Sesorah Basa Jawa (4)



Dipun Anggit dening:

1. Luluk Nur Fadhillah M (17)
2. Nurul Ahsani Alfiah (22)
3. Wahid Septianto (31)
4. Wiwit Diyah Ayu (32)




Sekolah Menengah Pertama (SMP) Negeri 1 Gabus
Kabupaten Pati
Tahun Pelajaran 2015/2016


Sesorah Adicara Perpisahan

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ibu kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni,
Bapak saha Ibu guru  ingkang satuhu kinurmatan,
Para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan,
Rayi kula kelas VII saha VIII saha kanca-kanca kelas IX ingkang kula tresnani.

Puji syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ingkang tanpa kendhat awujud kasarasan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan sami. Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti ingkang hakarya jagat kula panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal saperlu hangrawuhi adicara ing kalenggahan menika kanthi wilujeng  ing sambikala.

Kadang kula kelas VII saha VIII ingkang kula tresnani, sekedhap malih kula sakanca kelas IX badhe nilaraken pawiyatan wonten SMP 1 Gabus menika. Awit saking menika mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan sedherek sedaya wonten kalepatan saha kekhilafan ingkang sengaja punapa boten kasengaja kula minangka sulihipun kanca-kanca nyuwun agunging pangapunten.

Wonten mriki kula paring pepeling dhateng rayi-rayi kula sedaya mugi – mugi sasampunipun kula sakanca medal saking pawiyatan mriki rayi kula kelas VII saha VIII  sageda dados siswa – siswi  ingkang tansah mbangun turut dhumateng Bapak saha Ibu guru saha dados siswa ingkang pinter saha kreatif.

Rayi kula kelas VII saha VIII ingkang kula tresnani, 
kula tansah dedonga saha memuji mugi – mugi rayi kula ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pinaringan pangayomanipun Allah SWT saha semanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu dhumateng para rayi kula mugi – mugi kula saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.
 Para rawuh ingkang kinurmatan,
kula minangka sulihipun siswa-siswi  kelas IX ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan tuwin katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged ngerampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun kaparingaken tigang tahun. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT,saha tansah pinaringan kasarasan. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten ,awit kula sakanca asring damel Bpak/Ibu guru kuciwa awit saking atur solah bawa kula sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan.
Wasana, semanten atur kula minangka sesulih saking kanca-kanca kelas IX sedaya,  mbok bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr Wb

Comments

Subscribe Us