GEGURITAN (Puisi Jawa)

Geguritan kalebu golonganing sastra edi (puisi) cengkok anyar. Isine geguritan awujud wedharing rasa edi, kelair kanthi basa kang laras-runtut karo edining rasa. Geguritan  ora kaiket ing pathokan utawa paugeran guru wilangan lan guru lagu utawa dhong-dhing.
Nulis geguritan kuwi kudu bisa ngrakit basa kang edi lan endah. Ing ngisor iki ana saperangan tuladha carane ngrakit basa lumrah dadi basa kang endah.
  • Basa Lumrah
  1. Wiwit isih bocah cilik, aku tansah ngalami ora kepenak, kerep nemu cilaka.
  2. Kekarepan kang ora becik, manawa diuja bisa njalari rusaking uripe.
  3. Kandhamu kang mangkonoiku rak bisa marakake elinge marang panggawe kang kurang prayoga,.
  4. Yen uripmu niru cara kulonan, mesthi bakal nandang ora kepenak, prayoga nganggoa carane bangsamu dhewe supaya bisa tentrem uripmu.
  5. Guru punika kedah gadhah manah sabarageng pangapuntenipun.
  6. Tiyang estri ingkang jembar wawasanipun, adatipun saged nyukani wewarah.
  • Basa Endah
  1. Cilik mula, uripku tansah katula-tula katali.
  2. Sedya ala yen diuja bisa mbabar dadi rubeda kang ngreribedi.
  3. Ujarmu kang mangkono kuwi nggegalak racak, nenangi kemreki, ngungkau-ungkat singgat.
  4. Manawa paranmu mangulon, aran marani pepeteng, prayoga mangetana, amarga ing sisih wetan kuwi sangkaning pepadhang.
  5. Guru punika kedah awatak sabarmaklum, momot, lan mengku.
  6. Watak-wantunipun pawestrisugih wawasan, wasis asung wewarah.

 Gladhen Tengah Semester
Klik yen arep nggarap soal-soal GTS
Password : www.mazt370.top

Cak-cakane nulis geguritan:
  1. Nemtokake tema
  2. Nemtokake paraga
  3. Nemtokake sudut pandang (point of view)
  4. Nemtokake setting
  5. Nggawe cengkorongan saben pada utawa bait
  6. Migunakake tembung-tembung rinengga utawa endah, bisa uga migunakake wujuding sastra arupa purwakanthi, tembung saroja, yogyaswara, tembung garba, rura basa, paribasan, bebasan, pepindhan, lan liyane.
Tuladha Geguritan:

ELINGA

Tatanen swaraning nala lan lakunira
Elinga, urip prasasat mung sakedheping netra
Jalma manungsa bakal tinimbalan Sing Kuwasa
Ora bisa lena lan endha
Saisine ndonya bakal linebur rata
Ugemana laku kang tinateng agama
Sira bakal nyawang ananing pepadhang
Ilang sirna sedya kang ala
Rinaket caket nala kang tumata
Asung donga sanguning pralaya
Tumungkul mring Sing Kuwasa
Manungku puja-puji kang suci
Ora nerak wewalerinng agami
Kiblatira kang wus tumata
Ora bisa kalirwakna


 Gladhen Tengah Semester
Klik yen arep nggarap soal-soal GTS
Password : www.mazt370.top

Comments

Subscribe Us