Crita Legenda Mulabukane Desa Sunggingwarno

Asal-Usul
Desa Sunggingwarno

Ing nalika semono, wonten wana  saha semak-semak belukar ingkang dereng wonten ingkang nganggeni saha ingkang dharbeni. Ing wedal semonten, wonten kaneman ingkang nami Joko Sungging Hadi Warno. Kaneman menika kepingin dhamel dusun, pramila wana saha semak belukar menika dipun tebangi saha dipun resiki.

Pakaryanipun kaneman menika dipun biyantu kaliyan Ki Rodiko. Kanthi ridhonipun Gusti ingkang Maha Agung semak belukar kalawau saget resik saha saget dipun panggeni.Joko Sungging Hadi Warno angajak pawongan dhamel pondok teng priku. Sak perangan laladah priku dipun paringaten kalian Ki Rodiko. Pramila laladah ingkang dipun panggeni Joko Sungging Hadi Warno dipun paring nami dusun Sunggingwarno.  

Nami dusun niku dipun pundut saking nami ingjang ambabati laladah menika Joko Sungging Hadi Warno. Pramila Joko Sungging Hadi Warno ingkang dados mula-mula nipun utawi cikal bakal dusun Sunggingwarno. Lan sak perangan laladah ingkang dipun paringaken Ki Rodiko. Pramila laladah ingkang dipun panggeni Ki Rodiko dipun paringi nami Dukuh Gandong.

Ujian Praktik 2016 (9C-35)
Nami        : Wawan Almahdi
Kelas        : IX-C
No Absen  : 35

Comments

Subscribe Us