Diarani tembang macapat ana sawetara panemu nganggep menawa asale saka ma + cepat. Tembang macapat pamacane rikat, ora alon, lagune ora kakehan cengkok. Ana maneh kang negesi kanthi jarwa dhosok. Menawa pamacane papat-papat. Karepe yen nglagokake pamedhote gatra wiwitan tiba wanda kang angka papat, ana uga panemu menawa adedhasar gending yaiku macapat kawancah mat lan pat. Karepe tembang mau yen dilagokake ing gendhing nganggo wirama papat – papat, lire saben sawirama isine patang wanda. Tembang macapat kaiket ing pathokan guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Pathokan Tembang Macapat
Guru Wilangan, yaiku cacahe wanda saben sagatra (larik) tembang macapat.
Guru Lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasane gatra.
Guru Gatra, yaiku cacahe gatra (larikan) saben sapada (sabait).
Guru Pada, yaiku cacahe pada (bait) saben sapupuh.
Watak lan Gunane Tembang Macapat
Maskumambang, watake susah, nelangsa, prihatin. Gunane kanggo medharake rasa susah.
Mijil, watake gandrung utawa prihatin. Prihatine wong kang lagi gandrung yaiku gandrunge marang ngelmu, pangkat, kaluhuran lsp. Gunane kanggo medharake rasa prihatin.
Sinom, watake prasaja, kalem, susah kang lumrah. Gunane kanggo sesorah, medharake rasa susah.
Kinanthi, watake ngemu surasa pengarep-arep,gandrung, kang seneng nanging sakepenake. Gunane kanggo medhar piwulang utawa pituduh, seneng-seneng, nglelipur.
Asmarandana, watake sengsem, susah utawa prihatin amarga ketaman asmara, lumrahe para nom-noman kang wis gancik dewasa.
Gambuh, watake nanjih-nanjihake, nggenah-nggenahake. Gunane kanggo mulang mawa katrangan.
Comments
Post a Comment