Crita Asal-usule Desa Gabus Pati

Asal-Usule
Desa Gabus
      
       Rumiyin kala, sakderengipun kawastanan desa Gabus, wonten saktunggaling penggedhe desa,asmanipun Kyai Tunggul Pawenang.Kyai Tunggul Pawenang kagungan putri ingkang sulistyaning warni asma Rara Nawangsih.Kasulistyanipun sampun kawentar dumugi desa-desa sakiwa tengenipun. Awit saking punika kathah para taruna ingkang kesengsem kaliyan Rara Nawangsih.Salah satunggalipun inggih punika Joko Wahyu, putranipun Kyai Rujak Beling saking desa Katan Lor. 
      Awit saking panyuwun putranipun, Kyai Rujak Beling sowan wonten dalemipun Kyai Tunggul Pawenang sakperlu nglamar Rara Nawangsih.Kyai Tunggul Pawenang dangu, ”Nduk, iki sliramu dikersakake Kyai Rujak Beling krama karo putrane kang aran Joko Wahyu. Apa sliramu sarujuk?” Rara  Nawangsih katingal ribeting penggalih, awit dereng nate mangertosi Joko Wahyu, taruna ingkang dipunkersakaken ingkang Rama. Ananging saking bektinipun, Rara Nawangsih matur, ”Sumangga, kula naming ndherek kersanipun Rama". Pungkasing atur Kyai Tunggul Pawenang saged nampi panglamaripun Kyai Rujak Beling.
       Dangu mangsa sampun kaliwat boten wonten utusan Kyai Rujak Beling ingkang sowan sakperlu nerasaken pirembagan ngengingi panglamaripun.
     Saktunggalipun dinten, wonten taruna gemlethak ing ngajeng dalemipun Kyai Tunggul Pawenang kanthi tatu arang kranjang. Katiti priksa, pranyata taksih gesang. Kyai Tunggul Pawenang nimbali Rara Nawangsih, ”Ndhuk, cepet godhokna banyu! Gawa rene! Resikana tatune, Bapak arep gawe tambane.” Rara Nawangsih kanthi prigel ngresiki tatunipun. “Iki boboke, ndang dibobokke tatune, ”dhawuhe Kyai Tunggul Pawenang. Tigang dinten dangunipun, Rara Nawangsih kanthi sabar saha gemati mboboki tatunipun, saengga taruna kalawau saged tangi enget malih. 
      Kyai Tunggul Pawenang lajeng dangu,”He, kanoman, sakjane sliramu kuwi sapa, saka ngendi lan kena apa nganti nandhang tatu kang kaya mangkene iki?” Taruna kalawau mangsuli, “Nuwun sewu, Ki Ageng. Kula asma Damarjati. Prajurit saking Mataram. Kula keplajar saking paprangan ing tlatah Sela. Kula aturaken gunging panuwun awit sampun paring pitulungan.” “Ya wis, nek ngono. Sliramu ngasoa dhisik. Putriku iki mengko kang bakal nambani tatu-tatumu kuwi.”
      Selapan dinten dangunipun Damarjati manggen wonten dalemipun Kyai Tunggul Pawenang. Badanipun sampun seger uger kadhos wingi uni. Nawangsih ingkang nenamba lan leladhos kanthi sabar lan lilaning penggalih, nuwuhaken raos tresna ing manahipun Damarjati. Semanten ugi Nawangsih. Bebasan “Witing tresna jalaran saka kulina”. Dhasar Damarjati taruna mudha ingkang gagah pidheksa, semanten ugi Nawangsih kenya ingkang sulistyaning warna. Kyai Tunggul Pawenang mrangguli kawontenan ingkang kadhos makaten, ananging boten kuwawi ngalang-alangi. Malah kepara renaning penggalih, amargi kepranan marang kapribadenipun Damarjati.
