Ejaan Basa Jawa


Basa Jawa asli ora duwe swara f, q, v, x, lan z, nanging basa Jawa Anyar (Jawa Modern) duwe swara iku. Wong-wong Jawa sing mambu sekolahan utawa sing “terpelajar” bakal bisa ngucapake tembung fakir [fak_r], kafir [kaf_r], film [filêm], vokal [vokal], utawa televisi [televisi]. Ananging, sing ora mambu sekolahan utawa sing “kurang terpelajar” bakal ngucapake tembung-tembung ing dhuwur dadi [pak_r], [kap_r], [pilêm], [pokal], lan [telepisi] utawa asring kasebut [tipi]. Anane pangucapan-pangucapan kaya mangkono jalaran basa Jawa asli pancen ora duwe swara f  lan v.
Panulisan aksara swara (vokal) basa jawa nganggo aksara Latin sing rada mbingungake iku panulisane antara swara [ä], swara [ í ], lan [ü]. Kareben ora bingung, bisa miturut paugeran ing ngisor iki.

Panulise swara [ä]
Ing basa jawa swara [ä] utawa a jejeg kudune katulis nganggo aksara a, dudu aksara o, sabab aksara Jawa iku unine nglegena, yaiku ha, na, ca, ra, ka, lsp. Yen katulis nganggo aksara Jawa, swara nglegena iku katulis tanpa nganggo sandhangan apa-apa. Manawa swara [ä] utawa swara a nglegena katulis nganggo aksara o, unine terus dadi ho, no, co, ro, ko, lsp. Lan yen katulis nganggo aksara jawa, kudu tinulis mawa taling lan tarung. Kajaba kuwi, swara [ä] lan [o] iku bisa mbedaake wujud lan surasaning tembung sabab kalebu fonem kang beda. Dadi, swara [ä] kang linambangake mawa aksara ‘a’ iku beda banget karo swara lan aksara ‘o’.
Panulisane swara [ä] nganggo aksara ‘a’ utawa ‘o’ bisa uga dititeni nganggo cara mangkene. Yen ana swara [ä] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, swara [ä] ing tembung iku owah dadi swara [a] utawa ‘a’ miring, panulise swara [ä] ing tembung kasebut kudu tinulis mawa aksara ‘a’.
arta + -e _ artane
[artä] [-é] _ [artané]
bala + -e _ balane
[bälä] [-é] _ [balane]
sega + -e _ segane
[segä] [-é] _ [sêgané]
rupa + -e _ rupane
[rupä] [-é] _ [rupané]
Katon cetha swara [ä] ing tuladha dhuwur bakal owah dadi [a] sawise kawuwuhan panambang –e. Mulane, tembung arta, bala, sega, lan rupa ora bener yen katulis arto, bolo,sego, lan rupo. Yen ana swara [ä] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi
panambang –e, swara [ä] ing tembung iku ajeg utawa ora owah dadi swara [a], panulise swara [ä] ing tembung iku kudu tinulis mawa aksara o.
growong + -e _ growonge
[gräwä_] [-é] _ [gräwä_é]
bolong + -e _ bolonge
[bälä_] [-é] _ [bälä_é]
sorot + -e _ sorote
[särät] [-é] _ [säräté]
kopi + -e _ kopine
[käpi] [-é] _ [käpiné]
Kacetha yenta swara [ä] ing tembung growong, bolong, sorot, lan kopi  ing dhuwur sanadyan diwuwuhi panambang e, swara [ä] ing tembung iku ora owah dadi swara [a]. Sarehne ora owah, swara [ä] ing tembung kuwi kudu tinulis nganggo aksara o.
Panulise Swara [ í ]
Yen ana swara [ í_] utawa i jejeg kang swarane memper [é] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, swara [_] ing tembung kasebut malih dadi swara [i], panulise swara [ í_] kasebut kudu tinulis mawa aksara i.
cacing + -e _ cacinge   dudu caceng
[cací_] [-é] _ [caci_é]
maling + -e _ malinge  dudu maleng
[malí_] [-é] _ [mali_é]
pitik + -e _ pitike dudu pitek
[pití_] [-é] _ [piti_é]
arit + -e _ arite           dudu aret
[arít] [-é] _ [arité]
Swara [í] ing tembung cacing, maling, pitik, lan arit ing dhuwur kudu katulis nganggo aksara i sabab swara [é] ing tembung-tembung kuwi bakal malih dadi swara [i] sawise tembung-tembung kasebut kawuwuhan panambang –e.
Dadi, jelas salah yen tembung-tembung ing dhuwur katulis caceng, maleng, pitek utawa aret.
Panulisane Swara [ü]
Yen ana swara [ü] utawa u miring kang swarane memper [o] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, swara [ü] ing tembung iku malih dadi swara [u] panulise swara [ü] ing tembung kuwi kudu tinulis nganggo aksara u.
jagung + -e _ jagunge
[jagü_] [-é] _ [jagu_é]
wedhus + -e _ wedhuse
[weDüs] [-é] _ [weDusé]
siwur + -e _ siwure
[siwür] [-é] _ [siwuré]
parut + -e _ parute
[parüt] [-é] _ [paruté]
Manut paugeran ing dhuwur, tembung jagung, wedhus, siwur lan parut kaya tuladha ing
dhuwur kudu katulis nganggo aksara u, lan salah yen tinulis jagong, wedhos, siwor, utawa parot.
Panulise aksara "ta" lan "tha", "da" lan "dha"
Asal-usule ejaan basa Jawa iku migunakake aksara Jawa dene basa Indonesia migunakake abjad A B C D E F...lst. Lengkape aksara cacah 20 iku, yaiku :
Ing aksara Jawa iku ana Da lan Dha , ana Ta lan Tha. (ing abjad ABC...,anane mung D lan T). Ya amarga iku ing basa Jawa ana D (Da) lan Dh (Dha) sarta ana T (Ta) lan Th (Tha).
Tembung sing migunakake ejan D (d) : dalan ; dudu ; adil ; gudel ; dodol...,lsp.
Tembung sing migunanake ejaan Dh (dh) : dhadhu ; adhik ; bedhug ; gedheg ;kodhok..lsp.
Tembung sing migunakake ejaan T (t) : tamu ; tiba ; manten ; mati ; soto..,lsp.
Tembung sing migunakake ejaan Th (th) : thuthuk ; kanthil ; penthol ; jranthal ; kethek..,lsp.

