Posts

Cerkak Widya Wisata ing Trans Studio Bandung

Image
STUDY TOUR TRANS STUDIO BANDUNG Nalika aku kelas 8, sekolahanku ngadakake karyawisata ning Trans Studio Bandung. Persiapan kaet ape mangkat nganti tekan Trans Studio Bandung tak persiapke temenanan. Kumpul ing sekolahan yaiku jam 1 awan, nalika balek sekolah terus di terke masku tekan sekolahan. Sakwise aku tekan sekolahan bus pariwisata wes mberah kaet no 1 nganti 6. Jam 02 awan bocah bocah kelas 8 wes podho ngumpul ing SMP N 01 GABUS kabeh. Sakwise bapak panitia karyawisata ngabsen bocah bocah, bus pariwisata berangkat. Aku di tempatke neng bus no 04 jejeranku kae yakuwi mbg Nopik.  Nalika jam 4 subuh, bus pariwisata seng tak tumpaki wes tekan Rumah makan sekitar bandung. Bocah bocah di dawuhi ados, salen klambi lan persiapan arep neng wahana Trans Studio Bandung. Sakdurunge tekan Trans Studio Bandung bus mandeg neng Musium Geologi Bandung, sekitar 1 jam bocah bocah ngamati barang barang kang ono neng musium geologi. Sakwise metu saka musium geologi Bus siap neng Trans Sutdio Bandung

Crita Babagan Desa Gabus

Image
Asal-Usul Desa Gabus Ing jaman biyen,wonten peperangan antara kadipaten Carangsoko kaliyan kadipaten Paranggaruda,nalika wau wonten salah sijining pasukan kang ngelak lan ajeng nyuwun ngaso. Pasukan niku wau lungguhy ing ngisore wit klopo. Teng ngisor wit klopo wau wonten tiyang kang sampun sepuh. Ora nyuwun amit nuwun sewu, pasukan mau malah tumindak kurang ajar kaliyan tiyang sepuh, nalika ajeng mundhut klopo. Tiyang sepuh niku wau ngomong ning njero batin "Nek klopo kuwi dibelah, bakal akeh iwak gabus ning njerone". Tiyang sepuh kang mbatin wau ninggalake para pasukan. Pasuka niku wau langsung mbelah klopo. Bareng klopo iku wau dibelah, ora ana toyane, malah kathah iwak gabuse Nalika iku prajurite ngendikan "Nek ono reja rejane jaman panggonan iki tak jenengake Desa Gabus. Sumberipun : sesepuh Desa Gabus Ujian Praktik 2016 (9C-gbs)

Crita Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo Gabus Pati

Image
Asal-usul Desa Sugihrejo Sadurunge desa sugihrejo digawe wonten sekawan yaiku dukuh popoh, kinjeng, singghan, lan pakis. Pas iku onten pertempuran antarane dukuh popoh lan desa gabus ing pertempuran iku gunakake keris. ing petempuran onten masalah cilik yakuwi salah paham lan salah sijine wong dipupoh. Akeh wong seng mati,salah sijine mbah guder. Jasad mbah guder dimakamke ing sekitar retek,sehingga ngasi saiki diparingi asma retek guder. Perkara jerik payah mbah guder ngasi saiki diparingi asma dukuh popoh. Seteruse keris sing digunakke ing pertempuran iku disinggahke ing omah mbah slamet. Mbah slamet iku wong wadon sing dianggep sesepuh paling apek. Nganti saiki keris iku teseh lan makam mbah slamet dimakamke ing omahe. Saingga akhire disebut dukoh pasinggahan. Ing perjalanan bali, sekelompok wong sing ngembunyekke keris dihadang wong elek. Wong iku gunakake cemeti. Omah pas iku digawe soko pring,sehingga wong sing ono ing jero omah nginjen.seingga ngasi saiki disebut dukuh kinjeng.

Crita Legenda Asal-usule Desa Tanjunganom

Image
Asal-usule Desa Tanjunganom Ing jaman samono wonten keraton kang ageng, keraton niku wau duweni  Ratu wadon kang rupane ayu. Keraton iku manggen ing tengah desa. Amarga duweni Ratu kang ayu dadi ne katah para pemuda kang kasmaran kaleh Ratu kang asmane Dhara Wati. Sanadyan Ratu Dhara Wati sampun sepuh, Dara Wati iseh ketingal enom. Ing salah setunggale dinten Dhara Wati nandur wit ing keratone, saben dina ne Dhara wati nyirami wit niku wau. Sak wise berpuluhan tahun wit kang di tandur Dhara Wati dadi wit kang ageng. Ing salah sijine dinten keraton niku wau wonten udan kang deres lan ora mandek-mandek, amarga kuwi kabeh lemah ora ketok utowo bahasane sakniki banjir. Nanging keratone Dhara Wati ora keno banjir,amarga kedadian niku Dhara Wati melas kaleh desa kang keno banjir. Banjur Dhara Wati negor wit kang di tandur ing Keratone, kangge ngilangke banyu banjir. Amarga banjir ilang Dhara Wati njenengi panggona niku dados Desa Tanjunganom, kang artine "Tanjung" yakuwi semenanjun

Cakepan Tembang Macapat Gambuh

Image
Tembang Macapat Gambuh Tutur kang leres iku, Sejatine apantes ditiru, Nadyan medal  saking wong andhap papeki, Lamun apik nggone muruk, Iku pantes kowe enggo. Ujian Praktik 2016 (9C-29) Anggitan: Raditya Daffa Muhammad Firdaus IX-C / 29

