Adat Sedekah Bumi Desa Tambahmulyo Gabus

Sedekah Bumi
Desa Tambahmulyo

Assalamualaikum Wr.Wb.
Ingkang kanurmatan Bapak Tejo Susiratmoko ingkang pengampu mata pelajaran Bahasa Jawa saha para kanca kelas 9B ingkang kula tresnani.
Adicara sedekah bumi ing desa kula dipangeteni tanggal 11 september 2015 utawi tanggal jawanipun 28 Syawal utawi dinten sepasaran Ahad Wage. Lan tanggal 17 September 2015 utawi tanggal 3 Apit yakuwi dinten kamis Wage.
Ing tanggal 11 september 2015 jam 10.00 wonten kondangan utawi syukuran ing punden-punden. Siangipun wonten acara wayang kulit saking Bapak Murso ingkang di panggenaken wonten ing tambak utawi ngajeng dalemipun Bapak Salimin RT 01/RW 01.wayang kulit niku wau dilaksanakaken sedinten sedalu.
Lan uga ing tanggal 17September 2015 dinten Kamis Wage wonten acara ketoprak “Cahyo Mardiko”. Ketoprak niku wau dipanggenaken wonten ing dalemipun Bapak sarimin Rt 03/Rw 01 sedinten sedalu ingkang nyeritakake lakon ingkang sae lan wigatos sanget.Katah tiyang-tiyang ingkang ningali ketoprak niku wau.
Adicara sak derengipun wonten ketoprak niku wau uga diwontenake jalan santai ngubengi Dusun Tambahmulyo. Acarane rame sanget ingkang derek jalan santai wiwit saking bocah alit ngantos tiyang sepuh uga wonten.Jalan santai niku wau uga wonten hadiah ingkang menarik.
Adicara siangipun menika ketoprak ingkang lakone nyeritakake bab “Babad Pati”. Ceritanipun sae lan bisa nyukani wawasan lan nambah pangertosan.
Adicara wektu dalunipun uga wigatos lan rame sanget amargi didhatengi bapak Bpati Pati yakuwi Bapak Hariyanto kaliyan rencang-rencang sekalian.Uga wonten Bapak Petinggi Tmbahmulyo inggih menika Bapak Hadi Sukamto.
Ketoprak wektu dalunipun nyeritakake lampahan “Lutung Kasarung” lan acara wau dipungkasi kaliyan medalipun dagelan ketoprak niku wau ba’do jam setengah 4 pajar.
Cekap sementen atur kula bab sedekah bumi ing desa Tambahmulyo. Kupat duduhe santen,menawi lepat kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb. 

Ujian Praktik 2016 (9B-21)
Nami : Krisna Murti
Kelas : IX-B
No. absen : 21

Comments

Subscribe Us