Sedekah Bumi Desa PEKALONGAN Winong

Sedekah Bumi
Desa Pekalongan

Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh

Sedekah bumi punika nggadhahi ancas kangge nyedhekahi mring warga amrih ayem tentrem, gemah ripah gesangipun para warga. Wonten saperangan ingkangn mastani bilih sedhekah bumi punika inggih "Bersih Desa" kangge ngresiki bebendhu ingkang wonten ing desa, amrih para warganipun saged gesang gemah ripah loh jinawe.

Adicara sedekah bumi ing desa pekalongan tanggal 18 september/besar 2015 dintene jumat kliwon. Biasanipun sedekah bumi desa pekalongan sasi apit dintene jumat kliwon nanging taun niki sedekah bumine sasi besar amargi dintene jumat kliwon mboten pas sasi apit.
Acaranipun inggih  punika kaping satunggal niku ngasta asahan dumugi pasarehan. Acaranipun kaping kaleh karawitan dumugi lapangan sakderengipun karnaval ingkang sesampunipun karawitan diterusaken karnaval. Ingkang nderek karnaval warga desa pekalongan. Ingkang karnavalan menika saben RT kuwi menika ndamel gunungan saking palawija, woh-wohan, lan kasilepun tiang tani menika digantungaken ing gunungan. lan ugi wonten drumband SMK AL-FALAH WINONG.

Wonten karnavalan warga desa pekalongan nderek mubeng desa pekalongan. Wonten karnavalan dipunwiwiti jam setengah sekawan ngantos jam gangsal.Wonten maleh diterusaken nanggap wayang kulit lanpucang diwiwiti jam setengah pitu nganti sesampunipun.

Cekap semanten atur kula mbokmenawi wonten atur atur kula ingkang kelintu kula nyuwun agungeng pangapunten.

Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh

Ujian Praktik 2016 (9B-29)
Nami :  Ramandha Wulansari
Kelas :  IX B
No. Absen :  29

Comments

Subscribe Us