Posts

Showing posts with the label Sesorah Basa Jawa

Urutane SESORAH utawa Pidato Basa Jawa

Image
Urutane Sesorah utawa Pidhato 1.   Salam Pambuka Salam pambuka punika limrahipun saged dipun jumbuhaken kaliyan kawontenan, tuladhanipun kadosta : ·       Nuwun kula nuwun... ·       Sugeng rawuh, sugeng lenggah kanthi eca sakeca ·       Sugeng dalu, sugeng siang, sugeng sonten ·       Assalamu’alaikum Wr. Wb,, lsp. 2.   Atur Pakurmatan Atur Pakurmatan punika katujokaken dhumateng sinten kemawon ingkang rawuh ing acara kasebut. Biasanipun saking ingkang pangkatipun inggil lajeng mengandhap, utawi ingkang sepuh dhumateng ingkang enem. Malah kepara kangge pakurmatan mbok bilih ingkang ngendika punika piyantun jaler, ingkang kasebut rumiyen wonten pakurmatan punika piyantun estri utawi sawangsulipun. Kangge nyebat jabatan menawi mboten kanthi namanipun mboten kedah nyebat Bapak/Ibu, cekap dipun sebat jabatanipun  kemawon. Tuladhanipun atur pakurmatan inggih punika : Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bapak Sutrisna  minangka Camat Pati sekaliyan Ibu. Ingkang ki

Sesorah Basa Jawa (13)

Image
TUGAS BAHASA JAWA “PIDATO BAHASA JAWA” Kelas : IX-B Nama ANggota : 1.Frista Ayudya Ariyani   (15) 2.Karena Candra Mustika (19) 3.Krisna Murti                   (21) 4.M. Luki Irfan Maulana   (24) TAHUN AJARAN 2015/2016 Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan. Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika. Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak I

Album Video Tugas SESORAH BASA JAWA

Image
Kumpulan Video Tugas SESORAH BASA JAWA Peserta Didik Kelas 9 SMP Negeri 1 Gabus Tahun Pelajaran 2015/2016

Sesorah Basa Jawa (12)

Image
Sesorah Babagan Narkoba Assalamu’alaikum Wr. Wb. Katur panjenenganipun Ibu kepala sekolah ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati,  rencang-rencang ingkang kula tresnani. Namung sakderengipun, langkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur  wonten ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih  pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin. Kepareng kula matur sakantawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal  menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi  Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung- langkung agami, awit sosinteno ingkang ngonsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir  saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi  kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi  narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kado

Sesorah Basa Jawa (11)

Image
Sesorah Perpisahan Assalamualaikum  wr. wb. Inkang kinurmatan ibu kepala SMP Negeri 1 Gabus, ingknag kinurmatan Bapak/Ibu guru sarta staf karyawan karyawati SMP Negeri 1 Gabus, sarta adik-adik kelas 7,8 lan kanca-kanca sedoya inkang kula tresnani. Mangga kula dherekaken puja-puji syukur dumateng kehadirat Allah swt. dene ing dinten niki panjenengan sampun sage rawuh ing acara “perpisahan kelas 9”. Ing mriki, kula ajeng ngaturaken matur suwun dumateng Bapak lan Ibu guru kang sampun didik kula lan rencang-rencang sedoyo kaliyan sabar nganti lulus. Pituturku kanggo adik-adik kelas 7 lan 8 supaya tambah sregep sinau, wigati marang guru lan ditambah prestasine. Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, saumpama wonten salah lan lepat kawula nyuwun pangapunten. Wassalamualaikum wr. wb. Anggota Kelompok : Diah Retno Fitrianingsih  (08) Kezia Puspita Firdaningrum  (15) Krisna Bayu Siwi              (16) M. Khoirul Amin              (18)

Sesorah Basa Jawa (10)

Image
Sesorah Perpisahan Assalamualaikum wr.wb Bapak ibu guru,karyawan karyawati smp negeri 1 gabus ingkang tansah kinurmatan. Para adhi kelas inggih punika kelas7,8 lan kanca kanca kelas 9 ingkang kula tresnani. Pudya pudyastuti muga katur ing ngarsane pangeran. Awit karahayon sing wis diparingake gusti marang kita, mula kita bisa kumpul ing papan panggonan iki kanthi kabagaswarasan ora ono alangan satunggalipun.                                                                                                                                                                      Bapak ibu guru saha karyawan ingkang kula kinurmatan. Kados kita mangertosi sedaya, bilih kelas 9 sampun nglampahi ujian nasional. Sesampunipun nglampahi ujian nasional, kelas 9 inggih sakedap maleh nampi tuwin ngentosi pengumuman. Mugi mugi kemawon semangke menawi pengumuman sedaya saged lulus. Para bapak, ibu guru, para karyawan,lan para kanca ingkang kula tresnani, kados kawuningan bilih kelas 9 sampun nglampahi seda

