Posts

Showing posts from February, 2016

Sedekah Bumi Ing Sodudo Pati

Image
Sedekah Bumi Ing Dhusun Sodudo Assalammualaikum Warakhmatullahi Wabarakatuh. Sedekah bumi ing Dusun Sodudo puniko di laksanaaken setahun sepindah, yaiku tanggal 16 wulan Apit. Biasanipun warga ing Dusun Sodudo puniko gotong royong iuran kangge nanggap Ketoprak “Siswo Budoyo” . Nanggap ketoprak punika kangge tanda rasa syukur dumateng ngersane gusti Allah ingkang maringi pinten-pinten kanikmatan arupi panen, yaiku panen pari utawi panen palawija. Biasanipun sak derenge kethoprak di mulai wonten syukuran utawi bancakan teng panggenanipun Bapak kepala dusun amargi panggungipun kethoprak wonten ing pelataripun Bapak Kepala Dusun. Kethoprak Siwo Budaya dimilai jam setunggal siang ngantos jam gangsal sonten. Sak lajengipun dimilai maleh jam songo dalu ngantos jam sekawan enjing . Wassalamualaikum wr. Wb Ujian Praktik 2016 (9B-17) Nami            :  Ilyas Kusuma Wijaya Kelas            :  9-B No. absen     :  17

Asal-usule Dhukuh NJOGAN Tambahmulyo Gabus

Image
Rikala ing zaman semana, wonten desa alit ingkang dereng wonten warganipun.Banjur ingang ditunggu-tunggu wonten tiyang walikuryah ingkang netep wonten ing desa niki inggeh menipun asmane Mbah Resondulo. Mbah Resondulo tapa marang ingkang maha kuasa maringi toya. Sanes tiyangipun ngipi Mbah Resondulo diparingi toya katah sanget ingkang asmanipun grojogan. Grojogan niku duweni makna inggeh menika bisa saget nambah mulyanipun desa Tambahmulyo. Lan uga diparingi asma desa Tambahmulya niku duweni teges bisa nambah katah lan mulya (rejekine). Banjur walikuryah desa tambahmulya niku duweni seda yen rame-ramene zaman tiyang katahipun saking daerah asmane Njogan. Diparingi nami Njogan amargi duweni teges inggih menika jujugan para masyarakat saking liya desa. Desa Njogan kuwi uga bisa nambah supados tiyang liya ing daerah njogan saget mulya selawase urip. Selot dangu dados katah wargane netep ing kono.Uripe dados tambah bungah.Banjur warga masyarakat menehi asam desa Tambahmulya. Asma desa Tamb

Sedekah Bumi Dhukuh PARAS Tanjunganom Gabus

Image
Yen arep wayah sasi apit, ing dukuh paras mesti dianankake acara kang jenenge sedekah bumi. Wong tuwo ing dukuh paras ngendika yen sedekah bumi kuwi tegese menehi bumi, menehi barang marang bumi (hasil bumi indonesia). Sedekah bumi menehi arti kanggo para wargo dukuh paras, yokuwi jejalok marang punden ing dukuh paras supayo dukuh kasebut biso dadi apek lan masyarakate podo rukon. Acara sedekah bumi ing dukuh paras diwiwiti sedina sakdurunge,kanthi nganakake keramean kayata tanggapan ketoprak, wayang kulit, pengajian. Nanging  ing jaman sakiki, malah ono sing nanggap  campursari utawa dangdut. Acara keramean iki dadi tontonane wong sedeso. Sakdurunge dinane tibo, biasane ing dukuh paras nganakake terbangan ing punden,kang di pimpin dening kyiayi paras utawa modin. Terbangan iki dihadiri wong akeh. biasane wong sing akeh kuwi biasane paro santri sang dukuh paras. Yen pas dinane tibo, jam 10.00 esuk paro wargo dukuh paras wis nyepakake daharan utawo berkat. Daharan mau di gowo manyang pu

Macapat PANGKUR

Image
  CAKEPAN   TEMBANG MOCOPAT   PANGKUR   Mingkar-mingkuring ukara,   Akarana karenan mardi siwi,   Sinawung resmining kidung,   Sinuba sinukarta,   Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,   Kang tumrap ing tanah Jawa,   Agama ageming aji.             Ujian Praktik 2016 (9D-03) Nami : Ahmad Dimas Pratama No     : 03 Kelas : IX-D (ora kabiji sadurunge gawe dhewe)

