Crita Legenda Asalmulane Dhukuh SEDAYU

Asal Mulane
Dukuh Sedayu

Nalika jaman semono wonten wong kang namine Mpu Supo. Mpu Supo kuwi saged damel gaman opo wae ingkang sakti mandraguna. Mpu Supo didawuhi damel gaman persis utawa sami gamane Kemaduan. Lan wonten ingkang namine Yuyu Rumpung utawa Adi Pati Minakjinggo. Yuyu Rumpung utawa Adi Pati Minakjinggo kuwi gadah gaman ingkang sakti, sing damel Mpu Gandreng. Gaman ingkang damele Mpu gandreng kuwi saged kangge ing segoro kang ombo lan gede mboten nganti kelep.

Mpu Supo pengen damel gaman ingkang podo lan sakti kembar gamane Yuyu Rumpung utawa Adi Pati Minakjinggo. Mpu Supo ggadah niatan ingkang elek yaiku nyileh gaman saking Yuyu Rumpung, terus gaman mau dipalsuke, lan palsuane kuwi sing diwenehke meleh  marang Yuyu Rumpung  utawa Adi Pati Minakjinggo.

Yuyu Rumpung utawi Adi Pati Minakjinggo kuwi pengen jajal meleh gamane mau, dijajal kangge nyebrang segoro, nanging Yuyu Rumpung kuwi malahan kelep ing jeroning segoro. Yuyu Rumpung kaget lan ngerti yen gamane mau di ijoli marang Mpu Supo. Yuyu Rumpung utawa Adi Minakjinggo kuwi nesu lan langsung goleki Mpu Supo nanging mboten kecekel. Mpu Supo ngerti yen ndekne kuwi digoleki marang Yuyu Rumpung, Mpu Supo lungo nganti tekan alas Sedayu, ing alas Sedayu mriku Mpu Supo panggone damel gaman, lan panggonan kuwi dijenakke MPU SEDAJENG.

Serehne Mpu Supo digoleki marang Yuyu Rumpung mboten kecekel lan Yuyu Rumpung kondo  “yen desa kene wonten rejane zaman tak jenake Desa SIDOREHAYU’’. Yuyu Rumpung tetep goleki terus nanging sing kecekel kuwi malahan wadah banyu utawa spoh. Saking emosine wadah banyu kuwi disempar marang Yuyu Rumpung nganti guling,lan saking wadah banyu sing disempar kanti guling kuwi langsung di kanggeke jenengaken SENDANG GEMULING SIDORAHAYU utawa SEDAYU. 

Ujian Praktik 2016 (9C-03)
Nama   : Ahmad Bushanib  Efendi
Kelas    : IXC
No        : 03

Comments

Subscribe Us