Watak lan Gunaning Tembang Macapat

Diarani tembang macapat ana sawetara panemu nganggep menawa asale saka ma + cepat. Tembang macapat pamacane rikat, ora alon, lagune ora kakehan cengkok. Ana maneh kang negesi kanthi jarwa dhosok. Menawa pamacane papat-papat. Karepe yen nglagokake pamedhote gatra wiwitan tiba wanda kang angka papat, ana uga panemu menawa adedhasar gending yaiku macapat kawancah mat lan pat. Karepe tembang mau yen dilagokake ing gendhing nganggo wirama papat papat, lire saben sawirama isine patang wanda.
Tembang macapat kaiket ing pathokan guru gatra, guru lagu lan guru wilangan
a.  Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada.
b.  Guru wilangan yaiku cacahing wanda/suku kata saben sagatra.
c.  Guru lagu yaiku tibaning suwara utawa dhong-dhing ing wekasan gatra.
Watak lan Gunaning Tembang Macapat
Tembang macapat iku ana 11, yaiku Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan PocungDene watak lan gunane :
Maskumambang
Watake: susah, nelangsa, prihatin.
Gunane kanggo medharake rasa susah.
Mijil
Watake: gandrung utawa prihatin. Prihatine wong kang lagi gandrung yaiku gandrunge marang ngelmu, pangkat, kaluhuran lsp.
Gunane kanggo medharake rasa prihatin.
Sinom
Watake: prasaja, kalem, susah kang lumrah.
Gunane kanggo sesorah, medharake rasa susah.
Kinanthi
Watake: ngemu surasa pengarep-arep,gandrung, kang seneng nanging sakepenake.
Gunane kanggo medhar piwulang utawa pituduh, seneng-seneng, nglelipur.
Asmarandana
Watake: sengsem, susah utawa prihatin amarga ketaman asmara, lumrahe para nom-noman kang wis gancik dewasa.
Gunane kanggo medharake rasa susah.
Gambuh
Watake: nanjih-nanjihake, nggenah-nggenahake.
Gunane kanggo mulang mawa katrangan.
Dhandhanggula
Watake: luwesan, sarwa mathuk.
Gunane kanggo bebuka, sesorah panutuping atur(crita).
Durma
Watake: nepsu, sereng, muntab.
Gunane kanggo sesorah kang sereng.kanggo perang-perangannalika tantang-tantangan.
Pangkur
Watake: gandrung, sereng.
Gunane kanggo medharake pitutur sing sereng , sok-sok kanggo bebuka.
Megatruh
Watake: susah, getun pungun-pungun, upama wong kang kepaten anake, keduwung marang tindake kang nasar.
Gunane kanggo medhar rasa susah.
Pocung
Watake: duwe surasa sakepenake, sembrana, parikena.
Gunane sembranan, cangkriman, crita lucu lan nyenengake.

Comments

Subscribe Us