Posts

Showing posts from April, 2018

Tembung Rangkep (Ind: Kata Ulang)

Image
Ngrembug babagan paramasastra sejatine akeh banget. Paramasastra iku menawa dibasa Indonesiake dadi “Ilmu Tata Bahasa”. Gunane kanggo sinau basa Jawa supaya duwe ketrampilan lisan utawa nulis kanthi bener lan gampang dimangerteni dening wong liya. Kadhang kala menawa ana wong kang lagi ngendikan utawa kepara kowe lagi maca tulisan, asring ana bab-bab kang ora kok mangerteni utawa gawe bingung, sejatine apa kang dikarepake sing ngendikan utawa sing nulis. Mula ngangsu kawruh bab paramasastra iki salah sijine cara supaya bisa ngendikan utawa nulis kanthi bener lan dimangerteni dening wong liya. ‘Tembung’  ing basa Indonesia diarani kata. Tembung iku swara lan campurané swara kang metu seka pocapan. Tembung uga bisa ditegesi mingka gabungané aksara kang nduwé teges ing sawijining basa. Wujuding tembung ana telu, yaiku: tembung Wod, tembung Lingga lan tembung Andhahan. Tembung Wod , yaiku tembung sakecap sing wis duwe teges lan dadi wode tembung lingga. Upamane tembung wod: lung.

Subscribe Us