Wayang Ramayana

Pawayangan


Ramayana mujudake epik, karya sastra Hindu paling tuwa ing India, nyritakake lelakone Sri Rama lan Dewi Sinta sarta perang tandhing antarane Sri Rama lumawan Rahwana (Prabu Dasamuka) kang dimenangake dening Sri Rama.
Rerangken crita karakit kanthi endah nengsemake. Sawijining wiracarita dawa, 24.000 sloka (gurit) dumadi saka 7 bageyan kang sinebut kandha yaiku:

  1. Ayodhya Kandha sing isine nyaritakake kalairane para putra Ayodhya (Rama).
  2. Bala Kandha nyaritakake para putra Ayodhya nalika isih cilik lan pendhidhikane.
  3. Aranya Kandha nyaritakake lelakone Sang Rama lan Laksamana jroning ngamanake para Resi saka gangguan para raseksa.
  4. Kiskendha Kandha isinenyaritakake kerajaan kethek ing Guwa Kiskendha lan pambiyantune Sang Rama marang Sugriwa kanggo merjaya marang Subali. Pungkasane crita Sugriwa dadi abdine Sang Rama.
  5. Sundara Kandha nyaritakake pambangunane kreteg Situbanda tumuju negara Alengka kanthi ngerigake bala kethek.
  6. Yudha Kandha nyaritakake paprangan antarane Sang Rama lumawan Rahwana kanthi kamenangan ing pihake Rama.
  7. Uttara Kandha isine nyaritakake bab asal usul keturunane Sang Rama, Dewi Sinta, lan liya-liyane.
Crita Ramayana kagubah dening Maharsi Walmiki, sawijing pujangga linuwih. Sugih pengalaman sarta seserepan ngenani “Mustikaning Agesang”, saengga pikantuk julukan Adi Kawi (Pujangga Agung). Walmiki satemene kalairake saka kulawarga sudra Hindu kanthi jeneng Ratnakara. Nom-noman ndhugal, seneng gawe kapitunaneliyan, gaweyane mbegal alias ngrampog. Nanging sawise dheweke ketemu karo resi sing ancase sekawit nedya dirampog, sawise nampa pitutur luhur saka sapta Resi kasebut, Ratnakara nglenggana marang kaluputane, nuwuhake kasadharan spirituale.

Ratnakara banjur sregep sinau babagan agama lan kawruh-kawruh luhur ngenani kawicaksanan, mula dheweke kasil dadi Resi kaloka kanthi sebutan Maharsi Walmiki. Miturut C. Rajagopalachari (Ramayana, Bhavan’s Book University Bharatnya Vidya Bhavan, Bombay) mula bukane Walmiki ketarik crita Ramayana sawise ketemu Narada (Resi swarga sing tansah nggawa alat musik) kang ing sawijining dina mertamu ing padhepokane.“Dhuh Narada, Resi ingkang mangertosi sabarang kalir. Kersaa penjenengan paring pangertosan dhumateng kawula, sinten ing antawasipun para pahlawan ingkang paling luhur budi sarta kawicaksananipun, saengga pantes tinuladha.
”Mangkono pitakone Resi Walmiki marang Resi Narada. Wangsulane Resi Narada: “Sri Rama, lair saka dinasti Srengenge kang jumeneng nata ing nagari Ayodhya ing jaman kawuri.
”Sabanjure Resi Narada nyaritakake kanthi patitis riwayate Sri Rama. Walmiki kesengsem banget marang crita kasebut.

