Wayang lan Dhalang

Wayang, Dhalang, BlĂ©ncĂłng, KĂȘlĂ­r lan GĂȘdĂȘbĂłg ora bisĂ„ dipisah-pisahakĂ© Ă„nĂ„ ing pagĂȘlaran wayang. WĂȘwatĂłn sĂȘrat Sastra GĂȘndhĂ­ng blĂȘgĂȘrĂ© pancĂšn lima. NangĂ­ng mĂȘnĂ„wĂ„ mĂȘthĂ­k sĂ„kĂ„ kakawĂ­n Sumanasantaka limang bab mau kĂȘtambahan ananĂ© tabuh-tabuhan utĂ„wĂ„ gamĂȘlan manĂșt gĂȘndhĂ­ng-gĂȘndhĂ­ng sĂ­ng bisĂ„ alĂłn, cĂȘpĂȘt, ngrangĂ­n utĂ„wĂ„ sora. Iku durĂșng ananĂ© pradĂ„nggĂ„, wirĂ„swĂ„rĂ„, swĂ„rĂ„wati utĂ„wĂ„ pĂȘsindhĂšn. SabanjurĂ© wayang utĂ„wĂ„ ringgĂ­t wujudĂ© barang sĂ­ng dirĂ©kĂ„ kĂ„yĂ„ “bonĂ©ka” sĂ­ng nduwĂšni ciri khas.
Wayang digawĂ© sĂ„kĂ„ kulĂ­t utĂ„wĂ„ kayu sĂ­ng ditatah, diukĂ­r disunggĂ­ng dadi pĂȘpĂȘthan utĂ„wĂ„ gĂȘganthanĂ­ng manungsĂ„.
JinisĂ© wayang akĂšh bangĂȘt kayĂ„tĂ„:
- wayang kulĂ­t pĂșrwĂ„,
- golĂšk,
- ménak,
- gĂȘdhĂłg,
- klithĂ­k,
- krucĂ­l,
- bĂšbĂšr,
- dupara,
- sulĂșh,
- wayang wóng lan liyÄ-liyané.
AmargĂ„ Ă„nĂ„ krĂ©asi lan aprĂ©siasi wayang-wayang mau ngalami owah-owahan, Ă„nĂ„ sĂ­ng ilang lan Ă„nĂ„ sĂ­ng lĂȘstari tĂȘkan saiki.
Wayang mliginĂ© wayang kulĂ­t tinĂȘmu sĂ„yĂ„ apĂ­k, Ă©ndah lan Ăšdi. Lumakuning wayang Ă„nĂ„ ing pakĂȘliran ora bisĂ„ pisah karo lakĂłn sĂ­ng digĂȘlar. Babagan crita utĂ„wĂ„ lakĂłn dadi sumbĂȘr pĂ©ntas wayang sĂ­ng cacahĂ© akĂšh bangĂȘt. RS Subalidinata ngĂ©tung
lan nliti pustĂ„kĂ„ sĂ­ng dadi sumbĂȘring lakĂłn wayang. ÅnĂ„ pustĂ„kĂ„-pustĂ„kĂ„ sĂ­ng kuno, yĂ„kuwi: Mahabharata isinĂ© wĂłlulas parwĂ„, kĂȘkawĂ­n Ramayana, Arjuna Wiwaha, KrĂȘsnayana, Sumanasantaka, Smaradhana, Bhomakawya, Bharatayuda, Arjuna-wijaya, Partayajna lan Sudamala. Manawa pĂșstĂ„kĂ„ anyar tinulis Ă„nĂ„ ing sĂȘrat-sĂȘrat:
- MintÄrÄgÄ,
- RÄmÄ,
- DĂ©waruci,
- Bharatayuda,
- Arjunasasra,
- Lokapala,
-Sri Sadana lan liya-liyanĂ© sĂ­ng isinĂ© crita roman pĂȘwayangan.
ÅnĂ„ manĂšh buku-buku crita wayang sĂ­ng luwĂ­h anyar, yakuwi sĂȘrat-sĂȘrat:
- KandhanĂ­ng RinggĂ­t Purwa,
- Purwakandha,
- Paramayoga,
- PustĂ„kĂ„ RajapĂșrwa,
- PĂȘdhalangan RinggĂ­t PĂșrwa,
- PakĂȘm-pakĂȘm lan liya-liyanĂ© sĂ­ng cacahĂ© akĂšh bangĂȘt.
Wayang Ăłra bisĂ„ dipisahakĂ© karo dhalang pĂȘpindhanĂ© babagan loro sĂ­ng nyawiji.
PagĂȘlaran bisĂ„ urip, ngĂȘs lan nduwĂšni rĂ„sĂ„ tinĂȘmu Ă„nĂ„ ing parĂ„gĂ„ dhalang. Victoria M Clara van Groenedael Ă„nĂ„ bukunĂ© “Dalang dibalik Wayang” ngandarakĂ© bab dhalang tlĂȘsĂ­h lan komplĂ­t. Dhalang mujĂșdakĂ© parĂ„gĂ„ sĂ­ng lĂȘbdĂ„ ing kawrĂșh babagan filsafat, ilmu, ngĂšlmu, pangawikan, bĂ„sĂ„ lan sastrĂ„. ParĂ„gĂ„ dhalang bisĂ„ diarani guru sĂ­ng wĂ­s putĂșs ing laku lan nguwasani sakĂšhĂ­ng ngĂšlmu kasĂȘpuhan, kalĂȘbu babagan nilai-nilai Ăštika lan moral. ÅnĂ„ ing jagad pakĂȘliran dhalang pĂȘrlu lan kudu ngrĂȘti lakĂłn, pakĂȘm, paugĂȘran, Ă„ntĂ„wacĂ„nĂ„, garap lakĂłn, sanggĂ­t lan mumpuni ing babagan sĂȘni pĂ©ntas, kĂȘrawitan, gĂȘndhĂ­ng, sĂȘni rĂ­pta, bab humĂłr, ndagĂȘl lan liyĂ„-liyanĂ©.

