebu geni Akehe lelara kaya kena pagebluk Alli-aline nggunung sapikul Aluse kaya sutra Antenge kaya temanten ditemokke Antepe kaya wesi Anyepe kaya debog Asine kaya uyah Atose kaya wesi Ayune kaya dewi ratih B Baguse kaya Bathara Kamajaya Bangone awangun gedhang salirang Bantere kaya Angin Bebadane kaya ngadhai melet Bedane kaya bumi karo langit Begjane kaya nemu emas sakebo Begjane kaya nemu cempaka sawakul Brengose nglaler mencok Brengose nguler keket Bungahe kaya ketiban ndaru C Cahyane binger kaya Lintang johar Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan Cep klekep kaya orong-orong kepidak Cethile kaya cina craki Cumlorot kaya

Kawruh Basa PURWAKANTHI

Image
Purwa tegese wiwitan , kanthi tegese gandheng . Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine. Tuladha : Kudu juj ur yen kowe kepingin makm ur . Ana din a ana up a , ana aw an ana pang an. K a l a k u l a k e l as k a l ih, k a l ung k u l a k o l ang- k a l ing k e l i ing k a l en k i l en k u l a. Pak Kreta , nunggang kreta mudhun kreteg Kreta sana. Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara “ur”. Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”. Ing ukara nomer telu lan papat sing runtut aksarane (tulisane) utawa sastrane. (ka lan la ) Purwakanthi ana werna telu yaiku : Purwakanthi guru swara , yaiku purwakanthi kang runtut swarane. Purwakanthi guru sastra , yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane. Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa, yaiku purwakanthi sing tembun

Kawruh Basa SANDIASMA

Image
  Coba gatekna wanda wiwitan saben gatra ing tembang Dhandhanggula iki! Ra rasing kang sekar sarkara mrih, Den aksama dening kang sudyarsa, Nga wikani wengkuning reh, Be raweng para ratu, I langa kang sesangker sarik, Rong as westhining angga, Ga gating tyas antuk War taningkang parotama, Si nung tengran sembah trus sukaning budi, Ta taning kang carita. (Serat Witaradya, R. Ng. Ranggawarsita) Ing saben wiwitaning gatra sing dicithak kandel yen diwaca urut mengisor, bakal ndhapuk sawijining jeneng, sapa jeneng mau? Raden Ngabei Ranggawarsita , yen katulis aksara Jawa pancen iya kudu: Raden Ngabei Ronggawarsita ! Sandiasma yaiku asma utawa jeneng sing didhelikake utawa disandhi. Ing kasusatran jaman kuna akeh banget sing migunakake sandiasma. Amerga pancen buku ing jaman semana ora kaya jaman saiki. Buku-buku mau katulis tangan utawa diarani: manuskrip . Ora ditulis asmane pujangga sing nulis utawa nganggit, amerga ora ana lembaran khusus kanggo “ cov

Kawruh Basa TEMBUNG ENTAR

Image
Tembung entar yakuwi tembung-tembung sing duwe teges ora sakbenere utawa sakmesthine (makna kias/konotatif =Indonesia). Tuladhane : abang-abang lambe : ora temenan utawa mung lelamisan.  adol bagus, adol ayu : mamerake baguse, mamerake ayune.  adus kringet : nyambut gawe abot, mempeng  ala jenenge : ora dipercaya awong liya  alus tembunge : omongane kepenak dirungokake  atine ana wulune : duwe kekarepan ala, drengki srei  bau suku : tenaga, abdi  mbukak wadi : ngandhakake wewadine/rahasiane  mbuwang tilas : nutupi tumindake sing ala  cagak elek : srana supaya betah melek  cagak urip : srana kanggo nyukupi kebutuhane urip  cepak rejekine : gampang golek rejeki  cilik atine : sumelang, kuwatir  cupet nalare : ora bisa mikir  dadi gawe : ngrepotake wong liya  dawa tangane : seneng colong jupuk  ndhedher kabecikan : tumindak becik  dhuwur pangkate : dadi panguwasa  enetk atine : keweden, kuwatir banget  entheng tangane : seneng milara, cen

Urutane SESORAH utawa Pidato Basa Jawa

Image
Urutane Sesorah utawa Pidhato 1.   Salam Pambuka Salam pambuka punika limrahipun saged dipun jumbuhaken kaliyan kawontenan, tuladhanipun kadosta : ·       Nuwun kula nuwun... ·       Sugeng rawuh, sugeng lenggah kanthi eca sakeca ·       Sugeng dalu, sugeng siang, sugeng sonten ·       Assalamu’alaikum Wr. Wb,, lsp. 2.   Atur Pakurmatan Atur Pakurmatan punika katujokaken dhumateng sinten kemawon ingkang rawuh ing acara kasebut. Biasanipun saking ingkang pangkatipun inggil lajeng mengandhap, utawi ingkang sepuh dhumateng ingkang enem. Malah kepara kangge pakurmatan mbok bilih ingkang ngendika punika piyantun jaler, ingkang kasebut rumiyen wonten pakurmatan punika piyantun estri utawi sawangsulipun. Kangge nyebat jabatan menawi mboten kanthi namanipun mboten kedah nyebat Bapak/Ibu, cekap dipun sebat jabatanipun  kemawon. Tuladhanipun atur pakurmatan inggih punika : Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bapak Sutrisna  minangka Camat Pati sekaliyan Ibu. Ingkang ki

Subscribe Us