Crita Mulabukane Desa Sugihrejo

Jaman biyen sakdurunge jeneng desa Sugihrejo ana, ing kono dhukuh yaiku popoh, pasinggahan, kinjeng, lan paras. Critane mbah Guder yaiku sesepuh ing dukuh Popoh, lan sing njaga dukuh. Popoh perang karo desa Gabus. Perang iku paling dahsyat amargane nggunakna keris pusaka kang sekti mandraguna. Ing peperangan kuwi dijalari amerga anane salah paham, langsung wong desa Gabus iku mbales nginting-inting, ngajak para warga desa Gabus karep mbales mring warga Popoh. Paprangane suwe banget nganti akhire mapak ing retek, akeh wong sing mati salah sijine yaiku mbah Guder (sesepuh ing dukuh Popoh). Mbah Guder mati amarga ditusuk keris kang sakti kuwi lan jasade dimkamno ing sekitar retek popoh. Nganti saiki retek iku diwenehi jeneng retek Guder. Amarga arwah mbah Guder saiki njaga dukuh Popoh ing sekitar retek saka serangan desa liya. Nanging makame mbha Guder dipindah para ulama ing tengah sawah, malah arwahe mbah Guder ora gelem ing tengah sawah. Berkat jerih payahe mbah guder nganti saiki diwenehi jeneng dukuh Popoh.
Keris kang sekti banget kuwi sing digunakake perang disinggahke ing omahe mbah selamet. panggonane mbah selamet yaiku panggon kang biasane dienggo singgah sehingga akhire diwenehi jeneg dukuh Pasinggahan. Ing perjalanan bali sekelompok wong sing nyinggahke keris dialangi para penjahat. Penjahat iku ngubengake cemetine ben wong mau padha wedi. Ing tengah sawah ana omah gedek cilik, ing kono dienggo delik wong sing nyinggahake keris mau karo nginjeng saka omah mau. Suwe suwe wong sing ing jero omah kuwi ilang lan dijenengake dukuh kinjeng.
Sawise masalah iku wis tamat,mbah metro guna dadi pempin ing desa kang ora ana jenenge. ana 20 omah lan 60 jiwa manungso kang urip ing deso kuwi. Langsung mbah metro guna kang wis sepuh diganti karo mbah sarman pas dukuh papat mau dicekel mbah sarman rakyate padha sugih-sugih lan akeh pekerjaan ing desa kuwi. Akeh wong saking desa liya teka ing kono kanggo luru pagawean langsung dimusyawarahke papat dukuh mau didadekna siji lan diwenehi jeneng desa Sugihrejo.

Ujian Praktik 2016
Agnes Andariesta P. / 9D / 01

Comments

Subscribe Us