Sesorah Basa Jawa (9)

Image
Perpisahan Sekolah Assalamualaikum wr.wb. Ingkang kinurmatan, ibu Suparkin selaku kepala sekolah, ingkang kinurmatan bapak wakil kepala sekolah,ingkang kinurmatan bapak/ibu guru,serta siswa-siswi smp negeri 01 gabus ingkang kula tresnani. Mangga kita sedaya dherekaken puji syukur dumateng Tuhan ingkang maha kuasa,ingkang sampun maringi nikmat lan kwarasan marang kita sedaya. Sehingga kita saged kumpul ing adicara perpisahan kelas 9 niki. Kula wakil saking rencang rencang kelas 9 ngaturaken matur nuwun ingkang sampun mbulawantah kula lan rencang rencang ing sekolahan menika. Mboten keraos kula rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten adicara niki ,kula lan rencang rencang nyuwun agenging pangapunten dhumateng bapak/ibu guruamargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki. Kula lan sak rencang mebo menawi gadhah kelepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengojo. Mugi-mugi bapak/ibu guru kerso ngapuuntenakan sedaya kelepa

Sesorah Basa Jawa (8)

Image
Sesorah Perpisahan Assalamualaikum wr.wb  Ingkang kinurmatan Ibu Suparkin selaku kepala sekolah SMP NEGERI 1 GABUS,ingkang kinurmatan bapak ibu guru kalain staff karyawan TU, ingkang kinumatan Bapak Tejo Susiratmoko selaku guru bahasa jawi kita,serta rencang-rencang ugi adik adik kelas 7 lan 8 ingkang kula tresnani. Puji syukur dhumateng gusti Allah SWT,ingkang sampun maringi kita kesehatan .Matur suwun sampun kersa rawuh dhumateng acara perpisahan kelas 9.Kula selaku wakil saking kelas 9 ,ngucapken matur suwun kangge bapak ibu guru sampun bimbing kita saking kelas 7 ngantos kelas 9.Katah ilmu ingkang sampun bapak ibu guru ngaturaken kangge kita, mugi mugi ilmu ingkang diaturaken bermanfaat. Kula kalian rencang rencang kelas 9 nyuwun ngapunten ingkang sedaya kesalahan kita dumateng bapak ibu guru.Mugi mugi bapak lan ibu guru ngapuraken kita sedaya murid kelas 9,lan ibu guru ngapuraken kita sedaya saged nuthukaken sekolah ingkang kita impiaken lan supados gapai cita cita kang kita impia

Sesorah Basa Jawa (7)

Image
Sesorah Bahasa Jawa "Perpisahan" Sagung para rawuh ingkang bagyo mulyo, Lebet kesempatan menika, keparinga kulo ngantosaken agungeng matur sembah nuwun dhateng Bapak ugi ibu guru sedaya. Berkat bimbingan Bapak ugi ibu pindhah, kula sakanca saged dados maketen. Saged maos, saged nyerat, saged mical ugi saged gegulang kagem dados manusia ingkang sayektos. Mboten sanes menika kewau awit saking telatenipun panjenengan sedaya mbimbing kita. Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, atur panuwun ugi kita aturaken awet saking kesabaran maraki tingkah polah kula sakanca ingkang kadang ngasta jengkel lan dhuka. Jasa panjenengan sedaya saestu mboten badhe nate kita kalimenganaken sapanjang sugeng kita. Kagem rencang-rencang sedaya, menika yaiku dinten pegengan kita sedaya teng SMP menika. Awrat raosipun pancen. Saben dinten kita sedaya salajeng sareng. Gumujeng, gegojekan, geguyon, Satuhu, sedaya kenangan punika mboten badhe nate kelimenganaken. Mbasi dinten menika kita sedaya megeng, sumangg

Sesorah Basa Jawa (6)

Image
Sesorah Basa Jawa Assalamu'alaikum wr. wb. Ingkang kinurmatan  Ibu Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi saha rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani. Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat saha kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sakmanika. Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo saha sak rencang- rencang dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa. Mboten keraos kula saha rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkan

