Cangkriman lan Macapat Pocung
SekarPocung
Laras Slendro
(Cangkriman)
6 6 5 3 1 1 1 2 6 6 5 3
Ba pak pu cung la ir e ti ni tah bi su,
1 2 6 3 2 1
la mun ri na ket an,
1 2 1 3 2 1 2 1 6
pi nar su di den te men i,
6 1 2 3 2 2 1 6 3 5 3 5
mung sa ra na pi nan deng wruh ba sa ni ra.
mung sa ra na pi nan deng wruh ba sa ni ra.
CANGKRIMAN
Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang. Dene werna-wernaning cangkriman yaiku: cangkriman wancahan, cangkriman pepindhan, lan cangkriman kang awujud tembang.
a. Cangkriman Wancahan, tuladhane :
- Burnas kopen = bubur panas kokopen
- Wiwa, wite, lesba dhonge, karwa pake = uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
- Bot ginawa entheng, theng ginawa abot = Klobot ginawa entheng, gentheng ginawa abot.
b. Cangkriman pepindhan, tuladhane :
- Pitik walik saba kebon = nanas
- Sega sakepel dirubung tinggi = salak
- Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sekathong = kates
- Emboke dielus-elus anake diidak-idak = andha
- Gajah nguntal sangkrah = pawon
- Yen ibune siji anake loro, anake siji ibune loro, yen ibune telu ora duwe anak = salak
- Lawa lima,kalong telu dadi pira = wolu
c. Cangkriman awujud tembang, tuladhane :
Warnanipun wonten putih wonten jamus,
tindak tanpa pada,
kang jamus angatarani,
yen tan dangu arsa kamucur kang waspa. = mega
Bapak pucung cangkemu madhepna ndhuwur,
sabamu ing sendhang,
pencokakmu lambung kering,
tekan ngomah si pucung mutah kuwaya. = jun, klenthing
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring,
sing disaba si pocung mung turut kutha. = sepur
Bapak pucung dudu watu dudu gunung,
sangkane ing plembang,
ngon ingone sang bupati,
yen lumaku si pocung lembeyan grana. = gajah
Comments
Post a Comment