Pujangga Jaman Surakarta awal

Pujangga yaiku para winasis sing nduweni kaluwihan babagan nyerat utawa nganggit serat-serat, tembang utawa anggitan susastra liyane.
Kaurutake manut kronologi wektu, pujangga-pujangga kondhang ing jaman Surakarta, yaiku  Sri Pakubuwana IV, Yasadipura I, Yasadipura II, Yasadipura III, Yasadipura IV lan KGPAA Mangkunagara IV.
  1. Sri Pakubuwana IV jumeneng nata ing Surakarta nalika tanggal 29 September 1788, utawa nalika yuswane ngancik 20 taun 27 dina. Serat serat piwulang anggitane Sri pakubuwana IV yaiku Serat Wulang Sunu, Wulang Dalem, Serat Brata Sunu, Serat Wulang Tatakrama  lan Serat Wulang Putri. Nem  serat anggitane Sri Pakubuwana IV adhapur tembang macapat.
  2. Yasadipura I lan II, madeg dadi Pujangga kraton Surakarta nalika paprentahane Sri Pakubuwana III lan IV. Ing kene Yasadipura I lan II didadekake siji, amerga akeh para ahli sing kangelan nitik asile kasusastran anggitane pujangga loro kasebut. Mula sok sering disebut Kyai Yasadipura wae tanpa I, II. Serat-serat anggitan sing akeh mujudake jarwan (terjemahan, Ind.). Tegese njarwakake utawa nerjemahake saka serat serat sepuh jaman Kakawin. Sing paling kondhang serat Jarwan nganti seprene dadi babon/pathokan crita Ramayana lan Mahabarata, yaiku:
  3. Yasadipura III, utawa sering kasebut Kyai Pajangswara, tegese asli ketrunane Sultan Pajang/Sultan Hadiwijoyo. Amerga ora “ProWalanda” panjenengane banjur disingkirake saka kraton. Pujangga sing gelare Ranggawarsita II iki ora dingerteni apa asile kasusastran.
  4. Yasadipura IV, utawa Ranggawarsita III, asring kasebut R.Ng. Ranggawarsita. Pujangga siji iki paling kondhang minangka pujangga pungkasan. Asil karyane kondhang nganti tekan Leiden Walanda. Asil karyane akeh banget, kaya ta: Sapta dharma, Serat Aji Pamasa, Serat Candrarini, Serat Cemporet, Serat Jaka Lodang, Serat Jayengbaya, Serat Kalatidha, Serat Panitisastra, Serat Pandji Jayeng Tilam, Serat Paramasastra, Serat Paramayoga, Serat Pawarsakan, Serat Pustaka Raja, Suluk Saloka Jiwa, Serat Wedaraga, Serat Witaradya, Sri Kresna Barata, Wirid Hidayat Jati, Wirid Ma'lumat Jati, Serat Sabda Jati. Mung sing perlu dimangerteni loro wae, yaiku:
  5. KGPAA Mangkunagara IV, asil kasusastran sing paling kondhang yaiku Serat Wedatama, isine bab carane ngereh (pengendalian) marang awak, hawa nepsu, pikiran.

Comments

Subscribe Us