Asal-usule Dhukuh Bogorame

Image
Asal-usule Dhukuh Bogorame Kedadenane bangunan sugih ramat yaiku ana ing wektu kerajaan mataram. Ana rombongan senopati lan prajurit. Kedadenane yaiku perang antara kerajaan,Raden Massewa ngara perang karo kerajaan liyo. Raden Mas Sewanegara bertempur sengit karo kerajaan liyo. Raden Mas Sewanegara kena keris ing madharane,wonge luru panggonan sing aman karo prajurite. Getihe Raden Mas Sewanegara sing ditelena ora mbok shitik,nanging akih. Raden Mas Sewanegara printah prajurite kanggo wrobat madh arane Raden Mas Sewanegara. Pas iku prajurite Raden Mas Sewanegara krungu suara wong ing walike wit bogo nule dusune disebut dusun Bogorame. Prajurite wis entuk obat kanggo Raden Mas Sewanegara. Raden Mas Swanegara ngendikani bahwa panggonan sing kebek getih iku mau dijenengi akeh sugih rahmat utawa sugih getih. Ujian Praktik 2016 (9D-19) NAMA    : LUTFI ERIX KANTONA KELAS    : 9D NO.ABS  : 19

Asal-usule Desa Tanjunganom Gabus Pati

Image
Asal-usulipun Desa Tanjunganom Wekdal punika, sakderengipun Desa Tanjunganom wonten, madeg kerajaan ingkang asmanipun kerajaan Darawati, ingkang ratunipun asmane Darawati. Ratu Darawati punika wanita ingkang ayu sanget, yuswanipun sampun sepuh, ananging Ratu Darawati taksih awet enom, buktinipun raupanipun Ratu Darawati tetep ayu saha seger. Satunggalipun dinten, daerah sekitar kerajaaan Darawati wonten banjir ingkang ageng sanget. Daerah kalawau badhe roto kaliyan toyo. Daerah kalawau kados segara. Nanging, wilayah kerajaan Darawati punika wonten ing pinggiripun banjir utawi ing Semenanjung. Supados Ratu Darawati mboten tansah kemutan, lajeng Raru Darawati nanem wit, wit kalawau saged nyedot toyo banjir, banjur wilayah punika dados daratan ingkang subur. Ratu Darawati kepengin daratan kalawau dados Desa ingkang makmur. Ratu Darawati lajeng  nimbali para dayang supados dipunajak rerembugan maringi asma desa punika. Ngertos-ngertos Ratu Darawati emut kaliyan tembung “Semenanjung” saha a

Sedekah Bumi Desa PEKALONGAN Winong

Image
Sedekah Bumi Desa Pekalongan Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh Sedekah bumi punika nggadhahi ancas kangge nyedhekahi mring warga amrih ayem tentrem, gemah ripah gesangipun para warga. Wonten saperangan ingkangn mastani bilih sedhekah bumi punika inggih "Bersih Desa" kangge ngresiki bebendhu ingkang wonten ing desa, amrih para warganipun saged gesang gemah ripah loh jinawe. Adicara sedekah bumi ing desa pekalongan tanggal 18 september/besar 2015 dintene jumat kliwon. Biasanipun sedekah bumi desa pekalongan sasi apit dintene jumat kliwon nanging taun niki sedekah bumine sasi besar amargi dintene jumat kliwon mboten pas sasi apit. Acaranipun inggih  punika kaping satunggal niku ngasta asahan dumugi pasarehan. Acaranipun kaping kaleh karawitan dumugi lapangan sakderengipun karnaval ingkang sesampunipun karawitan diterusaken karnaval. Ingkang nderek karnaval warga desa pekalongan. Ingkang karnavalan menika saben RT kuwi menika ndamel gunungan saking palawija, woh-wohan, l

