Film DORAEMON Kasenenganku

Jenengku Desi Fitri Ani , aku biasane diundang Desi . Kula lahir ing Pati tanggal 25 Desember 2000. Sak niki umurku 15 tahun. Kula  gadah mbakyu asmanipun Eka Sudar Wati . Asmane bapak kulo Yitno lan asmane ibuk kulo Sarni.
 wektu kula isih cilik kula seneng nonton film Doraemon  lan kula wektu cilik seneng dolanan masak masak.an lan dolanan boneka. Wiwit cilik kula lan mbakyuku kerep tukaran, amargi hal-hal sing biasa, misale rebutan jajan. wektu umurku 6 tahun kula sekolah TK besar ing TK “MASITHOH” Gabus Sanding mahjid. Ing TK ku akeh banget jenis dalanane misale, bandulan, jongkat-jongkit, selurutan, lan liya-liyane. Nanging aku seneng banget dolanan Selurutan.
Wektu kula ing TK niku wonten guru ingkang kula trisnani yaiku. Guru nyanyi lan gambar. Bu Tutik tau maringi kula kado waktu kula ulang tahun,  isinipun kado iku yaiku peralatan tulis . Ndekmbiyen yen kula durung di jemput, kula dintosi bude kula lan dulur kula ngantos kula dipapak Utawa kulo mlaku kaleh konco konco. Sakwise kula lulus TK, kula sekolah ing SDN 01 Gabus.
Wektu  kula kelas 1 kula wedi marang guru sing pol galak ngantos apian sing asmane Pak Matius Suwegnyo sing biasane diundang “Pak Weg”, amarga Pak Wig sing gadah kumis kang medeni aku. Wektu kula sekolah ing SDN 01 Gabus akeh banget kedadean sing gak tak duga misale, pas kelas 6 awal semester ing sekolahan dianakno pemilihan lomba Karawitan, kula kepilih. Wektu niku kula latihan terus nganti arep lomba. Wektu lomba kulo kantos grogi lan wdi nek mboten kantos piala. Kulo lan rencang rencang kulo ngenteni woro-woro lan dungokake sing menang sinten.bar wonten ono woro woro kelompok kulo angsal juara kalih .Wektu kula kelas 6 bulan Mei kula Ujian Sekolah, sak durunge Ujian Sekolah wonten tes sing jenenge Tryout. Pas wektune Tryout lan Ujian Sekolah rasane atiku deg-degan soale iku ujian pertamaku lan ujian niku sing nentoake kula lulus utawi mboten. Sakwise wonten Ujian Sekolah, ing sekolahanku dianakke perpisahan sekolah. Kula lan rencang-rencang kula latihan kangge pentas perpisahan. Rencang-rencang kulo ngadak ake derama “TIMUN EMAS “ lan di iringi karawitan .Puji syukur wektu pentas perpisahan niku lancer mboten wonten nopo-nopo.
Sakwise  niku kula daftar sekolah wonten SMP NEGERI 1 GABUS. Amargi cedak kalihan dalem kula lan niku sekolah terfavorit. Kula bangga saget ketampi ing sekolahan niku. Ngantos niki kula kelas sampun kelas 9 lan badhe ujian nasional. Kulo mung saget dongo mugi mugi lancer lan entk biji sing apik.


Ujian Praktik 2016
Nama   : Desi Fitri Ani
Kelas   : 9E
No.Abs.: 11

Comments

Subscribe Us