Prabu RAHWANA utawa DASAMUKA

Prabu RAHWANA utawa DASAMUKA

Prabu Rahwana utawa Prabu Dasamuka
Prabu Rahwana kagungan garwa aran Dewi Tari, yaiku Widodari saka Suralaya kaprenah adhine Dewi Tara. Dewi tara iku garwane Resi Subali, mulane Rahwana yen ngundang kakang marang Resi Subali. 
Nalika Dewi Tari nggarbini, Prabu Rahwana kawektu tembunge mangkene, Manawa Dewi tari ya garwane mau nglairake jabang bayi wadon, bakal dipek bojo dening Rahwana dhewe. Bab iki gawe dukane para dewa, awit kang mangkono iku nandhakake yen Rahwana kebangeten anggone ugal-ugalan, kumalungkung rumagsa duwe panguwasa sing ngluwihi para dewa, banjur gawe pranatan sing ora lumrah.
Nalika Dewi Tari ndungkap nglairake jabang bayi, para dewa wis pirsa yen anake Rahwana mau bakal lair wadon temenan, mula sadurunge Rahwana weruh wujude si jabang bayi, Bathara Narada tumurun mring Ngalengka saperlu ngijoli jabang bayi kang nembe lair wadon mau karo jabang bayi sing lanang. Bathara Narada banjur nyipta mega (mendhung) ing ngawang-awang dadi jabang bayi lanang. Tekan ing Ngalengka anake wadon Rahwana mau diijoli jabang bayi sing cinipta dening Bathara Narada saka mega mau. Jabang bayi wadon diparingake (dilebokake) ing njero kupat sinta banjur dilarung ing bengawan. Ing tembe bayi wadon mau ditemu dening narendra ing Manthili kanga aran Prabu Janaka, banjur dipek anak lan diparingi aran Dewi Sinta, awit nalika ditemu diwadhahi kupat sinta sing dilarung ing bengawan. 
Nalika Rahwana pirsa anake kang lair awujud bayi lanang, Rahwana banjur duka banget, jabang bayi dicandhak dibanting niyate bakal dipateni, nanging nyatane ora bisa mati malah saya mundhak gedhe lan klakon bisa ngalahake Rahwana dhewe, satemah Rahwana banjur kersa ngaku anak lan diparingi tenger Raden Indrajit. Bathara Narada kang tumuli prapta ing Ngalengka uga paring jeneng marang putrane Rahwana yaiku aran Meganandha. Ing tembe Rahwana sirna sawadyabalane jalaran anggone nyidra Dewi Sinta sing dadi garwane Raden Ramawijaya.

Kapethik saka: Kawruh Wayang Purwa
Dening Irawan Sudjono

Sacuwil Bausastra
kagungan : duwe
garwa : sisihan, bojo
dukane : nesune
nandhakake : mboktekake
kumalugkung : gumedhe
pranatan : paugeran, aturan
ndungkap : ngarepake, ngadhepake, meh
tumurun : mudhun
mring : menyang
nembe : lagi
ngawang-awang : gegana, antariksa
dilarung : dikentirake
tembe : mbesuk
narendra : ratu, raja
tenger : jeneng
tumuli : enggal, age-age
prapta : teka
sirna : mati, lampus
nyidra : nyolong, ndhustha
silsilah : urut-urutan
ngrembaka : dadi akeh (berkembang)

Comments

Subscribe Us