Sesorah Basa Jawa (2)

Sesorah Perpisahan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapa/Ibu Guru ingkang kula hurmati, rencang saha adik-adik ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun anglubleraken rahmat serta hidayahipun, dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing papan punika kangge ngawontenaken perpisahan.

Bapak / Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, boten kantun kula minangkani wakiipun murid kelas 9 ngaturaken agunging panuwun awet saking sih katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah lan mulang wuruh dhumateng kawula, saengga kawula saged ngrampungaken sekolah sdangunipun kirang langkung 3 tahun.

Bapak/ ibu guru tuwin adik-adik ingkang satuhu kula hurmati, sekedhap malih kula serencang ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar bapak/Ibu guru saha adik-adik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kapeksa kula sekanca nilaraken Bapa/Ibu saha adik-adik kelas sedaya.
Mekaten atur kawula, inggih punika sepisan ngaturaken panuwun,lan ingkang kaping kalih nyuwun pamit badhe nilaraken pawiyatan.

Kula serencang kelas 9 tansah nyenyuwun lan ndedonga mugi adik-adik sageda hasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika.

Mboten kantun ugi kula sekanca tansah memuji dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi, supados Bapak/Ibu guru saha adik-adik pikantuk rahmating pangeran, wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Kula kinten mboten prayogi menawi atur pamitan punika kula pepanjang, pramila cekap semanten atur kula, mbok menawi wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Dening:
1. Gebby Rahadewi P
2. Erna Fifi H.
3. Khoirunnisa R.K
4. Rofiana B..A.S.D

Comments

Subscribe Us