Mulabukane Dhukuh POPOH Desa Sugihrejo

Asal-Usulipun
Dhukuh Popoh
(Desa Sugihrejo)

Asal-usulipun desa Sugihrejo dipunwiwiti saking cecongkrahane danyang Gabus kalian danyang Popoh. Ndek jaman mbiyen wonten bocah angen saking Gabus lan saking Popoh niku padha cecongkrahan antawisipun wonten retag. cecongkrahan niku dipunpicu masalah salah paham. Bocah menika padha pupoh-pupohan (cecongkrahan), mila dipunnamiake dukuh “Popoh”. Cecongkrahan menika ngantos dangu. Kathah warga ingkang pejah, amergi padha cecongkrahan. Salah satunggiling inggih menika mbah Guder. Mbah Guder seda amergi dipuntusuk kalian gaman (keris). Lajeng reteg ing Popoh niku dipunnameni retag ”guder”.

Gaman niku dipunasta wonten singgahan. Sakmenika gamane dislametake wonten singgahan, mila danyang singgahan niku dipunnameni mbah slamet. Gaman ingkang dipunasta dipunsimpen wonten dalemipun mbah Slamet, panggen dalemipun mbah slamet inggih menika panggen singgah akhiripun dipunparingi asma dukuh “Pasinggahan”. Griya punika dipundamel saking deling, lajeng warga ing sekitar (ing kidule) desa pasinggahan niku dipunnameni dukuh “kinjeng”. Lajeng wonten rejo-rejo saking ler (lor) mila dipunnameni desa “Sugihrejo”. Akhiripun masalah niku, mbah Mertoguna nggantosipun mbah Sarman dados pemimpin desa Sugihrejo.


Ujian Praktik 2016 (9D-15)
Nami     : Khairun Nabila
Kelas     : 9-D     
NO.Abs  : 15

Comments

Subscribe Us