Asal-usule Desa Sinomwidodo Winong

Ing abad XIV ,wonten Kerajaan Solo ing Desa Pancawati.Kerajaan niku wau gadah ratu.Ing sawijining dinten ratu niku ketemu marang gadis kang ayu.Gadis niku wau didadosaken garwa.Garwane kuwi gadah putra saking ratu wau,lan diasmanaken Sultan Suwarna.

Sanalika wektu umuripun Sultan Suwarna tesih alit,garwa ratu wau seda.Ratu wau bingung banjur sinten kang badhe ngurusi lan mbimbing Sultan Suwarna.Ing sawijining dinten, ratu wau ketemu tiang wadon sing ayu. Ratu wau tresna marang tiang wadon wau. Wong wadon wau didadoskan garwa sambungan. Garwane wau dikengken ngurusi Sultan Suwarna. Sesampunipun lare jaler-jaleripun kalih.

Wektu lare kalih-kalihipun wau sampun ageng ratu wau duwe gadah penyakit kang mboten saget ditambani. Banjur ratu wau mikir sinten kang dados ratu penggantine ing kerajaaan wau. Ratu wau dadosaken larene kang saking garwa sambungane dados ratu. Sesampunipun ngangkat putrane wau dados ratu, ratu niku langsung seda. Sanalika wektu, ratu niku seda, Sultan Suwarna berontak ratu anyar niku, amarga deweke kepingin dados ratu ing kerajaan, malah mboten didadeaken ratu. Sultan Suwarna kepingin mateni sederek jaleripun wau. Akhire, kepinginanipun wau kesampaian Sultan Suwarna dados buron laron teng kerajaan wau. Sultan Suwarna mlayu teng daerah wau. Sultan Suwarna nyamarke asmanipun Jaka Sengkreng.

Jaka Sengkreng iku wau delik teng kali kang dipuntambak kalih watu sakniki diaranipun desa mbak sela. Dewekopin wau mlayu maneh ing asem ligi lan dipek mantu tiang sepuh teng asem ligi wau, asem ligi wau di asmakake Sem Legi. Sesampunipun diasmakake Sem Legi, wit witan utawi alas ingkang daerah niku dibabat. Akhire daerah Semligi dados Desa Sinomwidodo, amargi saking alas kang dibabat.

Sesampunipun asmane Sinomwidodo, Jaka Sengkreng seda. Sinomwidodo gadahi teges Sinom tegesipun godong asem (asem ligi) kang dipun babat lan alas-alas kang dibabat. Widodo tegese slamet, amargi Jaka Sengkreng slamet saking buron larone niku wau. Sakniki dipun arani Mbah Sengkreng lan makame teng sinceh.

Ujian Praktik 2016 (9B-32)
Nama : Riza Meri Pujiandriani
Kelas : 9B
No.    : 32 

Comments

Subscribe Us