Sedekah Bumi Ing Sodudo Pati

Sedekah Bumi
Ing
Dhusun Sodudo

Assalammualaikum Warakhmatullahi Wabarakatuh.

Sedekah bumi ing Dusun Sodudo puniko di laksanaaken setahun sepindah, yaiku tanggal 16 wulan Apit. Biasanipun warga ing Dusun Sodudo puniko gotong royong iuran kangge nanggap Ketoprak “Siswo Budoyo” .

Nanggap ketoprak punika kangge tanda rasa syukur dumateng ngersane gusti Allah ingkang maringi pinten-pinten kanikmatan arupi panen, yaiku panen pari utawi panen palawija.

Biasanipun sak derenge kethoprak di mulai wonten syukuran utawi bancakan teng panggenanipun Bapak kepala dusun amargi panggungipun kethoprak wonten ing pelataripun Bapak Kepala Dusun.

Kethoprak Siwo Budaya dimilai jam setunggal siang ngantos jam gangsal sonten. Sak lajengipun dimilai maleh jam songo dalu ngantos jam sekawan enjing .

Wassalamualaikum wr. Wb

Ujian Praktik 2016 (9B-17)
Nami            :  Ilyas Kusuma Wijaya
Kelas            :  9-B
No. absen     :  17

Comments

Subscribe Us