Crita Babagan Sedekah Bumi Ing Desa Gabus

Image
Ujian P raktik B asa J awa Crita B abagan S edekah B umi I ng Desa G abus   C andra A yu V ovianti Kelas 9C / 06 SMP NEGERI 1 GABUS TAHUN PELAJARAN 2015/2016 Sedekah Bumi Wonten Desa Gabus Wonten dhusun gabus punika saben setaun sepisan ing wulan apet dipunwonten sedekah bumi. Sedekah bumi punika budaya ingkang kedah pun dilestarikaken, amargi sedekah bumi kalebet warisan budaya  saking leluhur. Kita ingkang dados generasi enom kedah jagi kalian kelestarikaken nipun mboten dipundut kalian negari sanes. Milanipun, kersanipun budaya kita mboten ical. budaya sedekah nika wonten kalih geh menika sedekah laut kalian sedekah bumi. Sedekah laut geh menika doa utawi bersyukur kalih allah SWT ingkang sampun maringi eiseki saking hasil laut kados to ulam, sarem. Menawi sedekah bumi geh menika doa utawi bersyukur kalih Allah SWT ingkang sampun maringi riseki saking hasil bumi kados to hasil tani geh menika wos, palawija.  Ingkang biasanipun ing dhusun gabus geh meniaka sedseakah bumi. ingkang d

Crita Legenda Asalmulane Dhukuh SEDAYU

Image
Asal Mulane Dukuh Sedayu Nalika jaman semono wonten wong kang namine Mpu Supo. Mpu Supo kuwi saged damel gaman opo wae ingkang sakti mandraguna. Mpu Supo didawuhi damel gaman persis utawa sami gamane Kemaduan. Lan wonten ingkang namine Yuyu Rumpung utawa Adi Pati Minakjinggo. Yuyu Rumpung utawa Adi Pati Minakjinggo kuwi gadah gaman ingkang sakti, sing damel Mpu Gandreng. Gaman ingkang damele Mpu gandreng kuwi saged kangge ing segoro kang ombo lan gede mboten nganti kelep. Mpu Supo pengen damel gaman ingkang podo lan sakti kembar gamane Yuyu Rumpung utawa Adi Pati Minakjinggo. Mpu Supo ggadah niatan ingkang elek yaiku nyileh gaman saking Yuyu Rumpung, terus gaman mau dipalsuke, lan palsuane kuwi sing diwenehke meleh  marang Yuyu Rumpung  utawa Adi Pati Minakjinggo. Yuyu Rumpung utawi Adi Pati Minakjinggo kuwi pengen jajal meleh gamane mau, dijajal kangge nyebrang segoro, nanging Yuyu Rumpung kuwi malahan kelep ing jeroning segoro. Yuyu Rumpung kaget lan ngerti yen gamane mau di ijoli ma

Crita Legenda Mulabukane Desa Sunggingwarno

Image
Asal-Usul Desa Sunggingwarno Ing nalika semono, wonten wana  saha semak-semak belukar ingkang dereng wonten ingkang nganggeni saha ingkang dharbeni. Ing wedal semonten, wonten kaneman ingkang nami Joko Sungging Hadi Warno. Kaneman menika kepingin dhamel dusun, pramila wana saha semak belukar menika dipun tebangi saha dipun resiki. Pakaryanipun kaneman menika dipun biyantu kaliyan Ki Rodiko. Kanthi ridhonipun Gusti ingkang Maha Agung semak belukar kalawau saget resik saha saget dipun panggeni.Joko Sungging Hadi Warno angajak pawongan dhamel pondok teng priku. Sak perangan laladah priku dipun paringaten kalian Ki Rodiko. Pramila laladah ingkang dipun panggeni Joko Sungging Hadi Warno dipun paring nami dusun Sunggingwarno.   Nami dusun niku dipun pundut saking nami ingjang ambabati laladah menika Joko Sungging Hadi Warno. Pramila Joko Sungging Hadi Warno ingkang dados mula-mula nipun utawi cikal bakal dusun Sunggingwarno. Lan sak perangan laladah ingkang dipun paringaken Ki Rodiko. Pramil

Crita Legenda Larah-larahe Desa Sunggingwarno Gabus

Image
Asal-Usul Desa Sunggingwarno Nalika jaman rumiyen, nalika alas gratan dereng wonten tiyang katah. Teng mriko wonten bocah Joko.Bocah Joko niku Asmane Joko Singging.Joko Sungging menika manggon teng alas sing griyane sederhana. Joko Sungging punika watakipun bijaksana. Saben dinten enjing ngantos sonten Joko Sungging tansah sregep teng saben kangge nyekapi kebutuhanipun. Mboten kraos mpun 10 taun.Joko Sungging dados petani. Nalika enjing Joko Sungging menika ajeng tindak pados gawean ing Jepara. Joko Sungging mlampah ngantos dumugi Jepara. Sawise dugi,Joko Sungging angsal pendamelan ngukir. Pancen Joko Sungging nalika alit senengane ngukir kaliyan nggambar. Teng Jepara Joko Sungging nyambut damele temen sanget. Mpun pirang-pirang taun Joko Sungging kerjo ngukir teng Jepara. Joko Sungging badhe wangsul menyang desane. Terus Joko Sungging ngantos mlampah dumugi griyane. Perjalananipun Joko Sungging sakira Jepara dumugi griyane ngantos sedinten amargi jawoh. Teng griya,enjing ngantos sonte

Sesorah Basa Jawa 9A

Image
Tugas Pekajaran Basa Jawa Kelas 9 SMP Negeri 1 Gabus Kabupaten Pati Tahun Pelajaran 2015/2016 Sesorah Basa Jawa 9A

Subscribe Us