Sesorah Basa Jawa (3)

Sesorah Perpisahan

Assalamu'alaikum Wr.Wb

Salam kawilujengan kangge kita sadaya. Ibu Kepala Sekolah ingkang tansah kinurmatan.
Bapak/Ibu guru saha Staf Karyawan Tata Usaha ingkang kula urmati.

Rencang-rencang ingkang kula tresnani.Langkung rumiyin sumangga kita sadaya dalasan kula amuji syukur dumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung amargi taksih pinaringan rahmad lan hidayahipun,katitik sami taksih pinaringaken makempal wonten ing papan punika,kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Para rawuh ingkang kinurmatan,kula minangka wakil siswa-siswi  kelas IX ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan tuwin katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged ngerampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun kaparingaken tigang tahun. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT,saha tansah pinaringan kasarasan. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten ,awit kula sakanca asring damel Bpak/Ibu guru kuciwa awit saking atur solah bawa kula sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan.

Para Bapak/Ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu,mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan ngriki kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan candhakipun. Makaten ugi mugi-mugi adhik-adhik kelas VII lan kelas VIII saged kasil ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae.

Para rawuh ingkang kinurmatan, makten atur kula. Bokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun , kula nyuwun agunging samudra pangkasami.

Nuwun,
Wassalamualaikum Wr.Wb 

Anggota Kelompok:
1. Adelia Intan Ayu Permata P. - (01)
2. Alfian Adi Rahmawan - (04)
3. Wiwit Diyah Ayu Lestari - (33)
4. Yan Adhiksa Sasono - (34)

Comments

Subscribe Us