Kawruh Basa SANDIASMA

 

Coba gatekna wanda wiwitan saben gatra ing tembang Dhandhanggula iki!

Rarasing kang sekar sarkara mrih,
Denaksama dening kang sudyarsa,
Ngawikani wengkuning reh,
Beraweng para ratu,
Ilanga kang sesangker sarik,
Rongas westhining angga,
Gagating tyas antuk
Wartaningkang parotama,
Sinung tengran sembah trus sukaning budi,
Tataning kang carita.
(Serat Witaradya, R. Ng. Ranggawarsita)

Ing saben wiwitaning gatra sing dicithak kandel yen diwaca urut mengisor, bakal ndhapuk sawijining jeneng, sapa jeneng mau? Raden Ngabei Ranggawarsita, yen katulis aksara Jawa pancen iya kudu: Raden Ngabei Ronggawarsita!
Sandiasma yaiku asma utawa jeneng sing didhelikake utawa disandhi. Ing kasusatran jaman kuna akeh banget sing migunakake sandiasma. Amerga pancen buku ing jaman semana ora kaya jaman saiki. Buku-buku mau katulis tangan utawa diarani: manuskrip. Ora ditulis asmane pujangga sing nulis utawa nganggit, amerga ora ana lembaran khusus kanggo “cover” kaya jaman saiki.
Mula yen sing maca kepengin ngerti sapa sing nulis serat mau kudu setiti lan mangerteni aturan-aturan panulise sandiasma. Pujangga sing sepisanan nggawe sandiasma iya R. Ng. Ranggawarsita. Ora ana aturan sing gumathok kanggo nulis sandiasma. Mung bae Ranggawarsita nulisake sandiasma ing serat-serat karangane. Sing paling akeh ana sandiasmane yaiku ing serat: Ajipamasa. Ing serat iki ana sandiasma sing ditulis ing: wiwitaning pupuh, wiwitaning gatra saben pada, wiwitaning pada saben pupuh. Uga ana sing katulis ing pedhotane gatra.

Comments

Subscribe Us