Sesorah Basa Jawa (6)

Sesorah Basa Jawa


Assalamu'alaikum wr. wb.

Ingkang kinurmatan  Ibu Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi saha rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat saha kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sakmanika.

Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo saha sak rencang- rencang dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kula saha rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo saha mboten disengojo. Mugi-mugi Bapak/Ibu guru kersa ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo saha rencang-rencang.

Satuhunipun kulo saha  rencang awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo saha rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo saha rencang - rencang kedah saged dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. wb.

Anggota Kelompok:
1. Kristina Susi S. - (16)
2. Puspa Dara A. - (23)
3. Reni Desiani - (24)
4. Siti Muzayanah - (28)

Comments

Subscribe Us