PASA Dina Sepisanan

Jenengku Vienka Otaviana Putri. Aku kelas 9D. Wektu aku kelas 3 SD aku duwe pengalaman kang lucu yaiku wektu aku nglakoni poso kang pisanan ing wulan ramadhan. Poso dino kepisan emang abot kanggoku. Wetengku kluruk luwe banget. Tapi aku kudu iso nahan nganti mahgrib. Mergo, iki sasi ramadhan, cuma setahun pisan, aku ra pengen nganti posoku bolong-bolong. Taun wingi posoku during iso ful sewulan, amarga aku during kuat poso . Nanging aku kudu iso poso sewulan amarga iku wes kewajibanku.
Aku wis duwe cara pie carane ben posoku ora bolong bolong. Pertama, aku kudu sahur. Iki wajib. Yen ora sahur, awan opo menjelang sore kae aku mesti lemes. Kedua, ojo kakean turu. Yen turu terus malah tambah lemes. Salerese kudu duwe kegiatan ben lali yen poso.
Nanging, kegiatan sing positif ojo malah dae duso. Opo wae keno asal iku kegiatan sing iso nambah pahala. Paling enak yo ning mesjid wae karo ngenteni jam buko. Tambah ilmu tambah kanca plus oleh madang gratis. Iku malah luweh becik. Delalahe ana mesjid sing cedak karo omahku. Iyo Cocok!

Dino pertama puasa alhamdulillah iso tak lewati lancar ora ono hambatan. Aku seneng banget pas krungu adzan mahgrib. Nah iki sing tak tunggu-tunggu. Tapi bukan berarti juk madang karo ngumbe ngamuk. Tetep dijogo sewajare. Biasane aku yen madang tenanan, malah bar tarawih.
Nah iku pengalaman ku pas posi dino pertama. Dino dino selanjute yo raono masalah mergo aku wes due trik ke. Mugo wae poso 30 dino aku iso lancar tanpa hambatan berarti. Juk pas hari kemenangan aku oleh hidayah soko gusti Allah. Amin!


Nami  : Vienka Octaviana Putri
Kelas : IX D
No     : 33

Comments

Subscribe Us