Prayaan Sedekah Bumi Desa Pekalongan

Image
Sedekah Bumi Desa Pekalongan  Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh Adicara sedekah bumi ing desa pekalongan tanggal 18 september/besar 2015 dintene jumat kliwon.Biasanipun sedekah bumi desa pekalongan sasi apit dintene jumat kliwon nanging taun niki sedekah bumine sasi besar amargi dintene jumat kliwon mboten pas sasi apit. Acaranipun nggeh  menika kaping satunggal niku ngasta asahan dumugi pasarehan. Acaranipun kaping kaleh karawitan dumugi lapangan sakderengipun karnaval ingkang sesampunipun karawitan diterusaken karnaval.Ingkang nderek karnaval warga desa pekalongan. Ingkang karnavalan menika saben RT kuwi menika ndamel gunungan saking palawija, woh-wohan, lan kasilepun tiang tani menika digantungaken ing gunungan.lan ugi wonten drumband SMK AL-FALAH WINONG. Wonten karnavalan warga desa pekalongan nderek mubeng desa pekalongan.Wonten karnavalan dipunwiwiti jam setengah sekawan ngantos jam gangsal. Wonten maleh diterusaken nanggap wayang kulit lanpucang diwiwiti jam setengah pi

Kode Warna HTML

Image
W a r n a . . . Website atau Blog sama halnya dengan rumah, jika belum diberi warna akan terlihat monoton dan tentunya kurang menarik. Rumah akan lebih indah dan menarik jika dipoles cat dengan warna yang sesuai selera masing-masing. Begitu juga dengan website atau Blog. Website atau blog diberi warna dengan menambahkan kode warna HTML. Semua warna memiliki kode warna HTML. Kode warna HTML inilah yang kita letakan pada kode HTML template website atau blog sesuai dengan letak, fungsi, dan masing masing warna itu sendiri. Bagaimana caranya kita memperoleh kode warna HTML sesuai warna yang kita inginkan? Dalam pemilihan Warna HTML kita membutuhkan kode warna HTML sesuai yang diinginkan. Tenang... kita bisa berkunjung ke website pihak ketiga yang menyediakan tool kode warna HTML atau kita dapat memperoleh kode warna dari software desain seperti photoshop. Barangkali bisa membantu, Dwija Basa Jawi mencoba untuk memasang tool kode warna HTML dari hasil berselancar di dunia maya ini. InsyaALL

Album SiMPoN1 GABUS

Image
SMP NEGERI 1 GABUS Jl. Gabus-Tlogoayu Km.1 Pati KP.59181 Jawa Tengah, Indonesia Dwija murti trusing budi Maju dalam ilmu, terpuji dalam budi, berjaya dalam karya FOTO Peserta Ujian Nasional 2016 ( Lihat di Picasaku )                        

Cakepan Tembang Macapat DURMA

Image
Cakepan Tembang Macapat DURMA Duk samana Rawana mumbul ngakasa, mboyong Raden Sinta Dewi, sang Sinta anggana, tinilar ingkang garwa, Ramawijaya lan rayi, lumebeng wana, anglari kidang rukmi. Ujian Praktik 2016 (9F-18) Nami : irfan aditya pratama Kelas : 9f No     : 18

Cakepan Tembang Macapat POCUNG

Image
Cakepan Tembang Macapat Pocung Basa ngelmu, mupangate lan panemu Pasahe lan tapa Yen satria tanah jawi Kuna-kuna kang ginilut tri prakara.      Lila lamun, kelangan noragegetun      Nrima yen kataman      Sak serik sameng dumadi      Tri legawa nalangsa srah ing bathara. Bathara gung ing nguger jroning jejantung Jenek hyang wisesa Sana pasenedan suci Nora kaya si mudha mudhar angkara. Ujian Praktik 2016 (9E-07) Nami  : Andryan gifari maulana kelas  : 9e no      : 07

