Legenda Dumadine KESANGA

Legenda Dumadine KESANGA
          Sang Raja ing Medang Kamolan sajak katon susah. Sepisan, menggalhake kancane Dora lan Sembada sing mati sampyuh amarga rebutan bener. Kapindho, menggalih ake katentreman lan kaslametane kawula Medang Kamolan saka ancamane baya putih. Katelune, wewayangane si Rara Cangkek tansah manjing jroning pangimpene, nanging mokal bisa ketemu amarga wis ora ngerti dhodhok selehe. Yen si ula raseksa wis ora dipenggalih, paling ya wis mati ana njero lemah utawa mati kalah mungsuh baya putih sing sakti.
          Nanging ora kanyana-nyana babar pisan lagi wae anggone ngudarasa kahanan ing Medang Kamolan , ujug-ujug dikagetake tekane ula raseksa sing wis ana ing ngarepe Sang Aji Saka tanpa dingreteni dening prajurit karo njengongokake endhase pratandha atur kurmat marang Sang Aji Saka.
      “Nuwun sewu Bapa! Kula kapeksa telat saha mboten ngaturi priksa langkung rumiyin”.
          “Ora dadi ngapa, entuk asil apa ora pakaryan sing Dakdhawuhake kok nganti suwe temen?”.
          “Pangestunipun Bapa, kula angsal damel mejahi baya putih sinaosa  kula linglung. Menika endhasipun baya putih”. 
          “Ya…ya…aku ora bakal nyelaki janji, kowe dakakoni anaku lan dak jenengke Jaka Linglung. Lan panggonanmu ing Kebon Raja awor kewan-kewan liyane, saiki uga enggal mangkata!”.
           “Sendika Bapa, kula bidhal samenika, sedaya dhawuhipun Bapa kula estokaken”.
        Satekane ing kebon Raja, Jaka Linglung katon seneng jalaran akeh kancane lan diwenehi pangan kang cukup. Nanging lagi etungan dina Jaka Linglung wis ora kopen amarga kwalahan menehi pangan. Nuju sawijining dina kewan-kewan sing cedhak karo kandhange dipangani jalaran saka ngelihe. Suwe-suwe kewan sing ana Kebon Raja meh entek dipangan kalebu kewan klangenane sang Raja uga wis dipangan. Sang Aji Saka pirsa terus duka entek ngamek kurang golek. Jaka linglung banjur ditundhung lunga saka Kebon Raja tumuju alas Klampis. Ora kena mangan apa wae yan panganan mau ora teka dhewe. Jaka Linglung nyendikani kabeh dhawuhe Aji saka, jalaran ngrumangsani yen dheweke salah. Satekane alas Klampis Jaka Linglung gawe jebakan saka awake dhewe sing gedhene ora lumrah mau, supaya panganan teka dhewe menyang cangkeme. Sabanjure endhase didhelikake ing gegrumbulan lan cangkeme diangapake kaya memper guwa. Nuju sawijining dina ana bocah 10 sing lagi angon kewane. Dumadakan ana udan deres lan angin gedhe. Bocah 10 padha bingung golek panggonan kanggo ngiyup. Salah sijine bocah mlebu guwa. Kanca-kancane padha mlayu melu mlebu guwa. Ana bocah siji sing keri arep melu mlebu guwa, nanging karo kanca-kancane disikang-sikang ora entuk melu, amarga bocah mau duwe lara gatel sakujur awake lan mambu amis wedi yen padha ketularan. Kamangka ing njero cangkem ula sing dianggep guwa mau isih longgar. Gandheng ora entuk awor kancane, bocah sing kudhisen mau banjur mlayu ngiyup sangisor wit kang godhonge ketel. Bareng udan wis terang bocah sing kudhisen mau lingak-linguk nggoleki kanca-kancane, nanging ora ana kumliwer. Bocah mau banjur nyedhaki guwa sing kanggo ngiyup kanca-kancane. Saiba kagete, bareng weruh sing dianggep guwa mau jebule cangkeme jaka Linglung. Buktine ing kono ana endhas ula raseksa lan getih dleweran ing cangkeme. Ateges kancane bocah 9 mau ya wis diuntal Jaka Linglung. Kadadeyan kang gawe horege desa mau banjur dilapurake ana ngarsane Sang Aji saka. Sang Aji Saka durung bisa mutusi. Suwe-suwe aji Saka kagungan penggalih, sing bisa menehi ukuman utawa pidana ora liya ya kulawargane Kyai Grenteng. Kyai Grenteng lan kulawargane ditimbali lan didhawuhi menehi pidana marang Jaka Linglung. Kyai Grenteng lan kulawargane nyaguhi terus dilakoni. Cangkeme Jaka Linglung dicengkal cangkeme nganggo kayu karoben ora isa mingkem. Gulu tekan buntut dipantek nganggo pring sing dilincipi nganti ora isa obah babar pisan. Mula kanggo pangeling-eling anak putu, papan panggonan iku dijenengke “Kesaga”.

Comments

Subscribe Us