Sedekah Bumi Dhukuh PARAS Tanjunganom Gabus

Yen arep wayah sasi apit, ing dukuh paras mesti dianankake acara kang jenenge sedekah bumi. Wong tuwo ing dukuh paras ngendika yen sedekah bumi kuwi tegese menehi bumi, menehi barang marang bumi (hasil bumi indonesia). Sedekah bumi menehi arti kanggo para wargo dukuh paras, yokuwi jejalok marang punden ing dukuh paras supayo dukuh kasebut biso dadi apek lan masyarakate podo rukon.

Acara sedekah bumi ing dukuh paras diwiwiti sedina sakdurunge,kanthi nganakake keramean kayata tanggapan ketoprak, wayang kulit, pengajian. Nanging  ing jaman sakiki, malah ono sing nanggap  campursari utawa dangdut. Acara keramean iki dadi tontonane wong sedeso.

Sakdurunge dinane tibo, biasane ing dukuh paras nganakake terbangan ing punden,kang di pimpin dening kyiayi paras utawa modin. Terbangan iki dihadiri wong akeh. biasane wong sing akeh kuwi biasane paro santri sang dukuh paras.

Yen pas dinane tibo, jam 10.00 esuk paro wargo dukuh paras wis nyepakake daharan utawo berkat. Daharan mau di gowo manyang punden paras, Ing punden daharan sing wis di kumpulake banjur di dongani dening sesepuh deso utawa modin. Sakwise di dongani, daharan mau  banjur di rahap babarengan lan wonten sing di gowo mulih. Kang kondangan ing punden mau ora mung wargo dukuh paras, nanging ugo ono wargo liyane kayata gabus, pondok, tanjung. Sakwise kondangan, acara selanjute yokuwi tontonan ketoprak. Acara iki di wiwiti jam 01.00 awan nganti jam 05.00 sore,lan yen wayah bengi di wiwiti jam 09.00 nganti jam 04.30 pajar, tontonan kuwi dadi kerameane ing dukuh paras.

Yen pas wayah wong budal sembayang magrib ing dukuh paras di anakake barongan,barongan iki ugo biso di arani acara keramen ing dukuh paras. Acara iki yokuwi kapisan wong kang nganggo barongan menyang marang punden lan nyembah marang punden. Tujuane yokuwi njaluk kaselametan marang kyiayi punden utawo mbah joyogati supayo wargo dukuh paras bisa urep kang rukun,ayem, seger waras, lan supoyo dukuh paras kuwi biso dadi apek saklawase. Sakwise kuwi barongan ogo ngubengi dukuh paras, biasane di ireng marang wong akeh.

Yen wayah jam 08.00 bengi,acarane yokuwi ketoprak. Acara iki di tonton wong akeh, malah ugo ono wong kang ora piukantuk kursi ing totontonan mau. Acara iki di wiwiti saking jam 09.00 bengi, Nanging durung tekan jam 09.00. Panggonane wis kebak wong akeh kang ndelok. Ing sekitare tacara ketoprak kuwi dalan dalan podho kebak kanggo wong dodol, mula yen arep liwat dalene sesek.

Ujian Praktik 2016 (9D-09)
Nami        : DIDIK PRANOTO
Kelas        : IX -D
No.absen  : 09

Comments

Subscribe Us