Crita Asal-usule Desa Gabus

Ing jaman biyen,wonten peperangan antara kadipaten Carangsoko kaliyan kadipaten Paranggaruda,nalika wau wonten salah sijining pasukan kang ngelak lan ajeng nyuwun ngaso.Sakwetara rombongan mlaku marak ngidul, kira-kira nembe pirang langkah pengiring mau weteng kerasa ngelih sebagian podo nyuwun leren sarapan, sebagian usul neruske melaku. Rombongan ngadudon kuwi mau pimpinane ngucap ngene.” yen leren sarapan iki wayahe  wes nanggung ya, ngko mundak kewengen maneh”. Pemimpin mau ambegan turu nyabda huuu…” saksekno ya dulur-dulurku kabeh ojo do padudon wayahe iki wes nanggung dadi sak reja-rejane jaman desa iki kacelok desa penanggungan.

Rombongan tambah akih, melaku ngidul dugi  prapatan.Kabeh podo bingung arah sing di lewati kudu ngendi, ngulon, ngetan opo ngidul.Opo meneh wayahe srengengene mletek awan. Gandeng do bingung lan kesel, rombongan leren amarga ing sebelah kulon akih wit sing kaya wit turi,adem dadekna tambah ngantuk. Kabeh leyeh-leyeh ing ngisor wit turi. Kanggo ninggal tilas pimpinan rombongan nyabda maneh” wit sing di nggo leyeh-leyeh iki koyo wit turi, ning wit gabus, amarga ning tengahe wit iki empuk, mangkasak reja-rejane jaman desa iki kaceluk desa gabus. Lha panggonan kuwi pase ya prapatan tugu gabus.

Bentukipun  kados ulam gabus, anangin warga nyebat ulam kuthuk. Mboten wonten ingkang utami saking jawinipun, kados ulam ulam sanesipun. Hanamung ndasipun ingkang mirip sawer katimbang ulam. Rumiyin, warganipun masyarakat nyariosaken bilih ulam kuthuk gesang sesarengan kaliyan sawer toya. Ngantos piyambakipun wastari dening warga punika sesemahan. Sawer dados garwanipun lan ulam kuthuk punika semahipun prekawis punika dados kasunyataan, warga ning dhusun mboten wonten ingkang wantun nyepeng ulam kuthuk punika awit ajrih 

menawi dipun dhatengi sawer toya. Sanadyan ulam punika sampun wonten ing klambu jaring, dipun wangsulaken malih, awit ajrih menawi brayatipun didhatengi kaliyan garwa ulam inggih punika sawer toya. Langkung sae menawi punika mboten nyepeng ulam senadyan mboten pikantuk punapa-punapa.

Senadya sampun mengertos,anaging wonten ugi warganipun masyarakat ingkang nyepeng ulam punika, awit mboten wonten pilihan malih. Wonten sawetawis wekdal,salah satunggaling warga masyarakat punika ingkang nyepeng ulam kuthuk lan dipun bektawangsul lajeng dipun masak. Senadyan ibu punika sampun paring pitutur, supados mboten sisah nyepeng ulam kuthuk punika, ananging bapakipun paring wangsulan mboten punapa, amargi punika sampun dados tanggel jawabipun tiyang jaler kangge nyekapi kabutuhan ing braya. 

Ulam kutuk kala wau dipun masak, gondho arum saking ulam punika karaosaken wonten ing sadusun. Warga dusun lajeng nggoleki asal muasal gondho arum punika. Lajeng pinanggih ing salah satunggaling griya, tiyang ingkang kagungan griya ngadang warga penduduk ing griyanipun sembari lenggah ing tengah kori. Salah satunggaling warga penduduk punika nyuwun pirsa, kengeng punapa griya panjenengan ngedalaken gondo ingkang arum? wangsulanipun ingkang kagungan griya,mboten wonten punapa namung gondho saking lisah zaitun ingkang kula panggihaken ing sak pinggiripun lepen. Punika lare–lare kula nembe ngangge lisah punika. Amarga katrangan bapak ingkang kagungan griya,senadyan piyambakipun punika goroh .