SupĂ„yĂ„ dalang tĂȘtĂȘp ĂšksĂ­s akĂšh bangĂȘt syarat sĂ­ng kudu dicukupi. SĂȘmangat lan obahĂ­ng jaman kudu tansah dijingglĂȘngi. KĂȘmajuan lan owah-owahan ing babagan pĂȘmĂȘrintahan, politik, Ă©konomi, sosial kĂȘmasyarakatan pĂȘrlu dingrĂȘtĂšni. KabĂšh mau kudu dijingglĂȘngi amargĂ„ fungsi wayang ora mĂșng mligi kanggo komunikasi.
Wayang lan pĂȘwayangan dhalang lan pĂȘdhalangan wĂ­s dadi babagan sĂ­ng sipatĂ© “multi dimĂšnsi” lan wĂ­s nyakup unsĂșr-unsĂșr budĂ„yĂ„ sĂ­ng akĂšh bangĂȘt. SĂȘjarah wayang wĂ­s lumaku atusan tahĂșn nganti kaya wujudĂ© sĂ­ng saiki. GĂȘgandhĂšngan karo iku tanggal 21 April 2004 dadi tĂȘngĂȘr sĂ­ng wigati tumrap jagadĂ­ng pĂȘwayangan, amargĂ„ UnĂšsco nĂȘtĂȘpakĂ© wayang minĂ„ngkĂ„ “MastĂȘrpiece of the Oral and Intangible Heritage of Humanity”. Wayang dĂ©nĂ­ng UnĂšsco ditĂȘtĂȘpakĂ© minĂ„ngkĂ„ “Karya AgĂșng Budaya Dunia” Ă„nĂ„ ing kutha ParĂ­s.
Piagam pĂȘngukuhan kaparĂ­ngakĂ© dĂ©nĂ­ng DirjĂšn UnĂšsco Koichiro Matsuura marang KĂȘtua UmĂșm SĂ©nĂ„wangi Drs Solichin. UpĂ„cĂ„rĂ„ digambarakĂ© apĂ­k lan nyĂȘnĂȘngakĂ© amargĂ„ ditĂȘkani kurang luwĂ­h 1000 undangan. Koichiro Matsuura Ă„nĂ„ ing tanggap wacĂ„nĂ„ ngĂȘndikakakĂ© mĂȘnĂ„wĂ„ wayang nduwĂšni nilai-nilai sing agĂșng lan adi luhĂșng.
Wayang bisĂ„ dadi sarĂ„nĂ„ ndhidhĂ­k sĂ„pĂ„ waĂ© ing babagan Ă©tĂ­s lan ĂšstĂȘtĂ­s. AkĂšh bangĂȘt nilai sĂ­ng sipatĂ© adi, Ăšdi lan Ă©ndah Ă„nĂ„ ing jagad pĂȘwayangan. Koichiro Matsuura ugĂ„ ngaturakĂ© panuwĂșn marang pĂ„rĂ„ dhalang, sĂȘniman lan sĂȘniwati anggĂłnĂ© pĂ„dhĂ„ nguri-uri lan nglĂȘstarĂškakĂ© wayang.