Sesorah Basa Jawa (5)

Image
Sesorah Basa Jawa Assallamuallaikum Wr. Wb. Para bapa lan Ibu dwija ingkang tansah kulo hormati. Para rawuh wredho taruna ingkang kinurmatan. Monggo kulo nderekaken sami ngaturaken puji saha syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring pinten – pinten rahmat, nikmat saha hidayatipun dhumateng kito sedoyo, sahinggo saget makempal wonten ing meniko panggenan kanthi kawontenan sehat. Para rawuh ingkang satuhu pantes kinabekten. Kanthi raos trenyuh ing manah saha kumembenging waspo, keparengo kulo matur. Dhumateng para bapa lan ibu dwija ingkang panthes tinuladha. Bilih sakdangune pinten – pinten warso tansah anggula wentah tuwin paring piwulang dhumateng kito sedoyo, ilmu ingkang migunani wonten ing bebrayan agung, mboten ngetang wekdal saha panggenan. Kanthi meniko kito ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpo upami. Kulo naming saget nyenyuwun dhumateng Allah SWT.  mugiyo  paring piwales ingkang satraju. Dene mbokmenawi wonten klentha klentune tumindhak ingkang kasengojo saha mbote

Sesorah Basa Jawa (4)

Image
Dipun Anggit dening: 1. Luluk Nur Fadhillah M (17) 2. Nurul Ahsani Alfiah (22) 3. Wahid Septianto (31) 4. Wiwit Diyah Ayu (32) Sekolah Menengah Pertama (SMP) Negeri 1 Gabus Kabupaten Pati Tahun Pelajaran 2015/2016   Sesorah Adicara Perpisahan Assalamualaikum Wr. Wb. Ibu kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu guru  ingkang satuhu kinurmatan, Para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan, Rayi kula kelas VII saha VIII saha kanca-kanca kelas IX ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ingkang tanpa kendhat awujud kasarasan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sami. Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti ingkang hakarya jagat kula panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal saperlu hangrawuhi adicara ing kalenggahan menika kanthi wilujeng  ing sambikala. Kadang kula kelas VII saha VIII ingkang kula tresnani, sekedhap malih kula sakanca kelas IX badhe nilaraken pawiyat

Sesorah Basa Jawa (3)

Image
Sesorah Perpisahan Assalamu'alaikum Wr.Wb Salam kawilujengan kangge kita sadaya.  Ibu Kepala Sekolah ingkang tansah kinurmatan. Bapak/Ibu guru saha Staf Karyawan Tata Usaha ingkang kula urmati. Rencang-rencang ingkang kula tresnani.Langkung rumiyin sumangga kita sadaya dalasan kula amuji syukur dumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung amargi taksih pinaringan rahmad lan hidayahipun,katitik sami taksih pinaringaken makempal wonten ing papan punika,kanthi wilujeng nir ing sambekala. Para rawuh ingkang kinurmatan,kula minangka wakil siswa-siswi  kelas IX ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan tuwin katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged ngerampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun kaparingaken tigang tahun. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT,saha tansah pinaringan kasarasan. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten ,awit kula sakanca asring d

Sesorah Basa Jawa (2)

Image
Sesorah Perpisahan Assalamu’alaikum Wr. Wb. Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapa/Ibu Guru ingkang kula hurmati, rencang saha adik-adik ingkang kula tresnani. Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun anglubleraken rahmat serta hidayahipun, dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing papan punika kangge ngawontenaken perpisahan. Bapak / Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, boten kantun kula minangkani wakiipun murid kelas 9 ngaturaken agunging panuwun awet saking sih katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah lan mulang wuruh dhumateng kawula, saengga kawula saged ngrampungaken sekolah sdangunipun kirang langkung 3 tahun. Bapak/ ibu guru tuwin adik-adik ingkang satuhu kula hurmati, sekedhap malih kula serencang ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar bapak/Ibu guru saha adik-adik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kapeksa kula sekanca nilaraken Bapa/Ibu saha adik-adik kelas sedaya. Mekaten atur kawula, inggih

Sesorah Basa Jawa (1)

Image
Sesorah Perpisahan Assalamu'alaikum wr. wb. Ingkang kinurmatan Ibu Kepala Sekolah saha Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 9 ingkang kula tresnani. Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan kelas 9 sak manika. Kula, wakil saking rencang-rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak/Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa. Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara meniki, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak/Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun

Subscribe Us