Asal-usule Desa Sinomwidodo Winong

Image
Ing abad XIV ,wonten Kerajaan Solo ing Desa Pancawati.Kerajaan niku wau gadah ratu.Ing sawijining dinten ratu niku ketemu marang gadis kang ayu.Gadis niku wau didadosaken garwa.Garwane kuwi gadah putra saking ratu wau,lan diasmanaken Sultan Suwarna. Sanalika wektu umuripun Sultan Suwarna tesih alit,garwa ratu wau seda.Ratu wau bingung banjur sinten kang badhe ngurusi lan mbimbing Sultan Suwarna.Ing sawijining dinten, ratu wau ketemu tiang wadon sing ayu. Ratu wau tresna marang tiang wadon wau. Wong wadon wau didadoskan garwa sambungan. Garwane wau dikengken ngurusi Sultan Suwarna. Sesampunipun lare jaler-jaleripun kalih. Wektu lare kalih-kalihipun wau sampun ageng ratu wau duwe gadah penyakit kang mboten saget ditambani. Banjur ratu wau mikir sinten kang dados ratu penggantine ing kerajaaan wau. Ratu wau dadosaken larene kang saking garwa sambungane dados ratu. Sesampunipun ngangkat putrane wau dados ratu, ratu niku langsung seda. Sanalika wektu, ratu niku seda, Sultan Suwarna berontak

Crita Asal-usule Desa Gabus Pati

Image
Asal-Usule Desa Gabus               Rumiyin kala, sakderengipun kawastanan desa Gabus, wonten saktunggaling penggedhe desa,asmanipun Kyai Tunggul Pawenang.Kyai Tunggul Pawenang kagungan putri ingkang sulistyaning warni asma Rara Nawangsih.Kasulistyanipun sampun kawentar dumugi desa-desa sakiwa tengenipun. Awit saking punika kathah para taruna ingkang kesengsem kaliyan Rara Nawangsih.Salah satunggalipun inggih punika Joko Wahyu, putranipun Kyai Rujak Beling saking desa Katan Lor.        Awit saking panyuwun putranipun, Kyai Rujak Beling sowan wonten dalemipun Kyai Tunggul Pawenang sakperlu nglamar Rara Nawangsih.Kyai Tunggul Pawenang dangu, ”Nduk, iki sliramu dikersakake Kyai Rujak Beling krama karo putrane kang aran Joko Wahyu. Apa sliramu sarujuk?” Rara  Nawangsih katingal ribeting penggalih, awit dereng nate mangertosi Joko Wahyu, taruna ingkang dipunkersakaken ingkang Rama. Ananging saking bektinipun, Rara Nawangsih matur, ”Sumangga, kula naming ndherek kersanipun Rama". Pungka

Adat Sedekah Bumi Desa Tambahmulyo Gabus

Image
Sedekah Bumi Desa Tambahmulyo Assalamualaikum Wr.Wb. Ingkang kanurmatan Bapak Tejo Susiratmoko ingkang pengampu mata pelajaran Bahasa Jawa saha para kanca kelas 9B ingkang kula tresnani. Adicara sedekah bumi ing desa kula dipangeteni tanggal 11 september 2015 utawi tanggal jawanipun 28 Syawal utawi dinten sepasaran Ahad Wage. Lan tanggal 17 September 2015 utawi tanggal 3 Apit yakuwi dinten kamis Wage. Ing tanggal 11 september 2015 jam 10.00 wonten kondangan utawi syukuran ing punden-punden. Siangipun wonten acara wayang kulit saking Bapak Murso ingkang di panggenaken wonten ing tambak utawi ngajeng dalemipun Bapak Salimin RT 01/RW 01.wayang kulit niku wau dilaksanakaken sedinten sedalu. Lan uga ing tanggal 17September 2015 dinten Kamis Wage wonten acara ketoprak “Cahyo Mardiko”. Ketoprak niku wau dipanggenaken wonten ing dalemipun Bapak sarimin Rt 03/Rw 01 sedinten sedalu ingkang nyeritakake lakon ingkang sae lan wigatos sanget.Katah tiyang-tiyang ingkang ningali ketoprak niku wau. Adi

