Cerkak Widya Wisata ing Trans Studio Bandung

STUDY TOUR
TRANS STUDIO BANDUNG

Nalika aku kelas 8, sekolahanku ngadakake karyawisata ning Trans Studio Bandung. Persiapan kaet ape mangkat nganti tekan Trans Studio Bandung tak persiapke temenanan. Kumpul ing sekolahan yaiku jam 1 awan, nalika balek sekolah terus di terke masku tekan sekolahan. Sakwise aku tekan sekolahan bus pariwisata wes mberah kaet no 1 nganti 6.

Jam 02 awan bocah bocah kelas 8 wes podho ngumpul ing SMP N 01 GABUS kabeh. Sakwise bapak panitia karyawisata ngabsen bocah bocah, bus pariwisata berangkat. Aku di tempatke neng bus no 04 jejeranku kae yakuwi mbg Nopik. Nalika jam 4 subuh, bus pariwisata seng tak tumpaki wes tekan Rumah makan sekitar bandung. Bocah bocah di dawuhi ados, salen klambi lan persiapan arep neng wahana Trans Studio Bandung.

Sakdurunge tekan Trans Studio Bandung bus mandeg neng Musium Geologi Bandung, sekitar 1 jam bocah bocah ngamati barang barang kang ono neng musium geologi. Sakwise metu saka musium geologi Bus siap neng Trans Sutdio Bandung. Sekitar jam 10 pagi bus tekan Trans Studio Bandung. Bocah bocah ora sabar arep mlebu neng Trans Studio Bandung lan dolanan wahana wahana kang ono ing Trans Studio Bandung. Nalika arep munggah neng keramik seng no 2 gedung Trans Studio Bandung arep munggah lift anangeng aku wedi dewe nganti ape ceblok, lan aku malah di guyu bala balaku lan di arani kyata wong ndeso. Anangeng aku yo ora opo opo pancene aku wong ndeso .

Sakwise tekan keramik nomer 2 aku lan kanca gandenganku numpak wahana seng jenenge kapal berjalan lan naga naganan, pengalamanku seng neng njero wahana kurang memuaskan amarga waktune di batasi. Sekitar jam setengah 6 bocah bocah di dawuhi metu saka wahana Trans Studio Bandung amarga wes bengi .

Bocah-bocah kabeh wes padha metu lan bus siap arep neng Cibaduyut tumbas oleh oleh , Aku tumbas baju 1 boneka Hello Kitty 1. Sakwise tumbas oleh oleh bus arep mangkat neng rumah makan, neng ngarep rumah makan kuwi ana wong adol baju tulisan bandung aku tumbas siji lan tumbas kerudung 1 kangge mbak Rika. Sakwise budal saka rumah makan Bus seng tak tumpaki siap muleh pati, aku tekan SMP jam 7 esuk lan aku di Papak masku. Tekan omah aku cerito pengalamanku marang ibu bapak lan masku.

Ujian Praktik 2016 (9D-10)
Nama      : Ecik Primalia Putri 
Kelas       : IX-D
No absen : 10

Comments

Subscribe Us