Sawijining dina nalika Walmiki tindak menyang sapinggiring bengawan, panjenengane pirsa ana manuk Krauncha sajodho lagi ngoceh bungah, pepasihan, pencolotan ing pang-pang sawijining wreksa gedhe. Dumadakan tanpa dinuga krauncha lanang ketaman panah, kang linepas saka gandhewane pawongan sing lagi mbebedhag.
Manuk lanang tiba ing bantala, kejet-kejet terus mati. Manuk wedok meruhi kahanan sisihane banjur nyuwara, wiramane ngiris ati. Memelas banget.
Dupi nyumurupi kedadeyan kang nyedhihake iku Sang Resi Walmiki duka yayah sinipi, kawiyos pangandikane ngesotake marang pawongan sing mateni krauncha lanang.
“Heh pawongan sing ora nduweni rasa welas asih. Sira tegel mateni salah sijine manuk sajodho sing lagi pepasihan mula sira bakal ngalami urip kedlarang-dlarang, ngulandara ora duwe papan panggonan nganti mataun-taun suwene.”
Nanging ora watara suwe penggalihe Sang resi bali lilih maneh. Panjenengane gumun, geneya maksih bisa kebranang dening kanepson. Mula banjur age-age narik bali sote. Dibatalake.
Kedadeyan ing sapinggire bengawan sing banget nrenyuhake, nggeterake atine, rumasuk ing anggane. Ing mengkone bakal anjiwani dumadine Adikarya Ramayana.
Resi Walmiki duwe panemu, kabeh sing dumadi mbokmenawa wis dadi kersane Sang Akarya Jagad. Nalika Sang Resi semedi, Bethara Brahma rawuh, paring sesuluh lan idi pangestu Sang Kawi anggone arep miwiti nulis Ramayana, sarta paring aji panawrangan (penglihatan gaib) supaya Walmiki bisa nyumurubi kedadeyan jaman kawuri, duk rikala Sri Rama maksih sugeng, banjur karakit jroning gurit.Kawiwitan saka kesedihan (soka), Sang Kawi wusana bisa netesake gegu¬ritan (sloka) endah yaiku Adikarya Ramayana Walmiki.
Crita Ramayana kebak pitutur luhur, mutiaraning agesang. Sri Rama minangka panjalmaning (avataar) Bathara Wisnu kang ngejawantah nindakake kuwajiban suci, mbrasta dur angkaramurka kang anyenyamah keadilan lan rasa kamanungsan.
Rakitan (nam-naman) crita kang endah miyak sap-sap pemahaman tumuju tataran dhuwur lan patut dadi tuladhaning urip, tumrap sapa wae sing tansah ngelak mring kawruh-kawruh utama.
Ana anggepan, perang tandhing antarane Sri Rama lumawan Dasamuka minangka simbol peperangan jroning dhiri, antarane pepenginan apik lan ala sing tansah angrenggani manungsa sadawaning uripe. Nanging kautaman kudu tansah diudi supaya apa kang dilakoni bisa mupangati marang liyan adhedhasar rasa asih lan kemanusiaan.
Wiracarita Ramayana ora mung kondhang ing India nanging kasil nimbus wates-wates papan kelairane, ngumandhang ing pirang-pirang Negara sing beda budayane lan melu anjiwani budayane, utamane ing Asia Wetan lan Asia Tenggara.
Ing Indonesia Ramayana kondhang banget ing kalangan masyarakat. Ing candhi Prambanan, candhi Hindu sing dibangun dening Rakai Pikatan nalika abad ka 9, tinemu relief crita Ramayana.
Ramayana uga ditulis nganggo basa Jawa kuna awujud tembang. Akeh para ahli (sarjana) kesengsem, banjur naliti kandhutane sarta kepengin ngerti kapan kakawin iku ditulis.
H. Kern (sarjana Walanda) sing naliti saka “sudut pandang” paramasastra nduweni dudutan, kakawin Ramayana katulis nalika abad ka 12, jaman Kadiri. Sutterheim, panaliti liya uga duweni dudutan sing padha.
Ananging Poerbatjaraka duwe panemu beda. Kakawin Ramanyana katulis nalika jaman Dyah Balitung, raja sing nguwasani Jawa Tengah lan Jawa Wetan kira-kira taun 820-832 Caka. Panalitene sejene adhedhasar perbandhingan bahasa, uga adhedhasar perbandhingan tulisan-tulisan ing watu lan tembaga sing tinemu ing tanah Jawa.
H Kern duwe anggepan pengarang kakawin Ramayana ora nguwasani bahasa Sansekerta. Sebab panulisan kakawin ora nggunakake sumber India. Yen kabandhing karo Ramayana gubahan Walmiki. Ramayana basa Jawa kuna bisa diarani luwih cedhak banget. Pancen babon karangane ora saka Ramayana Walmiki.
Himansu Bhusan sarkar, sarjana India kasil nemokake, ana empere antarane kakawin Rawayana karo salah siji bagian saka Ravanavadha (Dasamuka gugur, kalebu Ramayana), gubahan Bhattikawya, pujangga India abad ka 6 M.
Manomohan Gosh, kasil nemokake 8 pada Ravanavadha sing memper karo saperangan saka kakawin Ramayana.

Hooykass lan Bulcke sing ahli babagan basa Jawa kuna, sawise ngadani panaliten kanthi permati kanthi mbandhingake pada mbaka pada naskah loro duwe dudutan, kakawin Ramayana lan Ravanavadha ana sesambungane. Nanging para kawi Jawi rumangsa luwih bebas nulis miturut versine dhewe saengga nyimpang saka babone.

Comments

Subscribe Us