Spesial Klepon Abad 21 Mlebet Hotel Bintang Lima

Wacan Prosedur "Spesial Klepon Abad 21 Mlebet Hotel Bintang Lima"
Ing jaman modern samenika jajanan tradisional asring kagiles dening tetedhan “cepat saji”, ingkang kandhutan bahanipun kepara damel bebaya kanggenipun badan. Klepon kalebet satunggaling tetedhan tradisional. Klepon awujud jajanan bunder-bunder alit kirang langkung sajempol, warninipun ijem sepuh lan ing lebetipun dipuniseni gendhis abrit (Jawi). Ingkang limrahipun mawi kawadhahan sudhi.
Caranipun damel klepon ugi gampil sanget. Bahan-bahannipun ingkang limrah kadosta: (1) glepung wos ketan, (2) glepung jagung, (3) glepung wos biasa, (4) gendhis abrit (jawi), (5) sarem, (6) parudan klapa, (7) ron pandhan lan apu. Caranipun damel ingkang sapisan: glepung-glepung wau sadaya dipundadosaken satunggal, lajeng dipunsukani toya ingkang warni ijem (toya pandan ingkang sampun apu sakedhik supados warnipun saged ijem). Adonan wau lajeng dipunwangun bunder-bunder alit kirang langkung sajempol lan ing lebetipun dipunsukani gendhis abrit sacekapipun. Sasampunipun mekaten lajeng dipungodhog, dipuntengga ngantos kumambang saweg dipuntus. Salajengipun dipuncarub kaliyan parudan klapa, kawadhahan sudhi.
Katingali saking wujudipun klepon kenging kangge tetedhan jajanan, nanging bilih ngemuti bahanipun ing jaman rumiyen asring kangge tetedhan gantosipun sekul. Ing jaman modern wekdal samenika sampun awis (langka) malih tiyang ingkang kersa nguri-uri kabudayan piyambak.
Pak Ripto salah setunggalipun piyantun ingkang taksih nguri-uri jajanen Klepon.  Sinaosa yuswanipun sampun sepuh, rikmanipun pethak, saha wajanipun ompong Pak Ripto taksih ketingal sehat. Ingkang langkung onjo (unggul), Pak Ripto saged damel klepon jajanan tradisional dados tetedhan modern. Kleponipun Pak Ripto saged awujud aneka rasa kanthi kemasan ing warna-warni. Kleponipun ugi dipun pasaraken kanthi media online, kanthi internet, tivi saha radio. Kleponipun ugi dipun pajang wonten toko jajanan “khusus” dipun serati “Spesial Klepon abad 21”. Dibantu putra saha karyawanipun cacah 100, Pak Ripto sampun saged mbikak gangsal cabang ing kitha-kitha ageng, kepara hotel-hotel bintang lima ugi saged dipun tembusi minangka sajian khusus kangge para tamu. Omset ingkang saged dipun kasilaken Pak Ripto sewulanipun kirang langkung 50 yuta.
Pramila boten badhe kasamaran malih bilih nguri-nguri kabudayan menika menawi dipun udi kanthi saestu migunakaken cara-cara ingkang langkung modern saged ngasilaken bathi ingkang kathah. Kathah tetedhan jajanan tradisional sanesipun ingkang sampun “mendunia” saha tansah dipun udi dening para turis, kadosta: srabi, grontol, lsp. Kadospundi panjenengan? Saged nyobi… ngiras-ngirus pados rejeki kanthi nguri-uri kabudayanipun piyambak. Awit bilih sadaya cures, kepara malah ical saged dipun aken-aken minangka kabudayan bangsa manca, kados dene reog, wayang….lsp, Nuwun.

(Mbah Rip, 2013)

Comments

Subscribe Us