Posts

Showing posts from March, 2017

Ejaan Basa Jawa

Image
Basa Jawa asli ora duwe swara f, q, v, x, lan z, nanging basa Jawa Anyar (Jawa Modern) duwe swara iku. Wong-wong Jawa sing mambu sekolahan utawa sing “terpelajar” bakal bisa ngucapake tembung fakir [fak_r], kafir [kaf_r], film [filêm], vokal [vokal], utawa televisi [televisi]. Ananging, sing ora mambu sekolahan utawa sing “kurang terpelajar” bakal ngucapake tembung-tembung ing dhuwur dadi [pak_r], [kap_r], [pilêm], [pokal], lan [telepisi] utawa asring kasebut [tipi]. Anane pangucapan-pangucapan kaya mangkono jalaran basa Jawa asli pancen ora duwe swara f  lan v. Panulisan aksara swara (vokal) basa jawa nganggo aksara Latin sing rada mbingungake iku panulisane antara swara [ä], swara [ í ], lan [ü]. Kareben ora bingung, bisa miturut paugeran ing ngisor iki. Panulise swara [ä] Ing basa jawa swara [ä] utawa a jejeg kudune katulis nganggo aksara a, dudu aksara o, sabab aksara Jawa iku unine nglegena, yaiku ha, na, ca, ra, ka, lsp. Yen katulis nganggo aksara Jawa, swara nglegen

Tembung Rangkep (Kata Ulang)

Image
Ngrembug babagan paramasastra sejatine akeh banget. Paramasastra iku menawa dibasa Indonesiake dadi Ilmu Tata Bahasa . Paramasastra gunane kanggo sinau basa Jawa supaya duwe ketrampilan lisan utawa nulis kanthi bener lan gampang dimangerteni dening wong liya. Kadhang kala menawa ana wong kang lagi ngendikan utawa kepara kowe lagi maca tulisan, asring ana bab-bab kang ora kok mangerteni utawa gawe bingung, sejatine apa kang dikarepake sing ngendikan utawa sing nulis. Mula ngangsu kawruh bab paramasastra iki salah sijine cara supaya bisa ngendikan utawa nulis kanthi bener lan dimangerteni dening wong liya. Tembung  ing basa Indonesia diarani kata . Tembung iku swara lan campurané swara kang metu seka pocapan. Tembung uga bisa ditegesi mingka gabungané aksara kang nduwé teges ing sawijining basa. Wujuding tembung ana telu, yaiku: Tembung Wod Tembung Lingga Tembung Andhahan Tembung Wod , yaiku tembung sakecap sing wis duwe teges lan dadi wode tembung lingga. Upamane

Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo

Image
Sadurunge desa Sugihrejo digawe wonten sekawan dukuh yaiku dukuh Popoh, Kinjeng, singghan, lan pakis. Ngepasi iku onten pertempuran antarane dukuh Popoh lan desa Gabus ing pertempuran iku migunakake keris. Sajroning paprangan onten masalah cilik yakuwi salah paham lan salah sijine wong dipupoh. Akeh wong sing mati, salah sijine mbah guder. Jasad mbah guder dimakamke ing sekitar retek, saingga ngasi saiki diparingi asma retek guder. Perkara jerik payah mbah guder ngasi saiki diparingi asma dukuh Popoh. Seteruse keris sing digunakke ing paprangan iku disinggahke ing omah mbah slamet. Mbah Slamet iku wong wadon sing dianggep sesepuh paling apik. Nganti saiki keris iku isih, lan mbah Slamet disarekake ing omahe. Saingga akhire karan dukuh Pasinggahan . Ing perjalanan bali, saklompok wong sing ngembunyekke keris diadang wong elek. Wong iku gunakake cemeti. Omah pas iku digawe soko pring, sehingga wong sing ono ing jero omah nginjen. Seingga ngasi saiki disebut dukuh kinjeng. Sakwis

Wayang Ramayana

Image
Pawayangan Ramayana mujudake epik, karya sastra Hindu paling tuwa ing India, nyritakake lelakone Sri Rama lan Dewi Sinta sarta perang tandhing antarane Sri Rama lumawan Rahwana (Prabu Dasamuka) kang dimenangake dening Sri Rama. Rerangken crita karakit kanthi endah nengsemake. Sawijining wiracarita dawa, 24.000 sloka (gurit) dumadi saka 7 bageyan kang sinebut kandha yaiku: Ayodhya Kandha sing isine nyaritakake kalairane para putra Ayodhya (Rama). Bala Kandha nyaritakake para putra Ayodhya nalika isih cilik lan pendhidhikane. Aranya Kandha nyaritakake lelakone Sang Rama lan Laksamana jroning ngamanake para Resi saka gangguan para raseksa. Kiskendha Kandha isinenyaritakake kerajaan kethek ing Guwa Kiskendha lan pambiyantune Sang Rama marang Sugriwa kanggo merjaya marang Subali. Pungkasane crita Sugriwa dadi abdine Sang Rama. Sundara Kandha nyaritakake pambangunane kreteg Situbanda tumuju negara Alengka kanthi ngerigake bala kethek. Yudha Kandha nyaritakake paprangan

Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa

Image
Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru. Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan sawa

Subscribe Us