Carane mbedakake supaya ora kleru panulise ejaan.
Tembung sing migunanake ejaan 'dh' lan 'th', menawa tembung iku diucapake ana ing lambe, lambe nyoro lan rasane ilat kaya nyanthol ing cethak. Tuladhane tembung-tembung ing ndhuwur iku, nalika lambe ngucapake kayata tembung > dhadhu; adhik; bedhug; gedheg; kodhok; thuthuk; kanthil; penthol; jranthal; kethek. Rasane ilat kaya nyanthol ing cethak. (Coba tembung-tembung iku diucapake lan ilat dirasakake nalika ngucapake tembung-tembung kuwi). Tembung sing migunakake akrasa 'd' lan 't', yen diucapake, lambe ora nyoro lan rasane ilat ora kaya nyanthol ing cethak, kayadene nalika ngucapake tembung-tembung > dalan; dudu; adil; gudel; dodol; tamu; tiba; manten; mati; soto...,lsp.
Iki pasinaon sing paling praktis, supaya bisa nulis basa Jawa kanthi ejaan sing bener. Merga ing basa Indonesia anane mung huruf 'd' bisa nulis > kedondong; dukun; dalang; brandal. Nanging yen tembung-tembung iku ditulis ing basa Jawa, nulise > kedhondhong; dhukun; dhalang; brandhal.Mengkono uga anane mung huruf 't' ing bahasa Indonesia, bisa nulis > pentol bakso. Nanging yen ing basa Jawa, nulise > penthol bakso.

Comments

Subscribe Us