Okulasi JERUK PECEL (Wacan Prosedur)

Okulasi JERUK PECEL (Wacan Prosedur)
 Saperangan gedhe woh-wohan  kalebu jeruk pecel bisa ditangkarake kanthi cara vegetatif. Vegetatif tegese mbabarake tanduran kanthi nyempal perangane tanduran urip, upamane cangkok, stek, okulasi lan liya-liyane. Dene yen nangkarake nggunakake wiji (isi)  diarani generatif.
Okulasi satemene luwih gambang lan anggone nindakake pakaryan bisa lumintu, tur gunggunge wohe akeh. Sadurunge nindakake okulasi luwih dhisik kudu ana wit sing arep diokulasi (zailing /wit bagian ngisor). Zailing ditandur ing gulutan ambane 1-1,5 meter, dawane 10 meter mujur ngalor ngidul.  Isi jeruk kanggo zailing sadurunge ditandur dicelupake ing pestisida sing dilarutake supaya ora kaganggu ama.
Sawise umur 21-30 dina isi jeruk wis thukul, banjur diiyup-iyupi nam-naman blarak. Tanduran perlu disemprot nganggo pestisida sepisan utawa kaping pindho seminggune lan dirabuk sacukupe.
Seminggu sadurunge zailing diokulasi, tanduran kudu dilebi lan dirabuk supaya kulite gampang nglothok lan gampang anggone nemplek (okulasi). Mata sing dienggo okulasi kudu saka wit kang umure wis 5 tahun, kahanane becik. Dene piranti kanggo okulasi, peso okulasi lan plastik kanggo naleni mata kang mentas ditempelake.
                                                                    
(Panyebar Semangat)

Comments

Subscribe Us