Posts

Showing posts with the label Wacan Prosedur

Okulasi JERUK PECEL (Wacan Prosedur)

Image
 Saperangan gedhe woh-wohan  kalebu jeruk pecel bisa ditangkarake kanthi cara vegetatif. Vegetatif tegese mbabarake tanduran kanthi nyempal perangane tanduran urip, upamane cangkok, stek, okulasi lan liya-liyane. Dene yen nangkarake nggunakake wiji (isi)  diarani generatif. Okulasi satemene luwih gambang lan anggone nindakake pakaryan bisa lumintu, tur gunggunge wohe akeh. Sadurunge nindakake okulasi luwih dhisik kudu ana wit sing arep diokulasi (zailing /wit bagian ngisor). Zailing ditandur ing gulutan ambane 1-1,5 meter, dawane 10 meter mujur ngalor ngidul.  Isi jeruk kanggo zailing sadurunge ditandur dicelupake ing pestisida sing dilarutake supaya ora kaganggu ama. Sawise umur 21-30 dina isi jeruk wis thukul, banjur diiyup-iyupi nam-naman blarak. Tanduran perlu disemprot nganggo pestisida sepisan utawa kaping pindho seminggune lan dirabuk sacukupe. Seminggu sadurunge zailing diokulasi, tanduran kudu dilebi lan dirabuk supaya kulite gampang nglothok lan gampang anggone nemplek (okula

Spesial Klepon Abad 21 Mlebet Hotel Bintang Lima

Image
Ing jaman modern samenika jajanan tradisional asring kagiles dening tetedhan “cepat saji”, ingkang kandhutan bahanipun kepara damel bebaya kanggenipun badan. Klepon kalebet satunggaling tetedhan tradisional. Klepon awujud jajanan bunder-bunder alit kirang langkung sajempol, warninipun ijem sepuh lan ing lebetipun dipuniseni gendhis abrit (Jawi). Ingkang limrahipun mawi kawadhahan sudhi. Caranipun damel klepon ugi gampil sanget. Bahan-bahannipun ingkang limrah kadosta: (1) glepung wos ketan, (2) glepung jagung, (3) glepung wos biasa, (4) gendhis abrit (jawi), (5) sarem, (6) parudan klapa, (7) ron pandhan lan apu. Caranipun damel ingkang sapisan: glepung-glepung wau sadaya dipundadosaken satunggal, lajeng dipunsukani toya ingkang warni ijem (toya pandan ingkang sampun apu sakedhik supados warnipun saged ijem). Adonan wau lajeng dipunwangun bunder-bunder alit kirang langkung sajempol lan ing lebetipun dipunsukani gendhis abrit sacekapipun. Sasampunipun mekaten lajeng dipungodhog, dipunten

Subscribe Us