Asal-usule Wayang Kulit


Ngenani asal usule wayang kulit, ing jagad iki ana rong panemu. Sepisan, ana panggraita wayang asale lan laire ing Pulo Jawa, ngener ing Jawa Timur. Panemu iki saliyane dienut lan dijlentrehake dening para peneliti lan ahli-ahli bangsa Indonesia, uga mujudake asil panaliten sarjana-sarjana Manca. Ing antarane para sarjana Manca kang kalebu ing kelompok iki, yaiku Hazeau, Brandes, Kats, Rentse, lan Kruyt.

Manut dheweke alasane cukup kuwat, awit seni wayang isih ana gandheng-cenenge karo kahanan sosiokultural lan religi bangsa Indonesia, mligine wong Jawa. Punakawan, tokoh paling penting ing pewayangan, yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong, mug ana ing pewayangan Indonesia, lan ora ana ing Negara liya. Saliyane iku, jeneng lan istilah teknis pewayangan, kabeh asale saka basa Jawa (Kuna), lan dudu bahasa liyane. 

Ewodene, panemu kang angka loro, duwe panemu yen wayang kulit asale saka India, kang digawa bareng karo agama Hindu menyang Indonesia. Dheweke ikuPischel, Hidding, Krom, Pounsen, Goslings, lan Rassers. Sing akeh kelompok iki sarjana Inggris, Negara Eropa kang nate njajah Idia. Nanging, wiwit taun 1950-an, buku-buku pewayangan kaya-kaya wis sepakat yen wayang kulit pancen asale saka Pulo Jawa, lan babar pisan ora diimpor saka Negara liya.

Budaya Wayang lair ing Indonesia saora-orane wis ana ig zaman pemeritahan Prabu Airlangga, Raja Kahuripan (976-1012), ing nalika ing kerajaan ing JawaTimur kasebut nedheng makmur-makmure. Karya sastra sing dadi bahan crita wayang kepara wis tinulis dening para pujangga Indonesia, wiwit abad X. Ing antarane, naskah sastra Kitab Ramayana Kakawin nganggo basa Jawa Kuna ditulis ing nalika pemerintahan Raja Dyah Balitung (989-910), kang arupa gubahan saka Kitab Ramayana karangan pujangga India, Walmiki. Sabanjure, para pujangga Jawa ora mung nerjemahake Ramayana lan Mahabarata menyang basa Jawa Kuna, nanging uga menggubah lan nyritakke maneh (menceritakan kembali) kanthi nglebokake falsafah Jawa Contone, karya Empu Kanwa Arjunawiwha Kakawin, gubahan kang babone Kitab Mahabarata. Gubahan liyane kang luwih nyata bedane karo crita asli versi Idia, Baratayuda Kakawin karya Empu Sedah lan Empu Panuluh. Karya agung iki digarap nalika pemerintahan diasta Prabu Jayabaya, raja ing Kediri (1130-1160).

Pagelaran lan tontonan wayang wis ana ing zaman pemerintahan raja Airlangga. Ana Prasasti kang nyebutake ukara “mawa-yang” lan “aringgit” kang maksude tontonan wayang. Ngenani kapan laire budaya wayang, Ir. Sri Mulyono ing bukune Simbolisme lan Mistikisme jroning wayang (1979), pangira-ira wayang wis ana ig zamanneolithikum, udakara1,500 taun sadurunge Masehi. Gagasane iku didhasari tulisane Robert von Heine-Geldern Ph. D, Prehis-toric Research in the Netherland Indie (1945) lan tulisan Prof. K. A. H. Hidding ing Ensiklopedia Indonesia kaca 987.

Tembung wayang, kira-kira asale saka tembung ‘wewa-yangan’ kang tegese ayang-ayang. Iki cundhuk karo kasunyatan ing pagelaran Wayang Kulit kang migunakake kelir (secarik kain), kanggo bates antarane dhalang karo penonton ing walik kelir. Penonton mung ndeleng obah musike wayang liwat ayang-ayang kang tumiba ig kelir.

Kanggo luwih njawani budaya wayang, wiwit awal zaman Kerajaan Majapahit dikenalake crita wayag liya kang ora ngeblat Kitab Ramayana lan mahabarata. Wiwit iku crita-crita Panji; yaiku crita babagan leluhur raja-raja Majapahit, wiwit dikenalake minangka salah sijine wujud (bentuk) wayang kang seje. Crita Panji iki sabanjure akeh digunakake kanggo tontonan (pertunjukan)  Wayang Beber. Tradhisi jawani (menjawakan) crita wayang uga diterusake dening para ulama Islam, ing antarane para Wali Sanga. Para wali wiwit mayangake (mewayangkan) kisah para raja Majapahit, crita Damarwulan iku salah sijine.

Agama Islam mlebu ing Indonesia ing abad ka-15 uga nduweni pengaruh kang gedhe tumrap budaya wayang, utamaning jroning konsep religi saka falsafah wayang iku. Ing awal abad ke-15, yaiku zaman Kerajaan Demak, wiwit nggunakake lampu minyak kang karan blencong ing pagelaran Wayang Kulit.

Zaman Kartasura, penggubahan crita wayang kang babone ana ing Ramayana lan Mahabarata saya adoh saka asline. Ya wiwit iku masyarakat sutrisna (penggemar) wayang ngenal silsilah tokoh wayang, kalebu tokoh dewa, kang diwiwiti saka Nabi Adam. Silsilah iku terus ngrembaka nganti tekan para raja-raja ing Pulo Jawa, lan sabanjure wiwit ana crita wayang pakem kang cundhuk standar crita, lan crita wayang carangan kang ana ing sanjabane garis standar. Saliyane iku ana maneh kang sinebut lakon sempalan, iku sing wis adoh banget metu saka crita pakem.

Pancen, amarga kuwat banget seni wayang prasasat ngoyot sajroning budaya bangsa Indonesia, wekasan ndadekake sawenehing kerancuan antarane crita wayang, legenda, lan sejarah. Yenwong India nduweni anggepan jroning crita Mahabarata lan Ramayana bener-bener kedadeyan nyata ing negarane, wong Jawa uga duwe anggepan yen crita pewayangan bener-bener nate kelakon ing Pulo Jawa.


Sacuwil Bausastra
panemu : pikiran (pendapat)
panggraita : Pangira
ngener : tumuju
dijlentrehake : diandharake, diterangke
mligine : khususe
sepakat : sarujuk (setuju)
nedheng : lagi
kepara : pancen
babone : sumbere (induke)
versi : model, gaya
diasta : diprentah, dipimpin
pagelaran : gebyagan
cundhuk : cocok, mathuk, jumbuh
bates : wates
ngeblat : manut
babagan : bab, ngenani
seje : liya
dibeber : digelar
blencong : lampu ing dhuwure dhalang
silsilah : urut-urutan
ngrembaka : dadi akeh (berkembang)

Comments

Subscribe Us