      Sambung tresnanipun Nawangsih lan Damarjati kapireng dumugi Katan Lor. Kyai Rujak Beling nuli utusan abdinipun saperlu miterang dumateng Kyai Tunggul Pawenang. Nampi utusan saking Kyai Rujak Beling, Kyai Tunggul Pawenang semu kaget ing penggalih. Awit saking dangunipun, Kyai Tunggul Pawenang nginten Kyai Rujak Beling boten mbacutaken pirembagan anggenipun badhe bebesanan. Kyai Tunggul Pawenang rumaos lepat, ananging ugi boten tegel megat tresnanipun Nawangsih lan Damarjati. Bebasan “Anak polah Bapa kepradah”, Kyai Tunggul Pawenang paring wangsulan marang utusanipun Kyai Rujak Beling mbok bilih sampun murungaken rembag.
      Rumaos dipunwirangaken, Kyai Rujak Beling muntab, ngerigaken wadya balanipun saperlu ngluruk perang. Kyai Rujak Beling dipun sengkuyung Ki Ageng Kedalingan lan Ki Ageng Sinom. Sedaya sami sabela wirang dhumateng Kyai Rujak Beling. Pasang solah wadya balanipun Kyai Rujak Beling damel girising sedaya warga ingkang kalangkungan.
      Kyai Tunggul Pawenang ingkang sampun nginten kawontenan kadhos makaten, nuli nyuwun pambiyantu Kyai Jagabaya, Kyai Dalim, Kyai Ganggamina saha Kyai Siwatu. Kyai Tunggul Pawenang lan wadya balanipun mapag Kyai Rujak Beling wonten sakpinggiripun lepen tapel wates kidul dusun. Kedadosan perang ageng ngantos pitung dinten laminipun. Sampun kathah wadya bala ingkang nemahi bilahi, ananging dereng wonten tandha-tandha perang paripurna. 
      Kyai Tunggul Pawenang rumaos susahing manah, nuli enggal ngedika,”He, Kyai Rujak Beling, unjering perkara iki mung antarane aku karo kowe. Mula aja nganti nggawa kurban wadya bala lan warga kang ora!” “Lha karepmu kepriye?” wangsulanipun Kyai Rujak Beling. “Wis, iki perangku karo kowe. Ayo dha jupuka watu njur dicemplungake jero kali kuwi. Sok sapa wae sing watune kelep, iku sing kalah. Lha sing watune kemambang, ya iku sing menang. Kepriye?”, ngendikanipun Kyai Tunggul Pawenang. Kyai Rujak Beling ingkang rumaos langkung sekti mandraguna hanyagahi panyuwunipun Kyai Tunggul Pawenang. “Ya, yen ngono karepmu. He, wadya bala, padha seksenana kabeh!”
     Kedadhosan adu kasekten, Kyai Rujak Beling mundhut watu nuli dipunsawataken saklebetipun lepen. Watu klelep. Lajeng Kyai Tunggul Pawenang ugi mundhut watu, dipun usap-usap kanthi nyuwung panguwasaning Gusti. Watu dipuncemplungaken saklebetipun lepen. Watu saged kemambang. Kadhos gunung jugrug sorak wadya balanipun Kyai Tunggul Pawenang tandha unggul yudanipun. Ewadene Kyai Rujak Beling kogeling manah amargi rumaos kawon. Wadya bala Katan Lor dereng saged nampi kasunyatan, sami bengok,”Dudu watu. Iku gabus, iku gabus, iku gabus!”. Kanthi kuciwaning manah Kyai Rujak Beling lan wadya balanipun wangsul datheng Katan Lor. 
Katitimangsa saking kedadhosan perang kalawau, tlatah papan panggenanipun Kyai Tunggul Pawenang lan sedaya bala sabiyantunipun kawastanan Desa Gabus.

Ujian Praktik 2016 (9B-02)
NAMI           : AHMAD SUWARDI
NO.ABSEN   : 02
KELAS         : IX-B

Comments

Subscribe Us