Ngudi Ngelmu Saka Bakul Dhele ing Pasar

"Mas Agus, warahi ah Mas, ana PR sepuluh soal isih ana siji sing angel aku durung bisa Mas". Tembunge Koko mring Kangmase. "PR apa ta Kok?", Mas Agus nanggapi adhine karo mlaku nyedhak marani Koko. "Basa jawa Mas, angel, kancaku ya padha durung bisa", semaure Koko karo nuduhke buku PR. "Wadhuh... basa jawa, ngendi sing durung bisa?", pitakone Mas Agus sajak pasrah amerga krungu yen sing durung bisa jebul PR basa jawa. Durung nganti adhine nuduhke PR sing durung bisa, mas Agus wis maca PR sing isih durung kejawab. "Krama inggile dhele yaiku ..., apa ya... wah aku ya padha durung ngerti Kok", wangsulane mas Agus sawise maca PR sing durung bisa mau. "Sesuk bae neng sekolahan takon kakak kelasmu, kelas 4 nganti 6 menawa ana sing bisa, saiki wis wengi turu dhisik bae", kandhane mas Agus marang adhine.
Koko ngringkesi buku-bukune, banjur mlebu kamar mapan turu. Ora kaya adat sabene, Koko sajak susah, ana sing dipikir mulane suwe ora bisa turu. Kangmase wis angler anggone turu nanging Koko isih bae durung bisa ngeremke mripate gara-gara isih mikir PR sing isih durung bisa kejawab. Wis sawetara anggone durung bisa turu, dumadakan Koko mesam-mesem sajak wis nemokke wangsulane. “Sesuk aku kudu tangi pajar nyoba mlebu jroning pasar los bakul dhele”, ngudarasane Koko kaya-kaya wis ketemu dalane golek wangsulan PR sing durung bisa. Koko banjur merem, miring nengen karo ngeloni gulinge. Ora suwe dheweke wis angler anggone turu.
Ngomahe Koko pancen bener cedhak karo pasar Winong. Kira-kira seket meter mlaku mangulon wis tekan jroning pasar Winong los bakul dhele. Kebeneran sesuk dina pasarane Pon, rame-ramene pasar Winong tinimbang dina pasaran liyane. Saliyane pasaran Pon, sing rada rame yen ngepasi dina pasaran Legi, dene yen Wage, Kliwon lan Paing kalebu warungan, pasare rada sepi. Jam telu pajar bakulan wis kebak kaanan pasar wis rame yen ngepasi pasaran yaiku Pon lan Legi.
      Jam papatan pajar Koko wis tangi banjur mlaku njujug pasar los bakulan dhele. Los mau pancen isine mligi bakul-bakul dhele. Sawise tekan los dhele, Koko ngadeg ing lawangan los nganthi anane wong blanja dhele. Durung suwe anggone nganthi wong blanja dhele, kebeneran ana bocah lanang loro mlebu los dhele. Koko ngetutake wong loro mau nganti tekan panggonan salah sijine bakul dhele. Ngerti ana wong nyedhak dhasarane, bakul dhele sing wis kepara sepuh umur-umurane nawakke dhele sing didhasarke. “Iki lho mas, tukoni dhelene apik, super tenan mas”, Simbah bakul dhele nawakake dagangane karo nyakup dhele dituduhke wong lanang loro mau. “Setompo pinten mbah?, pitakone salah sijine wong lanang loro mau. “Iki ora tawa, dakpaske bae ya, setompo sewu rongatus mas”, ngendikane Simbah mangsuli pitakone wong lanang mau. “Kok awis Mbah, kalawingi Ibuk mundhut dhangsul ingkang sae ngendikanipun namung setunggal ewu satus selangkung”, wangsulane wong lanang sing karep tuku dhele mau. Koko mesem seneng sawise krungu omongane wong lanang sing arep tuku dhangsul mau. “Alhamdulillah... PRku wis ketemu wangsulane”, swara batine Koko sawise krungu tembung dhele. Koko banjur metu saka los dhele mlaku tumuju ngomah sing ora adoh karo pasar. Suwene mlaku Koko mesam-mesem seneng amerga wis ngerti kramane dhele kuwi dhangsul. “Alhamdulillah... kanthi dakniati golek kawruh nyatane saka jroning pasar aku bisa entuk kawruh mau. Neng papan ngendi bae yen diniati golek kawruh, insyaAllah kok ya bisa kalakon entuk kawruh”, ngudarasane Koko kanthi rasa seneng.

Comments

Subscribe Us