Urutane SESORAH utawa Pidato Basa Jawa


Urutane Sesorah utawa Pidhato

1.  Salam Pambuka
Salam pambuka punika limrahipun saged dipun jumbuhaken kaliyan kawontenan, tuladhanipun kadosta :
·      Nuwun kula nuwun...
·      Sugeng rawuh, sugeng lenggah kanthi eca sakeca
·      Sugeng dalu, sugeng siang, sugeng sonten
·      Assalamu’alaikum Wr. Wb,, lsp.
2.  Atur Pakurmatan
Atur Pakurmatan punika katujokaken dhumateng sinten kemawon ingkang rawuh ing acara kasebut. Biasanipun saking ingkang pangkatipun inggil lajeng mengandhap, utawi ingkang sepuh dhumateng ingkang enem. Malah kepara kangge pakurmatan mbok bilih ingkang ngendika punika piyantun jaler, ingkang kasebut rumiyen wonten pakurmatan punika piyantun estri utawi sawangsulipun. Kangge nyebat jabatan menawi mboten kanthi namanipun mboten kedah nyebat Bapak/Ibu, cekap dipun sebat jabatanipun  kemawon.
Tuladhanipun atur pakurmatan inggih punika :
  • Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bapak Sutrisna  minangka Camat Pati sekaliyan Ibu.
  • Ingkang kinurmatan lurah Pati Kidul Panjenenganipun Ibu Siti Zubaidah.
  • Ingkang tansah kula ndhereki para alim ulama.
  • Ingkang tansah kula bekteni para sesepuh pinisepuh.
  • Saha para rawuh sedaya ugi ingkang kula  kurmati, lsp.
3.  Atur Puji Syukur
 Atur puji syukur punika tuladanipun kadosta :
·      Sumangga kita  sedaya tansah ngaturaken “Alhamdulillah “ wonten ngresanipun Gusti ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun maringi kanugrahan saha kasarasan sahengga kita sedaya saged makempal / pepanggihan wonten ing adicara ...... kanthi mboten kirang setunggal punapa.
·      Ingkang sepisan, sumangga Panjenengan sadaya kula dherekaken tumungkul mangesti tunggal wonten sahandap pepadhangipun Allah SWT, ngaturaken puji syukur “Alhamdulillah “ , awit kita sampun kepareng kempal manunggal ing papan punika kanthi winantu ing karaharjan, kebagyan tuwin kabagsawarasan, lsp

4.  Surasa/ Isi
Surasa punika gegayutan kaliyan sedaya perkawis ingkang dados undheranipun (pokok) ingkang badhe dipun ngedikakaken jumbuh kaliyan temanipin adicara.
5.  Panutup
1)  Dudutan/ wigatinipun wacana (kesimpulan) inggih punika inti saking isi ingkang sampun dipun wedharaken.
2)  Pangajeng-ajeng, inggih punika pitedah-pitedah saha pangajeng-ajeng ingkang dipun wedharaken dhumateng ingkang midhangetaken.
Tuladhanipun :
Umpami temanipun karesikan lingkungan, pramila pagajeng –anjengipun :
·  Sumangga para rawuh sedaya sabibaripun adicara punika sageda tansah njagi karesikan lingkunganipun piyambak-piyambak, amrih wabah Muntaber mboten tansah kathah, lsp.
3)  Atur nyuwun pangapura, inggih punika gegayutan kaliyan sikep utawi ukara ingkang mboten mranani dhumateng sedaya ingkang rawuh.
Tuladhanipun :
·      Ing wasana kula nyuwun agunging pangaksami mbokbilih wonten klenta – klentunipun tutur utawi kiranging trapsila  wonten ngarsa panjenengan sami, kula nyuwun pangaputen.
·      Wusana mbok bilih wonten kekirangan ingkang mboten nuju prana, kirang runtut pangrakiting ukara, tuwin kirang wijang wijiling wacana kula nyuwun samudra pangaksami.
6.  Salam Panutup
Salam panutup punika limrahipun saged dipun jumbuhaken kaliyan kawontenan,  tuladhanipun kadosta :
  • Nuwun, matur nuwun
  • Sugeng dalu, sugeng siyang, sugeng sonten
  • Sugeng kondur wonten dalemipun piyambak-piyambak
  • Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Wonten salebeting pidhato, sikep sarira ugi kedhah dipun gatosaken supados saged mranani nggatosaken. Tuladhanipun sikep ingkang kirang mranani kadosta :
  • Jumeneng kanthi lelendhehan papan wicara ;
  • Jumeneng kanthi lelambaran setunggal suku ;
  • Salira ngewah-ewahi (nganeh-anehi) ;
  • Mbesengut ;
  • Asring ngebahaken satunggaling bagiyan sasira ;
  • Nglebetaken asta wonten ing sak clana;
  • Mbonten nggatosaken ingkang midhangetaken;
  • Asring ningali inggil, lsp.

Comments

Subscribe Us