Awit garwanipun ingkang kagungan griya punika taksih was sumelang lan dereng mantep,jalaran mboten ngertos gondho arum ulam kuthuk dimasak.Semanten ugi ingkang kagungan griya dipun anggep jujur,pramila warga masyarakat ing dusun punika lajeng sami wangsul lan sami paring pangandikan bilih piyambakipun punika tiyang ingkang jujur,pramila dipun kupengi dening gondho ingkang arum.

Sinten ingkang mengertosi,bilih gondo arum ingkang kolo wau punika sumebar ing dusun, dados gondho ingkang ngedalaken gondho arum kolo wau warga masyarakat dados kaget awit griya kula wau sepen lan mboten wonten tiyang ingkang wonten ing jawi griya. Lajeng salah satunggaling warga, kanthi nutup irungipun mlebet wonten griya punika manggehaken brayat ingkang sampun pejah lan ical awakipun warga punika ugi manggihaken bekas tlapak sawer ing griya punika lan ndas ulam kuthuk sami sumebar ing ngandhap meja.         

Saksampunipun prekawis ingkang kedadosan ing brayat punika,sedaya warga masyarakat ing dusun punika sami  ajrih.Wekdal jawah dhateng,ing pundi kemawon ulam kuthuk punika sami medal lan kemambang ing toya,ananging mboten wantun sami mundhut ulam ipun.Warga penduduk luwih remen nyambut damel sanesipun katimbang mundhut ulam kutuk.

Wekdal ingkang kalampahan bena dateng,kathah griya ingkang kelem  amarga bena punika, mekaten ugi sato kewan ugi mboten mangertos kawontenanipun, mekaten ugi sawer toya lan ulam kutuk.

Samongso penduduk ingkang enggal kolo  wau dateng wonten lepen,lajeng menggehaken kayu lan karung ingkang kathah ulamipun piyambakipun lajeng pitaken, kengeng punapa tiyang-tiyang kok mboten sami nyepeng ulam-ulam punika? Kanthi kaeraman. tiyang enggal kolo wau  mundhut ulam-ulam punika lajeng dipun asto.Lan dipun sade wonten peken. Sak sampunipun dumugi ing ngriku, piyambakipun kaget awit tiyang-tiyang mboten purun tumbas, amargi ajrih kathah ugi tiyang ing peken punika sami duka lan peken punika sepen kathah masyarakat ing dusun punika sami ngamok, ananging tiyang ingkang enggal kolo wau acuh dhumateng prakawis punika.piyambakipun lajeng wangsul, lan masak ulam-ulam punika kaliyan brayatipun. sadinten muput brayat-brayat ing dusun punika sami kabingungan amargi mboten wonten gondho ingkang arum. Medal saking griya punika kosokwangsulipun gondho arum mboten medhal temahan dadosaken kabingungan warga dusun. Wiwit wanci dalu warga dusun mboten wantun sami medhal saking griyanipun piyambak-piyambak. 

Tiyang-tiyang sami ngurung wonten ing griya, ing enjangipun mboten wonten prakawis ingkang kedadosan ing dusun ngriku kathah tiyang ingkang sami nyuwun pirso. Prakawis punika, amargi tiyang-tiyang ing dusun punika badhe nyambut damel dereng saget amargi taksih wonten raos ajrih. Ingkang dados pitakenan saking tiyang-tiyang dusun, kok mboten wonten punapa-punapa tumprap brayat tiyang enggal engkang sampun masak ulam kuthuk punika.

Sesampunipun prakawis punika mboten ndhatengaken prakawis ing pangesanganipun, warga dusun lajeng sami medal lan nyambut damel kados ing sadintenipun. Anangin, kathah ugi tiyang-tiyang ingkang taksih ngendem pitakonan, nopo tiyang niku kagungan ilmu kanuragan?

Kawit prakawis punika sampun mboten bab ingkang damel ajrih soho kesrakatan ing dusun punika,warga dusun mboten malih ajrih dhumateng ulam kuthuk ngantos samangke, kathah tiyang ing dusun punika sami dhahar ulam kuthuk ananging ugi kathah tiyang kanthi kapitadhosanipun dereng lan mboten dhahar ulam kuthuk.

Makaten menggah asal usulipun dusun gabus, mugi ndadosaken penggaleh.


Ujian Praktik 2016
Nama  : Devi yulia ika wardani
Kelas  : 9E
Nomer : 12

Comments

Subscribe Us