Mulabukane Dhukuh POPOH Desa Sugihrejo

Image
Asal-Usulipun Dhukuh Popoh (Desa Sugihrejo) Asal-usulipun desa Sugihrejo dipunwiwiti saking cecongkrahane danyang Gabus kalian danyang Popoh. Ndek jaman mbiyen wonten bocah angen saking Gabus lan saking Popoh niku padha cecongkrahan antawisipun wonten retag. cecongkrahan niku dipunpicu masalah salah paham. Bocah menika padha pupoh-pupohan (cecongkrahan), mila dipunnamiake dukuh “Popoh”. Cecongkrahan menika ngantos dangu. Kathah warga ingkang pejah, amergi padha cecongkrahan. Salah satunggiling inggih menika mbah Guder. Mbah Guder seda amergi dipuntusuk kalian gaman (keris). Lajeng reteg ing Popoh niku dipunnameni retag ”guder”. Gaman niku dipunasta wonten singgahan. Sakmenika gamane dislametake wonten singgahan, mila danyang singgahan niku dipunnameni mbah slamet. Gaman ingkang dipunasta dipunsimpen wonten dalemipun mbah Slamet, panggen dalemipun mbah slamet inggih menika panggen singgah akhiripun dipunparingi asma dukuh “Pasinggahan”. Griya punika dipundamel saking deling, lajeng warg

Music Instrumental

Image
Music I n s t r u m ental

Golek Kringet ngeDJ yuuk...!!!

Image
nge DJ , golek kringet yuuk...!!!  

Album Indonesiaku

Image
Cinta  INDONESIA ku

Penyusunan Soal UN 2016 Libatkan Guru Kurikulum 2013 dan 2006

Image
Guru Kurikulum 2013 dan 2006 dilibatkan dalam  Penyusunan Soal UN 2016. Tujuan capaian pengetahuan atau Standar Kompetensi Lulusan (SKL) atau Kompetensi Dasar (KD) antara Kurikulum 2013 dengan 2006 hampir sama. Kesamaan SKL itu kemudian disampaikan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) ke Badan Standar Nasional Pendidikan (BSNP) sebagai rujukan dalam membuat kisi-kisi Ujian Nasional (UN). Proses pembuatan kisi-kisi UN tahun pelajaran 2015/2016 pun turut melibatkan guru-guru di sekolah yang telah menerapkan Kurikulum 2013 maupun yang masih menerapkan Kurikulum 2006. “Waktu menyusun kisi-kisi UN, kita juga mengundang guru-guru yang mengajar Kurikulum 2006 dan 2013. Kisi-kisi itu kemudian dikembangkan dan diserahkan ke BSNP. Setelah itu, ditelaah oleh BSNP untuk kemudian ditetapkan secara resmi sebagai kisi-kisi UN,” ujar Kepala Pusat Penilaian Pendidikan (Puspendik) Kemendikbud Nizam, beberapa waktu lalu. Nizam mengatakan, dalam tahap penyusunan kisi-kisi, Kemendikbud menga

Nglaras nyemek-nyemek

Image
Nyemek-nyemek ...  

Freshing Yuuk...!!!

Image
Freshing sejenak...  

MoLLYbBY collections

Image
MoLLYbBY collections

Full CALM Arabic Collections

Image
Full CALM Arabic Collections

Worldwide Electronic Music

Image
Worldwide Electronic Music  

Tembang-tembang Manca

Image
Album Tembang Manca     

Ritual Sedekah Bumi Desa Kuryokalangan Gabus

Image
Sedekah Bumi ing Desa Kuryokalangan Assalamulaikum.WR.WB Adicara Sedekah Bumi ing desa Kuryokalangan dilaksanakan dina sabtu wage tanggal 22 syawal yen tanggal nasionale 8 agustus 2015. Sedekah Bumi ing dessa kuyokalangan diadaake katah acaranipun, inggih punika: Manganan ,  yaiku tradisi mangan bereng ing punden karo warga kuryokalangan ing punden. Tradisi kuwi diadaake kanggo ngenang para leluhur lan nambah rapet keakrabane. Dangdut ,  Diadaake sedina sakdurunge ana kethoprak. Dangdut diadaake kanggo halal bi halal warga Desa Kuryokalangan. Kethoprak , Merga ing Desa Kuryokalangan wonten kaleh dukuh, kethoprak diadaake saben dukuh  ing desa Kuryokalangan. Kethoprak diadaake kanggo rasa syukur dening Gusti Allah kerana hasil bumi sung melimpah. Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, mbok bilih wonten lepatipun atur kawula, kula nyuwun agunging samodra pangkasani. Wassalamualaikum  wr.wb Ujian Praktik 2016 (9B-03) Nama  : Alferi ariyanto marfiyansyah No   : 03 Kelas  : IX B

Subscribe Us