WAYANG KULIT


Wayang kulit yaiku wayang kang digawe saka kulit kewan, nanging ora sembarang kulit kewan bisa digawe wayang. Lumrahe kulit sing bisa digawe wayang yaiku kulit (lulang) sapi, kebo, lan wedhus sing pinilih.
Wayang kulit mujudake seni tradhisional Indonesia kang ngrembaka mligine ing tanah Jawa. Wayang asale saka tembung 'Ma Hyang' kang tegese tumuju marang roh spiritual, dewa, utawa Gusti Kang Maha Tunggal. Ana uga kang negesi wayang kuwi ayang-ayang utawa (bayangan=Ind.), jalaran sing nonton uga bisa nonton wayang saka mburi kelir utawa mung ayang-ayange wae. Tontonan wayang kulit iki kajaba kanggo nglestarekake kabudayan kang adiluhung uga kanggo menehi pitutur marang wong-wong kang dhemen (seneng) kabudayan wayang kulit.
Paraga kang nglakokake wayang diarani dhalang kang uga dadi narator dhialog tokoh-tokoh wayang, kanthi diiringi gamelan kang ditabuh dening nayaga lan tembang yang ditembangake para pesindhen. Dhalang nglakokake wayang kulit ana ing sawalike kelir, yakuwi layar kang digawe saka kain putih, dene ing samburine disorotake lampu listrik utawa lampu minyak (blencong), saengga kang nonton bisa ndeleng ayang-ayang wayang kang tumiba ing kelir.
Wayang kulit njupuk lakon/crita saka babon naskah Mahabharata lan Ramayana minangka pakem , nanging dhalang bisa uga nganggo lakon carangan (gubahan=Ind.).
Pagelaran wayang kulit wis diakui dening PBB kang ngurusi babagan kabudayan yakuwi UNESCO  rikala tanggal 7 November 2003, minangka karya kebudayan kang ngedab-edabi ing bab crita narasi lan warisan luhur kang endah lan aji ( Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).Wayang kulit luwih moncer (populer) ing Jawa bageyan tengah lan wetan.
(Kapetik lan kajarwakaken saking Wikipedia Indonesia)


Waca uga :

Comments

  1. Wayang kulit yaiku wayang kang digawe saka kulit kewan, nanging ora sembarang kulit kewan bisa digawe wayang. Lumrahe kulit sing bisa digawe wayang yaiku kulit (lulang) sapi, kebo, lan wedhus sing pinilih.mujudake seni tradhisional Indonesia kang ngrembaka mligine ing tanah Jawa. Wayang kulit njupuk lakon/crita saka babon naskah Mahabharata lan Ramayana minangka pakem ,

    ReplyDelete

Post a Comment

Subscribe Us