Werna-wernane WAYANG

Werna-wernane WAYANG manut Critane
Wayang kuwi bisa digawe saka:
  • lulang utawa kulit kewan
  • kayu
  • tetuwuhan
  • suket
  • mori
  • kerdhus utawa kertas
  • logam
Awewaton critane, wayang kuwi bisa kapilih dadi pirang-pirang warna kayata:
  • Wayang Rama, critane njupuk saka buku Ramayana ing wektu saiki digolon Wayang purwa utawa wayang kulit.
  • Wayang Purwa, critane saka purwa-purwa perangane buku Mahabarata ing bab Pandhawa lan kurawa.
  • Wayang Madya, critane saka Parikesit tekan Jayabaya.
  • Wayang Gedhog (kedhok = topeng), critane saka layang Panji.
  • Wayang Klithik (Wayang Krucil) nyritakake lakon jaman Pajajaran tekan Majapahit, Prabu Brawijaya pungkasan. Sing kondhang lakon Damarwulan-Minakjingga.
  • Wayang Dupara, critane saka laying babad, kayata : Jaka Tingkir, Jaka Tarub, Bab. Wad Pajang lsp.
  • Wayang Menak, critane saka tanah Arab.
  • Wayang Suluh, critane warna-warna kanggo aweh sesuluh.
  • Wayang Kancil, critane saka dongeng kancil.
  • Wayang Golek, aslie saka Jawa  Kulon (Jawa Barat), nyritakake lakon ing Mahabarata utawa lelakon Wong Agung Menak (Jayengrana).
  • Wayang Wong, critane saka Mahabarata lan Ramayana, kang ditindakake dening wong (kagolong Wayang Purwa).
  • Wayang Beber, njupuk crita Panji awujud gambar-gambar ing mori kang kabeber, banjur dicritakake.
  • Wayang Wahana, critane bab perjuangan saka babad Demak tekan Perang Diponegara.
  • Wayang Wahyu, critane gegayutan karo agama Katolik.
  • Wayang Perjuangan, critane saka perjuangane bangsa Indonesia wiwit taun 1945, yasane Jawatan Penerangan.
  • Wayang Pancasila, padha karo Wayang Perjuangan, mung wujude wayang wae sing beda.

Waca uga:

Comments

Subscribe Us