Tembung Rangkep (Ind: Kata Ulang)

Ngrembug babagan paramasastra sejatine akeh banget. Paramasastra iku menawa dibasa Indonesiake dadi “Ilmu Tata Bahasa”. Gunane kanggo sinau basa Jawa supaya duwe ketrampilan lisan utawa nulis kanthi bener lan gampang dimangerteni dening wong liya. Kadhang kala menawa ana wong kang lagi ngendikan utawa kepara kowe lagi maca tulisan, asring ana bab-bab kang ora kok mangerteni utawa gawe bingung, sejatine apa kang dikarepake sing ngendikan utawa sing nulis. Mula ngangsu kawruh bab paramasastra iki salah sijine cara supaya bisa ngendikan utawa nulis kanthi bener lan dimangerteni dening wong liya.
‘Tembung’  ing basa Indonesia diarani kata. Tembung iku swara lan campurané swara kang metu seka pocapan. Tembung uga bisa ditegesi mingka gabungané aksara kang nduwé teges ing sawijining basa. Wujuding tembung ana telu, yaiku: tembung Wod, tembung Lingga lan tembung Andhahan.
  1. Tembung Wod, yaiku tembung sakecap sing wis duwe teges lan dadi wode tembung lingga. Upamane tembung wod: lung. Dadi woding tetembungan: kalung, balung, telung. Ngemu teges bunder.
  2. Tembung Lingga, yaiku tembung baku sing durung owah amerga oleh: ater-ater, seselan, panambang, dirangkep, dicambor utawa diwancah. Upamane: pangan, tulis, gawe, lsp.
  3. Tembung andhahan, yaiku tembung lingga sing wis oleh ater-ater, seselan, panambang, diwancah, dirangkep lan dicambor. Upamane: panganan, mangan, mangan-mangan, memangan, lsp

Kang bakal dirembug ing kene yaitu bab tembung andhahan kang dirangkep, mula banjur diarani tembung rangkep. Wernane tembung rangkep ana 4, yaiku:

1. Dwi purwa, yaiku tembung kang wanda sepisanan saka linggane dirangkep.
    Tuladha  :
  • lelayu linggane layu
  • sesumbar linggane sumbar
  • sesuker linggane suker
  • sesakit linggane sakit, lsp.

2. Dwilingga, yaiku tembung kang linggane dirangkep.
    Tuladha  :
  • balang-balangan linggane balang
  • dioyak-oyak linggane oyak
  • jaran-jaranan linggane jaran
  • seneng-seneng linggane seneng, lsp.

3. Dwiwasana, yaiku tembung kang wanda pungkasaning linggane dirangkep.
    Tuladha :
  • nyekakak linggane cekak
  • ndhepaplang linggane dhaplang
  • celuluk linggane celuk
  • ndhelelek linggane dhelek, lsp.

4. Dwilingga salin swara, yaiku tembung kang linggane dirangkep nanging ana swara/aksara kang owah.
    Tuladha :
  • pringas-pringis linggane pringis
  • bola-bali linggane bali
  • token-takon linggane takon
  • clorat-clorot linggane clorot, lsp.

Ing  dwilingga lan dwilingga salin swara, antarane perangan kang ngarep karo perangan kang mburi kudu diwenehi tandha pangadheng (-)

Comments

Subscribe Us