Crita Legenda Larah-larahe Desa Sunggingwarno Gabus

Asal-Usul
Desa Sunggingwarno

Nalika jaman rumiyen, nalika alas gratan dereng wonten tiyang katah. Teng mriko wonten bocah Joko.Bocah Joko niku Asmane Joko Singging.Joko Sungging menika manggon teng alas sing griyane sederhana. Joko Sungging punika watakipun bijaksana.

Saben dinten enjing ngantos sonten Joko Sungging tansah sregep teng saben kangge nyekapi kebutuhanipun. Mboten kraos mpun 10 taun.Joko Sungging dados petani. Nalika enjing Joko Sungging menika ajeng tindak pados gawean ing Jepara. Joko Sungging mlampah ngantos dumugi Jepara.

Sawise dugi,Joko Sungging angsal pendamelan ngukir. Pancen Joko Sungging nalika alit senengane ngukir kaliyan nggambar. Teng Jepara Joko Sungging nyambut damele temen sanget. Mpun pirang-pirang taun Joko Sungging kerjo ngukir teng Jepara. Joko Sungging badhe wangsul menyang desane. Terus Joko Sungging ngantos mlampah dumugi griyane. Perjalananipun Joko Sungging sakira Jepara dumugi griyane ngantos sedinten amargi jawoh. Teng griya,enjing ngantos sonten Joko Sungging remen sanget nggambar ingkang warna-warni.

Ngeteniki cara wonten tiang Ki Ageng Penggede ngarani.” wonten Joko nglukis sembarang katah ingkang werno-werni. Dadose mbenjang nek wonten rejo-rejone jaman, desane dados desa Sunggingwarno”. Sungging niku artosipun nglukis. Dadi deso Sunggingwarno niku artosipun Joko nglukis sing werno-werno.

Ujian Praktik 2016 (9C-20)
Nami        : M Roni Ardiansyah
Kelas        : IX-C
No absen  : 20

Comments

Subscribe Us