SawisĂ© tanggap wacĂ„nĂ„ dhalang Ki MantĂȘp SudarsĂ„nĂ„ mayang arupa pakĂȘliran padat udĂ„kĂ„rĂ„ 90 mĂȘnĂ­t suwĂ©nĂ©. AkĂšh sĂ­ng pĂ„dhĂ„ cingak lan gumĂșn nĂłntĂłn Ki MantĂȘp SudarsĂ„nĂ„ anggĂłnĂ© mayang. KĂȘjĂ„bĂ„ sĂ„kĂ„ iku ugĂ„ digĂȘlar pamĂ©ran wayang sĂ­ng narĂ­k minat lan akĂšh wargĂ„ mĂ„ncĂ„nagĂ„rĂ„ kĂȘpĂ©ngin nyinau, nliti lan njingglĂȘngi wayang.
Wayang wĂ­s malĂȘbu ing tataran global. Wayang wĂ­s mrambah mratah tĂȘkan jaban rangkah lan disĂȘnĂȘngi wargĂ„ mĂ„ncĂ„nagĂ„rĂ„. KarĂ„nĂ„ iku, Ă„nĂ„ momĂšntum sĂ­ng apĂ­k kanggo nanggapi alam global lumantar wayang.
Wayang minangka “asĂšt budĂ„yĂ„” sĂ­ng adi ora mĂșng pĂȘrlu diuri-uri lan dilĂȘstarĂškakĂ© nangĂ­ng pĂȘrlu digarap kanthi sistimatik lan holistik. NgadhĂȘpi tantangan ing alam global wĂ­s wĂȘktunĂ© anggĂȘlar pĂȘmanthĂȘng lan pĂȘmandĂȘng nggarap pĂȘwayangan lan pĂȘdhalangan.
Wayang lan dhalang prayogĂ„ dipapanakĂ© Ă„nĂ„ ing kontĂšks litbang, “pĂȘnĂȘlitian dan pĂȘngĂȘmbangan” (research and development).
Situs lan wĂšb site sĂ­ng Ă„nĂ„ SĂ©nawangi pĂȘrlu ditambah lan disĂȘmpurnakakĂ©.
PĂȘmĂȘrintah (Pusat lan DaĂ©rah), KĂȘdutaan, KĂłnsulat lan PĂȘrwakilan PĂȘmĂȘrintah Ă„nĂ„ luar nĂȘgĂȘri, SĂȘkrĂ©tariat PĂȘwayangan Nasional IndonĂ©sia (SĂ©nawangi), PĂȘrsatuan PĂȘdhalangan IndonĂ©sia (PĂȘpadi), LĂȘmbaga/ Institut/SĂȘkolah Tinggi lan Pusat Studi ing babagan sĂȘni, KaratĂłn, pahĂȘman, paguyuban lan sanggar-sanggar, sĂȘniman, sĂȘniwati, masyarakat pĂȘwayangan, dunia usaha, swasta lan liya-liyanĂ© pĂȘrlu sinĂšrgis mbangĂșn pĂȘwayangan lan pĂȘdhalangan.

DĂ©nĂ­ng : Ki Sutadi

PangarsĂ„ PĂȘrsatuan PĂȘdalangan IndonĂ©sia Komisariat Jawa TĂȘngah

Comments

Subscribe Us