Posts

Showing posts from February, 2020

GEGURITAN (Puisi Jawa)

Image
Geguritan kalebu golonganing sastra edi (puisi) cengkok anyar. Isine geguritan awujud wedharing rasa edi, kelair kanthi basa kang laras-runtut karo edining rasa. Geguritan  ora kaiket ing pathokan utawa paugeran guru wilangan lan guru lagu utawa dhong-dhing. Nulis geguritan kuwi kudu bisa ngrakit basa kang edi lan endah. Ing ngisor iki ana saperangan tuladha carane ngrakit basa lumrah dadi basa kang endah. Basa Lumrah Wiwit isih bocah cilik, aku tansah ngalami ora kepenak, kerep nemu cilaka. Kekarepan kang ora becik, manawa diuja bisa njalari rusaking uripe. Kandhamu kang mangkonoiku rak bisa marakake elinge marang panggawe kang kurang prayoga,. Yen uripmu niru cara kulonan, mesthi bakal nandang ora kepenak, prayoga nganggoa carane bangsamu dhewe supaya bisa tentrem uripmu. Guru punika kedah gadhah manah sabarageng pangapuntenipun. Tiyang estri ingkang jembar wawasanipun, adatipun saged nyukani wewarah. Basa Endah Cilik mula, uripku tansah katula-tula katali.

Subscribe Us