Sesorah Basa Jawa (10)

Sesorah Perpisahan

Assalamualaikum wr.wb

Bapak ibu guru,karyawan karyawati smp negeri 1 gabus ingkang tansah kinurmatan. Para adhi kelas inggih punika kelas7,8 lan kanca kanca kelas 9 ingkang kula tresnani. Pudya pudyastuti muga katur ing ngarsane pangeran. Awit karahayon sing wis diparingake gusti marang kita, mula kita bisa kumpul ing papan panggonan iki kanthi kabagaswarasan ora ono alangan satunggalipun.                                                                                                                                                                     
Bapak ibu guru saha karyawan ingkang kula kinurmatan. Kados kita mangertosi sedaya, bilih kelas 9 sampun nglampahi ujian nasional. Sesampunipun nglampahi ujian nasional, kelas 9 inggih sakedap maleh nampi tuwin ngentosi pengumuman. Mugi mugi kemawon semangke menawi pengumuman sedaya saged lulus.

Para bapak, ibu guru, para karyawan,lan para kanca ingkang kula tresnani, kados kawuningan bilih kelas 9 sampun nglampahi sedaya kegiatan wiwit ujian sekolah, ujian praktek, lan ujian nasional. Namung donga saha panjurung saking sedayanipun, mugi mugi kula sakanca saged lulus sedaya. Saha dhumateng bapak ibu guru karyawan saha adhi adhi, mbok wonten lepat kula sakanca sedanguning kula kekancan tuwin bergaul kaliyan adhi adhi, kula nyuwun agunging pangapunten.

Cekap sementen atur kula, wonten kirangan trapsila atur kula,kula nyuwun pangapunten

Wassalammualaikum wr.wb

Anggota Kelompok 9C :

  • Nanang Gunawan (21)
  • Nurul Irda O.       (24)
  • Nurul Sofia          (25)
  • Raditya Daffa      (29)

Comments

Subscribe Us